Pengantar Bagian 13
Yésus teka ing bumi kanggo nebus manungsa. Senajan mati, Yésus wis ngalahké donya. Yéhuwah setya karo Yésus. Mula, Yéhuwah nguripké Yésus manèh. Yésus rendah hati. Buktiné, dhèwèké gelem nglayani wong liya lan ngapura wong-wong sing tau gawé kesalahan. Sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni murid-muridé. Dhèwèké mènèhi gawéan sing penting kanggo murid-muridé lan ngajari carané nindakké gawéan kuwi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk awaké dhéwé kudu nindakké gawéan sing padha.