PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • CO-pgm16 hlm. 7-8
  • Katrangan kanggo sing Teka

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Katrangan kanggo sing Teka
  • Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2016
  • Subjudhul
  • RAPAT KUSUS
  • KATRANGAN KANGGO SING TEKA
Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2016
CO-pgm16 hlm. 7-8

Katrangan kanggo sing Teka

RAPAT KUSUS

NGABDI ING BÈTÈL Penginjil sing umuré 35 taun utawa kurang lan sing kepéngin ngabdi ing Bètèl isa ngupaya teka ing rapat kanggo sing péngin nglamar ing Bètèl dina Jumat awan. Bakal ana wara-wara bab panggonan lan wektuné.

SEKOLAH KANGGO PENGINJILÉ KRATONÉ ALLAH Perintis umur 23 nganti 65 taun sing péngin digunakké luwih akèh ing gawéan nginjil isa teka ing rapat kanggo sing nglamar Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah ing dina Minggu awan. Bakal ana wara-wara bab panggonan lan wektuné.

KATRANGAN KANGGO SING TEKA

PETUGAS TATA TERTIB Petugas tata tertib ditugasi kanggo ngréwangi panjenengan. Manuta arahané bab parkir, mlebu metu saka panggonan kebaktian, nyisihké kursi, lan liya-liyané.

ACARA BAPTISAN Nèk ora ana owah-owahan, kursi kanggo sing arep dibaptis disedhiyakké nèng ngarep panggung. Sing arep baptis kudu lungguh nèng kono sakdurungé ceramah baptisan dina Setu ésuk. Aja lali nggawa andhuk lan klambi ganti sing pantes.

SUMBANGAN Akèh ragad sing dibutuhké kanggo nyéwa kursi, tata swara, piranti vidhéo lan kabutuhan liyané bèn acara kebaktian iki dadi nyenengké lan nggawé awaké dhéwé saya cedhak karo Yéhuwah. Sumbangan saka lilané ati panjenengan dibutuhké kanggo ngragadi kuwi lan ndhukung gawéan nginjil sakdonya. Supaya gampang, ana kothak-kothak sumbangan sing didèlèh nèng akèh panggonan ing kebaktian iki. Pira waé sumbangan panjenengan mesthi diajèni. Pengurus Pusat matur nuwun merga panjenengan gelem ndhukung gawéan Kratoné Allah.

P3K Kudu diéling-éling, bagéan iki mung kanggo KAHANAN SING DARURAT.

BARANG SING ILANG LAN DITEMOKKÉ Kabèh barang sing ilang lan ditemokké isa digawa nèng Bagéan Barang sing Ilang lan Ditemokké. Nèk panjenengan kélangan barang, maraa nèng bagéan iki lan sebutna barang apa sing ilang. Bocah-bocah sing ilang lan kesasar isa digawa nèng bagéan iki. Ning, bagéan iki dudu kanggo nitipké bocah-bocah. Wong tuwa kudu terus ngawasi lan njaga anak-anaké.

LUNGGUHAN Tepa sliraa karo sedulur liyané. Kursi mung olèh disisihké kanggo sing sak kendharaan, sak omah, utawa kanggo sing sinau Alkitab karo panjenengan. Tulung aja ndèlèh barang-barang nèng kursi sing ora panjenengan lungguhi.

BAGÉAN SING NYEDHIAKKÉ TENAGA Nèk panjenengan péngin ngréwangi gawéan sing ana kaitané karo acara kebaktian, kandhanana Bagéan Katrangan lan Bagéan sing Nyedhiakké Tenaga.

Dianakké déning Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim