LAGU 52
Janji Ngabdi
Vèrsi Tercétak
1. Allah Huwah sing nyiptakké
bumi sak isiné.
Langit ya Huwah ciptakké,
Karyané tangané.
Manungsa ya diciptakké,
Mula diélingké,
Kudu nresnani lan ngluhurké
mung Allah Huwah waé.
2. Yésus dibaptis ing kali,
Bukti janji ngabdi,
Lan siap kanggo nglakoni
mung préntahé Gusti.
Yésus metu saka kali
lan nampa roh suci.
Yésus janji bakal t’rus ngabdi,
Terus nyenengké Gusti.
3. Gedhé banget katresnan-Mu,
Ngorbanké anak-Mu.
’Ku péngin dadi abdi-Mu,
Ngluhurké jeneng-Mu,
’Ku péngin manut hukum-Mu,
Nglakoni préntah-Mu.
Mung ’nggo Huwah urip matiku,
Ora kanggo awakku.
(Deloken Mat. 16:24; Mrk. 8:34; Luk. 9:23.)