PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • scl hlm. 3-5
  • Pengantar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pengantar
  • Tuntunan saka Alkitab
Tuntunan saka Alkitab
scl hlm. 3-5

Pengantar

Buku Tuntunan saka Alkitab isa mbantu njenengan nemokké ayat-ayat lan kisah-kisah ing Alkitab sing cocog karo situasiné njenengan. Buku iki ya isa mbantu njenengan kanggo nguwatké wong liya lan mbantu meréka bèn isa nggawé keputusan sing bener. Njenengan isa nggolèki topik sing njenengan butuhké. Ing saben topik ana pertanyaan lan keterangan singkat soal kisah-kisah ing Alkitab. (Deloken kothak ”Carané Nganggo Buku Iki”.) Ing buku iki ana ayat-ayat sing isa nyemangati, naséhat, lan tuntunan saka Alkitab sing bermanfaat. Ayat-ayat ing buku iki isa njenengan gunakké kanggo nyemangati wong liya, ngekèki saran kanggo sing lagi ngadhepi masalah, lan ngekèki naséhat.

Carané Nganggo Buku Iki

Nèk arep nggolèki topik, njenengan isa nggunakké kothak pencarian utawa milih langsung saka kategoriné. Ing buku Tuntunan saka Alkitab ana pitu kategori: Kesulitan, Tingkah Laku, Jemaat, Urip Saben Dina, Keluarga, Kerohanian, lan Sifat-Sifat. Pilihen kategoriné terus pilihen topik sing njenengan golèki. Nèk ora ngerti topik kuwi ana ing kategori endi, pilihen Kabèh Topik. Ing saben topik ana pertanyaan utawa keterangan sing dicétak kandel. Terus ing ngisoré ana ayat-ayaté. Ayaté ngekèki penjelasan soal keterangan kuwi lan njawab pertanyaan-pertanyaané. Nèk ana tulisan ”cathetan ngisor” sakwisé ayat, njenengan isa maca cathetan ngisor saka ayat kuwi. Ana topik-topik sing dibagi dadi beberapa bagéan bèn njenengan luwih gampang nemokké keterangan sing dibutuhké. Kadhang ana ayat-ayat sing ditambahké kanggo topik tertentu lan kuwi dimulai nganggo kata ”Deloken”. Terus ana bagéan ”Kisah ing Alkitab”, ing bagéan kuwi ana ayat lan keterangan singkat soal kisah ing ayaté. Nèk maca ayat lan keterangané, njenengan dadi ngerti tuntunan ing Alkitab lan isa ngetrapké kuwi.

Mémang, ora saben ayat sing berkaitan karo topiké ditulis ing buku iki. Tapi, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka ayat-ayat sing ana ing kono. (WB 2:​1-6) Misalé, njenengan isa maca réferènsi silang saka ayat-ayat kuwi lan maca keterangan tambahan ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru. Bèn isa luwih paham ayat-ayat ing Alkitab, njenengan isa maca bagéan ”Ayat-Ayat Dijelaské” ing Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah utawa Indeks Publikasi Menara Pengawal. Wacanen keterangan paling anyar soal ayat-ayat kuwi.

Muga-muga buku iki isa mbantu njenengan dadi wong sing luwih wicaksana lan nduwé akèh pengetahuan soal ayat Alkitab. Nèk sinau buku iki, njenengan bakal dadi saya yakin nèk ”omongané Gusti Allah kuwi urip lan nduwé kuwasa sing gedhé banget”.—Ibr 4:12.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim