Perayaan lan Peringatan
Perayaan sing dirayakké wong-wong Kristen
Wong Kristen mung ngrayakké apa?
Umaté Yéhuwah seneng ngumpul kanggo ngibadah
Kisah ing Alkitab:
2Bb 30:1, 6, 13, 14, 18-27—Raja Hizkia ngongkon wong Israèl ngrayakké Paskah
Perayaan sing ora éntuk dirayakké wong Kristen
Ngapa kok ora éntuk ngrayakké perayaan sing ana hubungané karo agama palsu?
1Kor 10:21; 2Kor 6:14-18; Éf 5:10, 11
Deloken ”Mèlu Kegiatan Agama Liya”
Kisah ing Alkitab:
Pa 32:1-10—Yéhuwah nesu banget wektu ngerti wong Israèl nyembah patung lan nganggep nèk kuwi perayaan kanggo Yéhuwah
Wi 25:1-9—Yéhuwah ngukum umaté merga meréka hubungan sèks karo sing ora nyembah Yéhuwah lan mèlu perayaané wong-wong kuwi
Ngapa wong Kristen ora ngrayakké Natal?
Kisah ing Alkitab:
Luk 2:1-5—Yésus lair pas pamréntah Roma ngongkon kabèh wong sing ana ing kerajaané didaftar. Ora masuk akal nèk pamréntah Roma ngongkon wong Yahudi lunga pas musim dingin utawa udan
Luk 2:8, 12—Pas Yésus lair, para gembala lagi ing lapangan lan njaga domba-dombané pas bengi. Dadi ora mungkin nèk Yésus lair sasi Desember merga wektu kuwi musim dingin
Apa wong Kristen éntuk ngrayakké ulang taun?
Kisah ing Alkitab:
PD 40:20-22—Firaun ngrayakké ulang taun lan ana sing dipatèni
Mat 14:6-11—Pas ngrayakké ulang taun, Raja Hérodès sing sengit karo wong Kristen, matèni Yohanes Pembaptis
Perayaan sing ditulis ing Hukum Musa
Apa wong Kristen jaman saiki isih ngrayakké perayaan sing ditulis ing Hukum Musa?
Deloken Gal 4:4, 5, 9-11; Ibr 8:7-13; 9:1-3, 9, 10, 24
Apa wong Kristen isih kudu ngrayakké Sabat saben minggu?
Deloken Pa 31:16, 17
Memperingati hari besar nasional
Apa wong Kristen éntuk memperingati pergerakan politik lan sosial?
Apa wong Kristen éntuk memperingati perayaan sing ana hubungané karo perang?
Deloken ”Pamréntah—Wong Kristen Ora Mèlu-Mèlu Urusan Politik” lan ”Perang”
Apa wong Kristen éntuk mèlu perayaan utawa upacara sing tujuané kanggo ngunggul-unggulké wong-wong sing dianggep penting?
Kisah ing Alkitab:
Kis 12:21-23—Wektu dipuji-puji lan diluhurké wong liya, Raja Hérodès Agripa I meneng waé lan akhiré dihukum karo Gusti Allah
Kis 14:11-15—Barnabas karo Paulus ora gelem diunggul-unggulké lan disembah
Why 22:8, 9—Malaékaté Yéhuwah ora gelem disembah