Manut
Kenapa kok kudu manut?
Pa 19:5; PT 10:12, 13; Pkh 12:13; Yak 1:22
Kisah ing Alkitab:
1Sam 15:17-23—Nabi Samuèl ngekèki naséhat sing tegas kanggo Raja Saul merga dhèwèké ora manut. Samuèl ya ngandhani nèk manut kuwi luwih penting
Ibr 5:7-10—Yésus terus manut karo Yéhuwah. Pas ing bumi dhèwèké ya tetep manut karo Yéhuwah meskipun ngadhepi akèh kesusahan
Nèk pamréntah ngongkon ora manut karo Yéhuwah, umaté Yéhuwah kuduné piyé?
Kisah ing Alkitab:
Dan 3:13-18—Meskipun isa waé dipatèni, tapi Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora gelem nyembah patung sing digawé Nébukhadnézar
Mat 22:15-22—Yésus ngandhani murid-muridé nèk kudu manut karo pamréntah, sing penting kuwi ora nglanggar pathokané Yéhuwah
Kis 4:18-31—Para rasul tetep nginjil meskipun pamréntah ngongkon meréka mandheg nginjil
Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa terus manut Yéhuwah?
PT 6:1-5; Mzm 112:1; 1Yoh 5:2, 3
Deloken Mzm 119:11, 112; Rm 6:17
Kisah ing Alkitab:
Ézr 7:7-10—Ézra nduwé tékad kanggo terus manut Hukumé Yéhuwah. Kuwi dadi conto kanggo wong Israèl
Yoh 14:31—Yésus njelaské alesané dhèwèké manut karo Yéhuwah
Awaké dhéwé manut karo Yéhuwah lan Yésus merga apa?
Kenapa manut kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé iman?
Rm 1:5; 10:16, 17; Yak 2:20-23
Deloken PT 9:23
Kisah ing Alkitab:
PD 6:9-22; Ibr 11:7—Nuh manut karo préntahé Yéhuwah kanggo nggawé kapal. Kuwi bukti nèk dhèwèké beriman
Ibr 11:8, 9, 17—Merga nduwé iman, Abraham manut karo préntahé Yéhuwah kanggo lunga saka kutha Ur lan ngorbanké anaké siji-sijiné
Apa berkahé nèk manut Yéhuwah?
Kisah ing Alkitab:
Km 26:3-6—Yéhuwah janji nèk bakal mberkahi lan ngopèni wong-wong sing manut karo Dhèwèké
Wi 13:30, 31; 14:22-24—Kalèb manut lan diberkahi Yéhuwah
Apa akibaté nèk ora manut?
Kisah ing Alkitab:
PD 2:16, 17; 3:17-19—Merga ora manut karo Yéhuwah, Adam karo Hawa diusir saka taman Èden, ora sampurna manèh, lan ora isa urip saklawasé
PT 18:18, 19; Kis 3:12, 18, 22, 23—Yéhuwah ngomong nèk mengko bakal ana Nabi sing kaya Musa lan wong-wong sing ora manut karo Nabi kuwi bakal dimusnahké
Yud 6, 7—Para malaékat sing mbrontak lan wong-wong Sodom karo Gomora ora manut lan nggawé Yéhuwah nesu
Kenapa awaké dhéwé kudu manut karo Yésus?
Kisah ing Alkitab:
Yoh 12:46-48; 14:24—Yésus ngandhani nèk ora manut karo ajarané, mengko wong kuwi bakal diadili
Kenapa kudu manut karo para pinituwa?
Kenapa istri kudu manut karo suami?
Kenapa anak-anak kudu manut karo wong tuwa?
Kisah ing Alkitab:
PD 37:3, 4, 8, 11-13, 18—Yusuf manut karo bapaké. Dhèwèké gelem marani kakang-kakangé meskipun kakang-kakangé benci karo dhèwèké
Luk 2:51—Meskipun Yésus sampurna, tapi dhèwèké tetep manut karo Maria lan Yusuf sing ora sampurna