PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • scl hlm. 44-45
  • Lansia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Lansia
  • Tuntunan saka Alkitab
Tuntunan saka Alkitab
scl hlm. 44-45

Lansia

Nèk wis tuwa piyé keadaané?

Mzm 71:9; 90:10

Deloken ”Penghiburan—Nduwé keterbatasan merga lara utawa wis tuwa”

  • Kisah ing Alkitab:

    • Pkh 12:​1-8—Salomo nulis, ”Wong wédok ndelok saka jendhéla ning mung weruh peteng.” Kuwi maksudé wong sing wis tuwa mripaté wis blawur. Terus Salomo ya nulis, ”Cah-cah wédok nyanyi nganggo swara sing alon banget.” Kuwi nduduhké nèk wong sing wis tuwa suwé-suwé isa budheg

Apa lansia isa tetep bahagia meskipun nduwé keterbatasan?

2Kor 4:​16-18; Yak 1:​2-4

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 12:​2, 23—Samuèl sing wis tuwa terus ndongakké umaté Yéhuwah

    • 2Sam 19:​31-39—Raja Daud menghargai Barzilai sing wis tuwa merga Barzilai terus ndhukung Daud. Barzilai rendah hati lan ngomong karo Daud nèk dhèwèké ora sanggup nglayani Daud ing Yérusalèm

    • Mzm 71:​9, 18—Daud sing wis tuwa njaluk bèn Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. Daud njaluk kekuwatan saka Yéhuwah bèn dhèwèké isa nyritakké kuwasané Yéhuwah karo wong-wong

    • Luk 2:​36-38—Nabi sing wis tuwa sing jenengé Hana, diberkahi merga terus nglayani Yéhuwah

Apa buktiné nèk Yéhuwah menghargai para lansia?

Mzm 92:​12-14; WB 16:31; 20:29; Yés 46:4; Tit 2:​2-5

  • Kisah ing Alkitab:

    • PD 12:​1-4—Pas Abraham umur 75 taun, Yéhuwah ngongkon dhèwèké lunga saka Haran

    • Dan 10:​11, 19; 12:13—Ana malaékat sing nguwatké Nabi Danièl sing umuré 90-an. Malaékat kuwi ngomong nèk Danièl berharga kanggo Yéhuwah lan Danièl bakal diberkahi merga terus setya

    • Luk 1:​5-13—Merga diberkahi Yéhuwah, Zakharia lan Èlisabèt sing wis tuwa isa nduwé anak sing jenengé Yohanes

    • Luk 2:​25-35—Yéhuwah mberkahi Siméon sing wis tuwa. Siméon isa ndelok Yésus sing isih bayi sing mengko bakal dadi Mésias. Siméon ya ngekèki ramalan soal Yésus

    • Kis 7:​23, 30-36—Pas dikon Yéhuwah mimpin wong Israèl, Musa umuré wis 80 taun

Sikapé awaké dhéwé kuduné piyé karo lansia?

Km 19:32; 1Tim 5:1

  • Kisah ing Alkitab:

    • PD 45:​9-11; 47:12—Yusuf nyedhiakké kebutuhané Yakub sing wis tuwa lan ngopèni Yakub nganti mati

    • Rut 1:​14-17; 2:​2, 17, 18, 23 —Rut ngancani Naomi sing wis tuwa. Dhèwèké ya menghibur Naomi

    • Yoh 19:​26, 27—Sakdurungé mati, Yésus njaluk Yohanes bèn ngopèni Maria sing wis tuwa

Piyé carané mbantu sedulur-sedulur lansia ing jemaat?

1Tim 5:​3-5, 8-10, 16; Yak 2:​14-17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim