PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lmd pelajaran 9
  • Isa Ngrasakké sing Dirasakké Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Isa Ngrasakké sing Dirasakké Wong Liya
  • Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Conto saka Yésus
  • Sing Isa Dipelajari saka Yésus
  • Carané Niru Yésus
  • Nduduhké Sikap Perduli
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Mèlu Ngrasakké Apa sing Dirasakké Wong Liya
    Gatèkna!—2020
  • Apikan
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Gusti Allah Nduwé Empati
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Delok Kabèh
Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
lmd pelajaran 9

MUPUK MINAT

Yésus karo murid-muridé mudhun saka prau lan marani wong-wong sing wis padha ngentèni ing pinggir pantai.

Mrk. 6:​30-34

PELAJARAN 9

Isa Ngrasakké sing Dirasakké Wong Liya

Ayat: ”Kowé kudu ngrasa bahagia karo wong sing bahagia, lan nangis karo wong sing nangis.”—Rm. 12:15.

Conto saka Yésus

Yésus karo murid-muridé mudhun saka prau lan marani wong-wong sing wis padha ngentèni ing pinggir pantai.

VIDÉO: Yésus Ngrasa Mesakké Wektu Ndelok Kumpulan Wong Akèh

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Markus 6:​30-34. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1. Ngapa kok Yésus karo para rasulé ora péngin ketemu wong akèh sik?

  2. Apa sing akhiré marakké Yésus gelem mulang wong-wong kuwi?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Nèk isa ngrasakké sing dirasakké wong liya, awaké dhéwé fokusé ora mung nyampèkké kabar apik tapi ya gelem mikirké kebutuhané wong liya.

Carané Niru Yésus

3. Ngrungokké tenanan. Nèk wongé lagi nyritakké perasaané, kekuwatirané, utawa nèk dhèwèké ngomong ora setuju, ya dirungokké sik. Aja dipedhot utawa disepèlèkké. Nèk ngrungokké tenanan, njenengan mbuktèkké nèk perduli karo sing dhèwèké pikirké.

4. Mikirké wong kuwi. Saka sing njenengan gatèkké selama omong-omongan karo wong kuwi, pikirna:

  1. ’Ngapa ya kok dhèwèké perlu ngerti ajaran sing bener?’

  2. ’Nèk dhèwèké sinau Alkitab, apa manfaaté kanggo dhèwèké saiki lan sukmbèn?’

5. Ngrembug hal-hal sing bermanfaat kanggo wong kuwi. Nèk isa, ndang duduhna nèk sinau Alkitab kuwi isa marakké dhèwèké ngerti keterangan-keterangan lan saran-saran sing bermanfaat kanggo dhèwèké.

DELOKEN AYAT LIYANÉ

Rm. 10:​13, 14; Flp. 2:​3, 4; 1 Ptr. 3:8

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim