PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lmd pelajaran 12
  • Wani Ngandhani

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wani Ngandhani
  • Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Conto saka Yésus
  • Sing Isa Dipelajari saka Yésus
  • Carané Niru Yésus
  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Loro
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • ”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
lmd pelajaran 12

NDADÈKKÉ MURID

Yésus ngandhani wong lanang sing sujud ing ngarepé lan para muridé, tapi carané alus.

Mrk. 10:​17-22

PELAJARAN 12

Wani Ngandhani

Ayat: ”Kanca sing tulus mènèhi naséhat kuwi kaya minyak lan dupa sing nggawé ati seneng.”—WB. 27:9.

Conto saka Yésus

Yésus ngandhani wong lanang sing sujud ing ngarepé lan para muridé, tapi carané alus.

VIDÉO: Yésus Ngandhani Wong Lanang Enom sing Sugih

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Markus 10:​17-22. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1. Isa waé Yésus ndelok wong lanang kuwi nduwé sifat-sifat apik apa?

  2. Bèn isa ngekèki naséhat wong lanang kuwi, ngapa kok Yésus kudu wani terus terang tapi carané ya tetep apik?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Mémang, awaké dhéwé sayang karo sing sinau Alkitab. Tapi bèn dhèwèké ndang maju, awaké dhéwé ya kudu wani ngandhani.

Carané Niru Yésus

3. Sing sinau Alkitab diajari nggawé rencana lan dikandhani apa sing kudu diupayakké bèn rencanané berhasil.

  1. Gunakna fitur ”Rencana” ing saben pelajaran buku Bahagia Saklawasé.

  2. Rembugen soal rencana apa waé sing isa langsung dhèwèké capai lan sing butuh wektu luwih suwé kanggo mencapai kuwi.

  3. Saben dhèwèké nggawé kemajuan, kudu kerep dipuji.

4. Digolèki sing nyebabké dhèwèké ora maju-maju kuwi apa, terus dibantu kanggo ngatasi kuwi.

  1. Pikirna:

    • ’Apa ya sing marakké dhèwèké ora ndang maju lan dibaptis?’

    • ’Piyé ya carané mbantu dhèwèké?’

  2. Ndonga bèn wani terus terang ngandhani dhèwèké lan bèn pas nyampèkké kuwi carané tetep apik.

5. Nèk tetep ora maju, sinauné diendhegké waé.

  1. Bèn isa ngerti sing sinau kuwi nggawé kemajuan apa ora, pikirna:

    • ’Apa dhèwèké ngetrapké sing wis dipelajari?’

    • ’Apa dhèwèké gelem teka ing pertemuan ibadah lan nyritakké sing wis dipelajari?’

    • ’Nèk sinauné wis suwé, apa dhèwèké bener-bener péngin dadi Seksi Yéhuwah?’

  2. Nèk sing sinau Alkitab ora gelem nggawé kemajuan:

    • Kongkonen dhèwèké mikirké apa sing kira-kira marakké dhèwèké ora ndang maju.

    • Ngomonga apik-apik ngapa kok njenengan ngendhegké sinauné.

    • Kandhanana apa sing kudu dhèwèké upayakké sik nèk péngin sinau manèh.

DELOKEN AYAT LIYANÉ

Mzm. 141:5; WB. 25:12; 27:6; 1 Kor. 9:26; Kol. 4:​5, 6

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim