PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w15 1/10 hlm. 5
  • Alesané Gusti Allah Ngongkon Manungsa Ndonga

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Alesané Gusti Allah Ngongkon Manungsa Ndonga
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Gusti Allah péngin manungsa dadi kancané.
  • Gusti Allah péngin mbantu panjenengan.
  • Manungsa péngin cedhak karo Gusti Allah.
  • Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Njenengan?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Apa Yéhuwah Ngrungokké Donga?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Kenapa Kudu Ndonga?
    Pitakonané Cah Enom
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
w15 1/10 hlm. 5

SING UTAMA DIREMBUG | APA NDONGA KUWI ANA GUNANÉ?

Alesané Gusti Allah Ngongkon Manungsa Ndonga

Gusti Allah péngin manungsa dadi kancané.

Wong kekancan kuwi kudu kerep ngobrol, bèn saya akrab. Semono uga, Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngobrol bèn isa dadi kanca akrabé. Gusti Allah ngendika, ”Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.” (Yérémia 29:12) Wektu panjenengan ndonga, panjenengan isa nyedhaki Gusti Allah lan ”Gusti Allah bakal nyelaki kowé.” (Yakobus 4:8) Alkitab mènèhi jaminan nèk ”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong sing nyebut marang asmané”. (Jabur 145:18) Nèk kerep ndonga, awaké dhéwé isa saya akrab karo Gusti Allah.

”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong sing nyebut marang asmané.”​—Jabur 145:18

Gusti Allah péngin mbantu panjenengan.

Yésus ngendika, ”Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu, utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula? Dadiné yèn kowé . . . mangreti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang panjenengané.” (Matéus 7:9-11) Gusti Allah péngin panjenengan ndonga, merga Gusti Allah sing ”ngopèni” lan péngin mbantu panjenengan. (1 Pétrus 5:7) Gusti Allah uga péngin panjenengan crita bab masalah sing diadhepi. Alkitab kandha, ”Aja padha nyumelangké bab apa baé, nanging padha lairna sakèhing pepénginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur.”​—Filipi 4:6.

Manungsa péngin cedhak karo Gusti Allah.

Sakwisé diteliti, jebulé manungsa kuwi nduwé kebutuhan ndonga, klebu wong atéis (sing ora percaya karo Gusti Allah) lan wong agnostik (sing ora percaya nèk manungsa isa cedhak karo Gusti Allah).a Kuwi bukti nèk manungsa pancèn digawé, bèn nduwé rasa péngin cedhak karo Gusti Allah. Yésus ngendika, ”Rahayu wong kang mlarat ing budi.” (Matéus 5:3) Salah siji cara bèn isa cedhak karo Gusti Allah, yaiku ndonga.

Nèk ndonga marang Gusti Allah, apa paédahé kanggo awaké dhéwé?

a Taun 2012 Pew Research Center neliti nèk 11 persèn saka wong atéis/agnostik ing Amerika Serikat ndonga paling sithik sesasi pisan.

Apa Waé sing Isa Didongakké?

Alkitab nduduhké nèk awaké dhéwé isa ndonga bab apa waé, klebu:

  • Ngaku Salah ”Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi.”​—Jabur 32:5.

  • Maturnuwun ”Ngucap sokur dhumateng Pangéran Yéhuwah.”​—Jabur 92:2.

  • Muji ”Pangéran Yéhuwah arep dakpuji ing salawasé; pepujian marang Panjenengané tetep ana ing cangkemku.”​—Jabur 34:2.

  • Njaluk Tuntunan ”Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepaken Paduka, awit punika ingkang kawula remeni.”​—Jabur 119:35.

  • Njaluk Kekuwatan ”Kawula mugi Paduka pirsani saha kaparingana sih-piwelas, abdi Paduka mugi Paduka paringi karosan Paduka.”​—Jabur 86:16.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim