PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 Januari hlm. 4
  • Ora Jujur—Apa Pengaruhé?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ora Jujur—Apa Pengaruhé?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ORA DIPERCAYA MANÈH
  • NULARI WONG LIYA
  • Paédahé Nèk Jujur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • ”Jujur ing Kabèh Perkara”
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 Januari hlm. 4

SING UTAMA DIREMBUG | APA SEBABÉ JUJUR?

Ora Jujur—Apa Pengaruhé?

”Biasané masalah isa dirampungi nganggo tumindak ora jujur.”​—Samanta, Afrika Selatan.

Apa panjenengan setuju karo omongané Samanta? Kaya dhèwèké, awaké dhéwé mesthiné wis tau ngadhepi masalah gedhé. Tanggepané awaké dhéwé kanggo ngadhepi masalah kuwi, isa nduduhké pathokan endi sing dinggo. Contoné, mbokmenawa awaké dhéwé ora jujur mung merga péngin dialem wong. Nèk konangan, akibaté mesthi èlèk banget. Gatèkna akibaté nèk ora jujur.

ORA DIPERCAYA MANÈH

Kekancan kuwi dhasaré rasa percaya. Nèk percaya siji lan sijiné, wong-wong kuwi bakal rumangsa aman lan diayomi. Ning, rasa percaya kuwi ora ujug-ujug ana. Wong kekancan isa percaya nèk suwé sesrawungan, kerep omong-omongan, lan ora mentingké awaké dhéwé. Rasa percaya isa rusak, mung merga tumindak ora jujur sepisan waé. Nèk rasa percaya kuwi rusak, angèl didandani manèh.

Apa panjenengan wis tau diapusi karo kanca sing panjenengan tresnani? Nèk wis tau, piyé perasaan panjenengan? Panjenengan mesthi lara ati banget, ta? Kuwi lumrah. Tumindak ora jujur isa ngrusak hubungan sing wis apik.

NULARI WONG LIYA

Profésor saka University of California sing jenengé Robert Innes kandha, ”Tumindak ora jujur kuwi nular.” Tumindak kuwi kaya virus. Nèk panjenengan kekancan karo wong sing seneng ngapusi, panjenengan ya isa ”ketularan”.

Piyé carané bèn ora mèlu-mèlu nindakké sing ora jujur? Alkitab isa mbantu panjenengan. Gatèkna pathokané Alkitab sing bakal dirembug ing kaca sakbanjuré.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim