PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp16 No. 3 hlm. 9
  • Apa Panjenengan Ngerti?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Ngerti?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Nglindhungi, Ngopèni, lan Ora Gampang Nyerah
    Tirunen Imané
  • Pitakonané sing Maca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Yéhuwah Ora Ninggalké Yusuf
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Budhak sing Manut Gusti Allah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
wp16 No. 3 hlm. 9

Apa Panjenengan Ngerti?

Sapa bapaké Yusuf?

Yusuf ngajari Yésus dadi tukang kayu

Yusuf, tukang kayu saka Nasarèt, dadi bapak angkaté Yésus. Ning, sapa bapaké Yusuf? Nèk maca silsilahé Yésus ing buku Matéus, bapaké Yusuf kuwi Yakub, ning ing buku Lukas, Yusuf disebut ”tedhaké [anaké] Èli”. Kok béda katrangané?​—Lukas 3:​23; Matéus 1:​16.

Matéus kandha, ”Yakub peputra Yusuf.” Tembung Yunani sing digunakké ing kono, nerangké nèk Yakub kuwi bapak kandhungé Yusuf. Dadi, Matéus nulis nèk mbah-mbahé Yusuf saka bapak kandhungé kuwi, keturunané Raja Dawud. Kuwi dhasar sing sah nurut hukum nèk Yésus keturunané Dawud.

Ning, Lukas kandha, ”Rama Yusuf, tedhaké Èli.” Tembung ”tedhaké” tegesé isa ”mantu”. Kuwi padha kaya sing ditulis ing Lukas 3:​27 nèk Séaltièl kuwi ”tedhaké Néri,” padhahal bapak kandhungé jenengé Yékhonya. (1 Babad 3:​17; Matéus 1:​12) Séaltièl kayané dadi bojoné anaké wédok Néri sing ora disebut jenengé. Dadi, Séaltièl kuwi mantuné Néri. Yusuf disebut anaké Èli merga dadi bojoné Maryam, anaké wédok Èli. Dadi, Lukas mènèhi katrangan bab mbah-mbahé Yésus saka ibuné, yaiku Maryam. (Rum 1:3) Alkitab mènèhi katrangan sing cetha bab mbah-mbahé Yésus saka Yusuf lan Maryam.

Kain lan pewarna kain apa sing ana ing jamané Alkitab?

Wol sing diwernani, ditemokké ing guwa cedhak laut mati, digawé sakdurungé 135 SM

Wol sing diwernani, ditemokké ing guwa cedhak laut mati, digawé sakdurungé 135 SM

Wuluné wedhus lan unta umum digawé kain ing Timur Tengah jaman mbiyèn. Kain sing paling akèh dinggo yaiku wol. Alkitab sok nyritakké bab wedhus gèmbèl, nyukur wulu we­dhus, lan klambi saka wol. (1 Samuèl 25:2; 2 Para Raja 3:⁠4; Ayub 31:20) Wit rami, sing digawé kain mori, umumé thukul ing Mesir lan Israèl. (Purwaning Dumadi 41:42; Yusak 2:6) Wong Israèl ­jaman mbiyèn ora nandur wit kapas, ning Alkitab nyebutké nèk kain katun dinggo ing Pérsia. (Èster 1:⁠6) Sutra regané larang banget, lan digawa karo para pedagang saka negara Cina, India, lan liyané.​—Wahyu 18:​11, 12.

Buku Jesus and His World kandha, ”Wol wernané macem-macem, saka putih nganti coklat tuwa.” Wol uga diwernani. Pewarna ungu regané larang banget merga digawé saka kerang. Werna abang, kuning, biru, lan ireng digawé saka tanduran, oyot, godhong, lan kéwan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim