PELAJARAN 15
Yéhuwah Ora Ninggalké Yusuf
Pas Yusuf dipenjara, raja Mesir sing disebut Firaun ngimpi. Tapi, ora ana sing isa njelaské arti mimpiné. Salah siji pelayané Firaun ngomong nèk Yusuf isa ngandhani arti mimpiné Firaun. Mula, Yusuf langsung dikon nemoni Firaun.
Firaun ngomong, ’Jelasna arti mimpiku.’ Yusuf njawab, ’Bakal ana akèh bahan pangan ing Mesir nganti pitung taun suwéné. Bar kuwi, bakal ana kelaparan pitung taun. Pilihen wong sing pinter kanggo nyimpen bahan pangan bèn rakyatmu ora kelaparan.’ Terus, Firaun njawab, ’Kowé sing tak pilih! Kowé bakal dadi wong sing kuwasané paling gedhé nomer loro ing Mesir.’ Kok Yusuf isa ngerti arti mimpiné Firaun? Kuwi merga Yusuf dibantu Yéhuwah.
Yusuf ngumpulké bahan pangan nganti pitung taun. Bar kuwi, ana kelaparan ing sak donya, kaya sing wis diomongké Yusuf. Akèh wong teka saka dhaérah-dhaérah liya kanggo tuku bahan pangan saka Yusuf. Yakub ya krungu nèk ana akèh bahan pangan ing Mesir. Mula, Yakub ngongkon sepuluh anaké tuku bahan pangan ing kana.
Anak-anaké Yakub teka ing Mesir. Yusuf langsung ngerti nèk kuwi kakang-kakangé. Tapi, kakang-kakangé ora ngerti nèk kuwi Yusuf. Kakang-kakangé sujud ing ngarepé Yusuf. Kuwi kaya mimpiné Yusuf pas isih enom. Yusuf péngin ngerti apa kakang-kakangé wis berubah. Dadi, Yusuf ngomong, ’Kowé ki mata-mata! Kowé péngin ngerti kelemahané Mesir, ta?’ Kakang-kakangé njawab, ’Ora, Pak. Kami iki kakang adhi saka Kanaan. Kami sak sedulur sakjané ana 12. Tapi, sing siji wis mati. Terus, sing paling cilik ing omah karo Bapak.’ Yusuf njawab, ’Gawanen mréné adhimu sing paling cilik. Bar kuwi, aku lagi percaya.’ Terus, kakang-kakangé mulih.
Pas panganané wis entèk, Yakub ngongkon anak-anaké lunga manèh ing Mesir. Meréka nggawa adhiné sing paling cilik, yaiku Bènyamin. Kanggo nguji kakang-kakangé, Yusuf ngumpetké gelas pérak ing karungé Bènyamin. Terus, Yusuf nudhuh meréka nyolong gelas pérak kuwi. Pas pelayané Yusuf nemokké gelasé ing karungé Bènyamin, kakang-kakangé kagèt. Kakang-kakangé gelem dihukum bèn Bènyamin isa bébas.
Saiki Yusuf ngerti nèk kakang-kakangé wis berubah. Yusuf wis ora isa nahan perasaané. Yusuf nangis, terus ngomong, ’Aku Yusuf, sedulurmu. Apa Bapak isih urip?’ Kakang-kakangé kagèt. Yusuf ngomong, ’Aja ngrasa salah manèh. Gusti Allah sing ngirim aku mréné bèn isa nylametké kowé kabèh. Saiki ajaken Bapak mréné.’
Kakang-kakangé mulih, terus ngandhani bapaké nèk Yusuf isih urip. Bar kuwi, bapaké dijak ing Mesir. Akhiré, Yusuf lan bapaké isa ketemu manèh sakwisé pirang-pirang taun.
”Nèk kowé ora ngapura kesalahané wong liya, kesalahanmu ya ora bakal diapura Bapakmu.”—Matius 6:15