PELAJARAN 14
Budhak sing Manut Gusti Allah
Yusuf lair wektu Yakub wis tuwa. Mula, Yusuf dadi anak kesayangané Yakub. Nurutmu, piyé perasaané sepuluh kakangé Yusuf? Meréka iri lan sengit karo Yusuf. Wektu éntuk mimpi sing anèh, Yusuf crita karo kakang-kakangé. Yusuf ngimpi nèk kakang-kakangé bakal sujud ing ngarepé Yusuf. Kakang-kakangé Yusuf dadi tambah sengit karo dhèwèké.
Wektu kuwi, kakang-kakangé Yusuf lagi njaga domba ing cedhak kutha Syikhèm. Yakub ngongkon Yusuf ndelok keadaané kakang-kakangé. Pas ndelok Yusuf saka kadohan, kakang-kakangé ngomong, ’Lha kuwi si tukang ngimpi! Ayo dipatèni waé!’ Terus, Yusuf dicemplungké ing lubang sing jero. Tapi, salah siji kakangé sing jenengé Yéhuda ngomong, ’Aja! Aja dipatèni! Diedol waé bèn dadi budhak.’ Mula, Yusuf diedol ing pedagang Midian sing arep lunga ing Mesir. Yusuf diregani 20 dhuwit pérak.
Bar kuwi, jubahé Yusuf dicelupké ing getihé kambing. Terus, jubah kuwi diduduhké bapaké. Kakang-kakangé Yusuf ngomong, ’Pak, iki jubahé Yusuf apa dudu?’ Yakub ngira nèk Yusuf wis dipangan kéwan buas. Yakub sedhih banget. Dhèwèké ora gelem dihibur sapa-sapa.
Ing Mesir, Yusuf dituku karo pejabat penting sing jenengé Potifar. Yusuf dadi budhak ing omahé Potifar. Tapi, Yéhuwah terus ndhukung Yusuf. Potifar ndelok nèk Yusuf sregep lan isa dipercaya. Mula, Yusuf diwènèhi tugas ngawasi kabèh hartané Potifar.
Bojoné Potifar ndelok nèk Yusuf kuwi nggantheng lan gagah. Saben dina dhèwèké ngejak Yusuf nindakké hubungan sèks karo dhèwèké. Terus Yusuf piyé? Yusuf ora gelem. Dhèwèké ngomong, ’Wegah! Aku ora éntuk nindakké iki! Aku wis dipercaya karo majikanku lan njenengan kuwi bojoné. Nèk aku turu karo njenengan, berarti aku nggawé dosa.’
Bojoné Potifar akhiré meksa Yusuf. Dhèwèké narik klambiné Yusuf, tapi Yusuf mlayu. Pas Potifar mulih, bojoné ngomong nèk Yusuf arep merkosa dhèwèké. Potifar dadi nesu banget, padahal kuwi ora bener. Yusuf akhiré dilebokké penjara. Tapi, Yéhuwah ora ninggalké Yusuf.
”Mula, kowé kudu ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah sing kuwat, bèn Dhèwèké ngunggulké kowé ing wektu sing ditentokké.”—1 Pétrus 5:6