PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp16 No. 4 hlm. 14-15
  • Apa Panjenengan Gelem Mbandhingké Agama Panjenengan Karo Alkitab?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Gelem Mbandhingké Agama Panjenengan Karo Alkitab?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • CARANÉ MBANDHINGKÉ AGAMANÉ AWAKÉ DHÉWÉ KARO ALKITAB
  • Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
wp16 No. 4 hlm. 14-15

Apa Panjenengan Gelem Mbandhingké Agama Panjenengan Karo Alkitab?

APA panjenengan Kristen? Nèk iya, tegesé panjenengan klebu salah sijiné luwih saka rong milyar wong ing bumi sing ngaku Kristen. Saiki, ana éwon aliran agama Kristen, sing ajaran lan pangertèné béda-béda. Mula, mbokmenawa agama panjenengan béda karo Kristen liyané. Apa panjenengan perlu mriksa agama panjenengan? Mesthiné ngono nèk panjenengan péngin nindakké ajarané Yésus ing Alkitab.

Para muridé Yésus jaman mbiyèn disebut ”Kristen”. (Lelakoné Para Rasul 11:26) Ora ana aliran agama Kristen liyané, merga Kristené mung siji. Kabèh wong Kristen wektu kuwi nindakké ajarané Yésus, sing miwiti agama Kristen. Nèk geréja panjenengan piyé? Apa panjenengan yakin nèk ajaran geréja panjenengan padha karo ajarané Yésus lan padha karo sing dipercaya para muridé Yésus jaman mbiyèn? Piyé carané bèn panjenengan isa yakin? Carané mung siji, yaiku nggunakké Alkitab kanggo mbandhingké.

Coba gatèkna: Yésus Kristus tenanan ngajèni Alkitab merga Alkitab kuwi sabdané Gusti Allah. Yésus ora seneng nèk ana wong sing ngowahi ajaran Alkitab merga ajarané manungsa. (Markus 7:9-13) Mula, awaké dhéwé isa percaya nèk para muridé Yésus sing sejati mesthi nggunakké Alkitab dadi dhasar agamané. Dadi, saben wong Kristen kudu mikirké pitakonan iki, ’Apa ajaran geréjaku cocog karo Alkitab?’ Kanggo njawab pitakonan mau, panjenengan isa mbandhingké ajaran geréja panjenengan karo Alkitab.

Nurut Yésus, dhasar ibadahé awaké dhéwé kudu saka Alkitab. (Yokanan 4:24; 17:17) Rasul Paulus kandha awaké dhéwé isa slamet nèk ”ngerti pitutur sing bener”. (1 Timotéus 2:4, Basa Jawa Suriname [BJS]) Mula, penting banget nggunakké Alkitab dadi dhasar agamané awaké dhéwé, merga kuwi ana hubungané karo urip matiné awaké dhéwé.

CARANÉ MBANDHINGKÉ AGAMANÉ AWAKÉ DHÉWÉ KARO ALKITAB

Panjenengan isa maca nem pitakonan ing kaca 14 lan 15, banjur gatèkna jawabané Alkitab. Bukaken ayat-ayat Alkitab sing dicuplik, lan pikiren jawabané. Banjur, pikiren pitakonan iki, ’Apa ajaran geréjaku cocog karo Alkitab?’

Pitakonan-pitakonan kuwi mbokmenawa isa mbantu panjenengan mbandhingké ajaran agama panjenengan karo Alkitab. Apa panjenengan gelem mbandhingké ajaran liya saka geréja panjenengan karo Alkitab? Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu panjenengan ngerti isiné Alkitab. Panjenengan isa sinau Alkitab gratis, utawa mbukak situs wèb www.jw.org/jv.

1 PITAKONAN: Sapa Gusti Allah kuwi?

JAWABAN: Yéhuwah, bapaké Yésus, Gusti Allah sing ana saklawasé, mahakuwasa, lan nggawé jagat sak isiné.

KANDHANÉ ALKITAB:

”Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, Kang Ramané Gusti kita Yésus Kristus, lan ora pegat tansah ndongakaké kowé.”​—Kolosé 1:3.

”Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yéhuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa déné saganten saisèn-isènipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.”​—Néhémya 9:6.

Deloken uga Yésaya 42:8; Yoèl 2:32; 1 Timotéus 1:17.

2 PITAKONAN: Yésus Kristus kuwi sapa?

JAWABAN: Yésus kuwi putra mbarepé Gusti Allah. Yésus digawé Gusti Allah, mula ana wiwitané. Yésus manut karo Gusti Allah lan nindakké kersané.

KANDHANÉ ALKITAB:

”Sang Rama iku ngluwihi Aku.”​—Yokanan 14:28.

”Sang Kristus dadi wewujudané Gusti Allah sing ora katon mau. Sang Kristus dadi Putra mbarep sing luwih unggul ketimbang karo samubarang sing katitahaké déning Gusti Allah.”​—Kolosé 1:15, Basa Jawi Padintenan.

Deloken uga Matéus 26:39; 1 Korinta 15:28.

3 PITAKONAN: Roh Suci kuwi apa?

JAWABAN: Roh suci kuwi kuwasané Gusti Allah sing digunakké kanggo nindakké kersané. Roh suci dudu wong utawa makhluk roh. Manungsa isa dikèki roh suci lan ngrasakné kuwasané.

KANDHANÉ ALKITAB:

”Élisabèt krungu uluk-salamé Maryam, bayi kandhutané nggronjal, wasana Élisabèt banjur kapenuhan ing Roh Suci.”​—Lukas 1:41.

”Kowé bakal nampa kekuwatan nèk Roh Sutyi medun lan ngwasani kowé.”​—Lelakoné Para Rasul 1:8, BJS.

Deloken uga Purwaning Dumadi 1:2; Lelakoné Para Rasul 2:1-4; 10:38.

4 PITAKONAN: Kratoné Gusti Allah kuwi apa?

JAWABAN: Kratoné Gusti Allah yaiku pamréntahan ing swarga, lan Yésus sing dadi rajané. Ora suwé manèh, kraton iki bakal mujudké kersané Gusti Allah ing bumi.

KANDHANÉ ALKITAB:

”Bareng malaékat kang kapitu ngungelaké kalasangkané, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkéné: ’Papréntahan ing donya iku kaasta déning Pangéran kita lan Sang Jebadané, sarta Panjenengané bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawasé.’”​—Wahyu 11:15.

Deloken uga Dhanièl 2:44; Matéus 6:9, 10.

5 PITAKONAN: Apa kabèh wong apik bakal munggah swarga?

JAWABAN: Ora. Manungsa sing setya sing munggah swarga cacahé mung sithik. Wong-wong kuwi disebut ”pepanthan cilik”, sing dipilih Gusti Allah munggah swarga. Wong-wong kuwi bakal dadi raja bareng Yésus mréntah bumi.

KANDHANÉ ALKITAB:

”Aja padha wedi, héh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringaké Kraton iku marang kowé.”​—Lukas 12:32.

”Wong iku . . . bakal padha dadi imamé Gusti Allah lan Sang Kristus, sarta bakal ndhèrèk jumeneng ratu kalawan Panjenengané.”​—Wahyu 20:6.

Deloken uga Wahyu 14:1, 3.

6 PITAKONAN: Apa kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa?

JAWABAN: Wektu Kratoné Gusti Allah mréntah, bumi bakal dadi pirdus lan manungsa sing setya bakal sampurna lan urip ayem tentrem saklawasé.

KANDHANÉ ALKITAB:

”Wong kang andhap-asor iku bakal padha olèh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih.”​—Jabur 37:10, 11.

”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana; amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.”​—Wahyu 21:3, 4.

Deloken uga Jabur 37:29; 2 Pétrus 3:13.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim