PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 1 hlm. 5-6
  • Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Buku sing Isa Dingertèni
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Apa Panjenengan Nggunakké JW Library?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 1 hlm. 5-6
Wong wédok nggunakké sarana-sarana kanggo sinau Alkitab

BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB

Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?

Piyé perasaané panjenengan wektu maca Alkitab? Bosen? Utawa seneng? Ayo dirembug piyé carané bèn maca Alkitab kuwi isa dadi luwih nyenengké.

Pilihen terjemahan Alkitab sing basané modhèren lan isa dipercaya. Panjenengan mesthi ora seneng maca buku sing basané kuna lan angèl dingertèni. Dadi, panjenengan isa nggolèk Alkitab sing basané gampang dingertèni lan isa mlebu ing ati, ning tetep isa dipercaya lan isiné padha karo asliné.a

Gunakna tèknologi modhèren. Bentuké Alkitab kuwi ora mung buku. Ning, saiki ana uga sing bentuké digital, yaiku sing isa diwaca ing internèt utawa diundhuh ing komputer, tablèt, lan handphone. Ana Alkitab versi digital sing isa mbantu panjenengan mbandhingké karo terjemahan liya utawa ayat liya sing ngrembug bab sing padha. Nèk panjenengan luwih seneng ngrungokké timbang maca, panjenengan isa ngrungokké rekaman Alkitab sing ana ing akèh basa. Akèh wong seneng ngrungokké rekaman Alkitab wektu lagi numpak kendaraan umum, nindakké gawéan omah, utawa kagiyatan liyané. Panjenengan isa nyoba cara-cara sing cocog kanggo panjenengan.

Gunakna sarana-sarana kanggo sinau Alkitab. Sarana-sarana kanggo sinau Alkitab isa mbantu panjenengan éntuk paédah luwih akèh. Contoné, panjenengan isa ndelok péta kanggo nemokké panggonan sing dicritakké ing Alkitab lan mbayangké kahanané. Artikel-artikel ing majalah warta penting utawa ing situs wèb jw.org uga isa mbantu panjenengan éntuk katrangan bab isiné Alkitab.

Pilihen bagéan sing disenengi. Maca Alkitab urut saka ngarep tekan mburi kuwi isa waé ora nyenengké. Mula, panjenengan isa maca dhisik bagéan sing disenengi. Contoné, nèk péngin ngerti bab wong-wong sing kerep dicritakké ing Alkitab, panjenengan isa maca bagéan sing crita bab wong-wong kuwi. Panjenengan isa nyoba nganggo conto-conto sing disebutké ing kothak ”Sinau bab Wong-Wong sing Dicritakké ing Alkitab”. Utawa, panjenengan isa maca nurut topik sing dipéngini utawa nurut kedadéan-kedadéan sing dicritakké ing Alkitab.

a Akèh sing seneng nggunakké Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru merga isiné padha karo asliné, isa dipercaya, lan gampang dingertèni. Alkitab iki digawé karo Seksi-Seksi Yéhuwah lan wis ana ing luwih saka 130 basa. Panjenengan isa ngundhuh Alkitab kuwi saka situs wèb jw.org utawa aplikasi JW Library. Utawa, nèk gelem, panjenengan isa njaluk Alkitab kuwi marang Seksi-Seksi Yéhuwah.

SINAU BAB WONG-WONG SING DICRITAKKÉ ING ALKITAB

Wong-wong wédok sing setya

Abigail

1 Samuèl bab 25

Èster

Èster bab 2-5, 7-9

Hana

1 Samuèl bab 1-2

Maryam

(Ibuké Yésus) Matéus bab 1-2; Lukas bab 1-2; Deloken uga Yokanan 2:1-12; Para Rasul 1:12-14; 2:1-4

Rakhab

Yusak bab 2, 6; deloken uga Ibrani 11:30, 31; Yakobus 2:24-26

Ribkah

Purwaning Dumadi bab 24-27

Sara

Purwaning Dumadi bab 17-18, 20-21, 23; deloken uga Ibrani 11:11; 1 Pétrus 3:1-6

Wong-wong lanang sing isa dadi conto

Abraham

Purwaning Dumadi bab 11-24; deloken uga bab 25:1-11

Dawud

1 Samuèl bab 16-30; 2 Samuèl bab 1-24; 1 Para Raja bab 1-2

Yésus

Injil Matéus, Markus, Lukas, lan Yokanan

Musa

Pangentasan bab 2-20, 24, 32-34; Wilangan bab 11-17, 20, 21, 27, 31; Pangandharing Torèt bab 34

Nuh

Purwaning Dumadi bab 5-9

Paulus

Para Rasul bab 7-9, 13-28

Pétrus

Matéus bab 4, 10, 14, 16-17, 26; Para Rasul bab 1-5, 8-12

Sarana Kanggo Sinau Alkitab Sing Digawé Karo Seksi-seksi yéhuwah

  • JW.ORG—Akèh sarana kanggo sinau Alkitab sing ana ing situs wèb iki. Contoné, buku kanggo sinau Alkitab sing judhulé Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?

  • ”Lihatlah Negeri yang Baik”—Ing brosur iki ana péta lan gambar panggonan-panggonan sing disebutké ing Alkitab. Brosur iki ana ing basa Indonesia lan basa-basa liyané

  • Pemahaman Alkitab—Rong jilid ensiklopedia Alkitab iki mènèhi katrangan bab panggonan, istilah, lan wong-wong sing ana ing Alkitab. Buku iki ana ing basa Indonesia lan basa-basa liyané

  • Alkitab—Apa Isinya?​—Brosur sing isiné 32 halaman iki njelaské ringkesan saka Alkitab. Brosur iki ana ing basa Indonesia lan basa-basa liyané

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim