PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 5 hlm. 4-5
  • Kandhané Alkitab bab Malaékat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kandhané Alkitab bab Malaékat
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Malaékat Mbantu Panjenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Niru Para Malaékat sing Setya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 5 hlm. 4-5
Pimpinané malaékat lan maleksa-leksa malaékat liyané

BAB UTAMA | MALAÉKAT—ANA TENAN APA ORA?

Kandhané Alkitab bab Malaékat

Apa panjenengan péngin ngerti bab para malaékat? Malaékat kuwi sapa, asalé saka ngendi, lan nduwé tugas apa? Kita isa nemokké jawabané ing Alkitab. (2 Timotéus 3:16) Apa kandhané Alkitab?

  • Para malaékat kuwi wujudé roh sing ora kétok, ”ora ana dagingé lan balungé”, kayadéné Gusti Allah. Para malaékat sing setya manggon ing swarga lan isa langsung ngadhep marang Gusti Allah.​—Lukas 24:39; Matéus 18:10; Yokanan 4:24.

  • Kadhang kala, para malaékat isa nggunakké wujud manungsa kanggo nindakké tugas saka Gusti Allah menyang bumi, banjur wujudé malih manèh sakwisé ngrampungké tugasé.​—Para Hakim 6:11-23; 13:15-20.

  • Alkitab nggambarké nèk para malaékat kuwi lanang lan biasané malih wujudé dadi wong lanang. Ning, sakjané ing antarané para malaékat kuwi ora ana lanang utawa wédok. Para malaékat ora kawin lan ngasilké keturunan. Sakliyané kuwi, asal-usulé para malaékat dudu saka bayi, bocah cilik, utawa wong diwasa sing wis mati banjur munggah swarga. Malaékat kuwi digawé karo Yéhuwah, mula disebut ”putraning Allah”.​—Ayub 1:6; Jabur 148:2, 5.

  • Alkitab nyritakké bab ”basané manungsa lan malaékat”. Dadi, makhluk roh kuwi nduwé basa lan isa omong-omongan. Gusti Allah nggunakké malaékat kanggo omong-omongan karo manungsa, ning manungsa ora éntuk nyembah lan ndonga marang para malaékat.​—1 Korinta 13:1; Wahyu 22:8, 9.

  • Malaékat kuwi cacahé ana ”maleksa-leksa lan maéwu-éwu leksa”, mbokmenawa nganti milyaran.a—Dhanièl 7:10; Wahyu 5:11.

  • Para malaékat kuwi ”prakosa”, nduwé kuwasa lan kapinteran sing ngungkuli manungsa. Para malaékat isa cepet banget lunga menyang ngendi-endi ngungkuli apa sing isa kita bayangké.​—Jabur 103:20; Dhanièl 9:20-23.

  • Para malaékat kuwi pinter banget lan nduwé kuwasa sing gedhé, ning tetep ana perkara-perkara sing ora dingertèni karo para malaékat.​—Matéus 24:36; 1 Pétrus 1:12.

  • Para malaékat nduwé sipat-sipat kaya Gusti Allah lan kebébasan kanggo milih. Mula, malaékat isa nggawé pilihan kaya manungsa kanggo nindakké sing bener utawa sing salah. Sayangé, ana malaékat sing pilih mbrontak nglawan Gusti Allah.​—Yudas 6.

a Sak leksa kuwi padha karo 10.000. Dadi, sak leksa ping sak leksa kuwi padha karo 100 yuta. Buku Wahyu kandha bab para malaékat sing cacahé ”maleksa-leksa”. Kuwi tegesé ana atusan yuta makhluk roh, mbokmenawa malah nganti milyaran.

Carané Malaékat Diatur Lan Ditata

Panggedhéné malaékat, Mikhaèl, kuwi pimpinané malaékat sing nduwé kuwasa lan wewenang sing gedhé. Alkitab cetha njelaské nèk Mikhaèl kuwi sebutan liya kanggo Yésus.​—1 Tésalonika 4:16; Yudas 9.

Para sérafim kuwi malaékat sing nduwé hak istiméwa lan tingkatané dhuwur banget ing antarané para malaékat liyané, sarta ana ing sak kiwa tengené tahtané Gusti Allah.​—Yésaya 6:1-3.

Para kerub kuwi uga malaékat sing tingkatané dhuwur lan nduwé tugas kusus kanggo ngladèni ing ngarsané Yéhuwah langsung.​—Purwaning Dumadi 3:24; Yéheskièl 9:3; 11:22.

Maleksa-leksa malaékat liyané dadi utusan lan wakil sing nindakké kersané Gusti Allah.b —Ibrani 1:7, 14.

b Kanggo katrangan luwih akèh bab para malaékat, deloken bab 10 buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? uga bagéan cathetan sing judhulé ”Mikhaèl Panggedhéné Para Malaékat” sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah, uga ana ing www.jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim