PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 5 hlm. 3
  • Malaékat​—⁠Apa Pengaruhé kanggo Panjenengan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Malaékat​—⁠Apa Pengaruhé kanggo Panjenengan?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Panjenengan Nduwé Malaékat Penjaga?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Niru Para Malaékat sing Setya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Carané Malaékat Mbantu Panjenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 5 hlm. 3
Sedulur lanang lan bojoné lagi nggedhèkké atiné wong wédok nggunakké Alkitab

BAB UTAMA | MALAÉKAT—ANA TENAN APA ORA?

Malaékat​—Apa Pengaruhé kanggo Panjenengan?

Ing dina Minggu soré, Kenneth lan Filomena, sing manggon ing Curaçao, mara ing omahé salah siji keluarga kanggo sinau Alkitab.

Kenneth crita, ”Bareng tekan omahé, lawangé tutupan lan mobilé ora ana. Ning, kok rasané aku péngin nélpon sing nduwé omah.”

Wong wédok sing nduwé omah kuwi njawab télponé lan nerangké nèk bojoné lagi kerja. Ning, wektu ngerti nèk Kenneth lan Filomena wis ana ing ngarep omahé, wong wédok kuwi mbukakké lawang lan ngongkon mlebu.

Kenneth lan Filomena langsung ngerti nèk wong wédok kuwi bar nangis. Wektu Kenneth ndonga kanggo mulai sinau Alkitab, wong wédok kuwi nangis manèh. Dadi, Kenneth lan Filomena nakoni apa sebabé dhèwèké nangis.

Wong wédok kuwi nerangké nèk dhèwèké mau arep bunuh diri, lan lagi nulis surat kanggo bojoné, ning ora sida merga ditélpon Kenneth. Wong wédok kuwi kandha nèk dhèwèké lagi strès. Banjur, Kenneth lan Filomena mbukakké ayat-ayat Alkitab kanggo nggedhèkké atiné. Kuwi bener-bener isa nylametké uripé.

Kenneth kandha, ”Aku maturnuwun marang Yéhuwah merga aku mau kepikiran kanggo nélpon lan nulungi wong wédok sing lagi strès kuwi. Mbokmenawa kuwi merga dhukungané malaékat utawa roh suciné Gusti Allah.”a

Apa pancèn bener Gusti Allah sing campur tangan liwat malaékat utawa roh suciné? Utawa, apa kuwi sakjané mung ngepasi waé?

Kita ora ngerti sing saktenané. Ning, sing jelas Gusti Allah kerep nggunakké para malaékat kanggo mbantu wong-wong ing bab rohani. Contoné, Alkitab kandha nèk Gusti Allah nggunakké malaékat kanggo ngarahké Filipus bèn nginjil marang pejabat Étiopia sing lagi mbutuhké tuntunan rohani.​—Para Rasul 8:26-31.

Akèh agama ngajarké bab makhluk roh sing digambarké nduwé kuwasa sing gedhé, apikan, nindakké kersané Gusti Allah utawa dadi malaékat penjaga. Ana sing percaya nèk malaékat kuwi pancèn ana lan isa mbantu. Ning, akèh wong liyané ora percaya bab malaékat.

Apa malaékat kuwi pancèn ana? Nèk ana, asalé saka ngendi? Apa kandhané Alkitab bab malaékat? Apa pengaruhé kanggo panjenengan? Ayo digatèkké katrangan ing artikel sakbanjuré.

a Yéhuwah kuwi asmané Gusti Allah sing ana ing Alkitab.​—Jabur 83:19.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim