PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp17 No. 5 hlm. 5
  • Apa Panjenengan Nduwé Malaékat Penjaga?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Panjenengan Nduwé Malaékat Penjaga?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Malaékat Mbantu Panjenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Niru Para Malaékat sing Setya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
wp17 No. 5 hlm. 5

BAB UTAMA | MALAÉKAT—ANA TENAN APA ORA?

Apa Panjenengan Nduwé Malaékat Penjaga?

Alkitab ora mulangké nèk saben wong nduwé malaékat penjaga. Pancèn, Yésus wis tau kandha, ’Aja nganti ngrèmèhaké salah sawijining bocah cilik iki [para muridé Yésus]. Amarga aku pitutur marang kowé: Malaékaté [malaékaté bocah-bocah cilik mau] ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryané Ramaku kang ana ing swarga.’ (Matéus 18:10) Ning, sing dimaksud Yésus kuwi dudu malaékat penjaga sing diduwèni karo saben wong. Yésus sakjané mung arep nerangké nèk para malaékat kuwi nggatèkké saben muridé Yésus. Mula, para abdiné Gusti Allah sing sejati ora bakal tumindak sembrana lan nganggep nèk bakal dijaga karo malaékaté.

Dadi, apa para malaékat kuwi pancèn ora nulungi manungsa? Ora ngono. (Jabur 91:11) Ana sing yakin banget nèk Gusti Allah wis nyedhiyakké malaékat sing isa nglindhungi lan nuntun. Kenneth sing disebutké mau uga rumangsa kaya ngono. Mbokmenawa kuwi pancèn bener. Seksi-Seksi Yéhuwah wis kerep ndelok bukti-bukti bantuané para malaékat wektu nginjil. Ning, merga para malaékat kuwi ora isa didelok, kita ora isa ngerti sing saktenané bab kapan lan kepriyé carané Gusti Allah nggunakké para malaékat kanggo nulungi manungsa. Senajan ngono, kita tetep rumangsa maturnuwun banget marang Gusti Allah sing Mahakuwasa merga wis nulungi kita nganggo cara sing werna-werna.​—Kolosé 3:15; Yakobus 1:17, 18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim