PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp18 No. 3 hlm. 13
  • Gusti Allah Bakal Nyingkirké Kasusahan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Bakal Nyingkirké Kasusahan
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KAPAN GUSTI ALLAH TUMINDAK?
  • Terusa Percaya marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
wp18 No. 3 hlm. 13
Matahari angslup

Gusti Allah Bakal Nyingkirké Kasusahan

”Dhuh Yéhuwah, taksih pinten dangunipun malih anggèn kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: ’Wonten panganiaya!’, nanging Paduka boten mitulungi?” (Habakuk 1:2, 3) Kuwi omongané Habakuk, nabiné Yéhuwah sing setya. Apa dhèwèké kurang iman? Ora. Malah, Gusti Allah ngyakinké Habakuk nèk wektu kanggo nyingkirké kasusahan wis ditemtokké.​—Habakuk 2:2, 3.

Wektu panjenengan dhéwé utawa wong sing panjenengan tresnani ngalami kasusahan, isa waé panjenengan mikir nèk Gusti Allah kuduné cepet-cepet tumindak. Ning, Alkitab kandha, ”Yéhuwah kuwi ora lambat netepi janjiné, kaya sing dipikirké sawetara wong. Nanging Yéhuwah kuwi sabar marang kowé merga Panjenengané ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat.”​—2 Pétrus 3:9.

KAPAN GUSTI ALLAH TUMINDAK?

Yésus kandha nèk ana generasi sing bakal ndelok kabèh kedadéan sing disebut ”tandha pungkasané jaman iki”. (Matius 24:3-42) Omongané Yésus iki wis kelakon ing jaman kita. Kuwi nduduhké nèk Gusti Allah bakal tumindak ora suwé manéh.a

Piyé carané Gusti Allah nyingkirké kabèh kasusahan? Wektu ing bumi, Yésus nduduhké kuwasané Gusti Allah kanggo nulungi manungsa. Gatèkna conto-conto iki.

Bencana Alam: Wektu Yésus lan para muridé numpak prau nyebrang Laut Galiléa, ujug-ujug ana angin gedhé sing nerjang prauné nganti mèh kleleb. Ning, Yésus nduduhké nèk dhèwèké lan Bapaké isa ngendhalèni alam. (Kolose 1:15, 16) Yésus mung kandha, ”Meneng! Mandhega!” Banjur, ”Anginé langsung mandheg, lan kahanané dadi tenang banget.”​—Markus 4:35-39.

Penyakit: Yésus dikenal nduwé kemampuan kanggo marèkké wong wuta, lumpuh, ayan, kusta, lan akèh penyakit liyané. Yésus ”marèkké kabèh sing lara”.​—Matius 4:23, 24; 8:16; 11:2-5.

Kurang Pangan: Yésus nggunakké kuwasa saka Bapaké kanggo nggawé mukjijat mènèhi panganan kanggo éwonan wong. Alkitab nyathet nèk Yésus tau nindakké mukjijat sing kaya ngono ping pindho.​—Matius 14:14-21; 15:32-38.

Kematian: Alkitab nulis bab wong telu sing tau diuripké manèh karo Yésus. Salah sijiné wis mati patang dina. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh wong sing mati.​—Markus 5:35-42; Lukas 7:11-16; Yohanes 11:3-44.

a Wacanen pelajaran 32 buku Bahagia Saklawasé, sing diterbitké Seksi-Seksi Yéhuwah, nèk péngin ngerti luwih akèh soal akhir jaman. Buku kuwi ya ana ing www.jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim