Piyé Perasaané Gusti Allah bab Kasusahané Panjenengan?
Ana sing percaya nèk Gusti Allah ora ngerti utawa ora perduli.
GATÈKNA KANDHANÉ ALKITAB
Gusti Allah ngerti lan perduli
’Yéhuwah mirsa [ndelok] yèn gedhé durakané para manungsa ana ing bumi, ing kono Yéhuwah sekel galihé [sedhih atiné].’—Purwaning Dumadi 6:5, 6.
Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kasusahan
”Awit wektuné mung kari sathithik, wong duraka nuli bakal sirna; sarta tilas panggonané baé yèn kokgatèkaké iya wus ora ana manèh. Balik wong kang andhap-asor iku bakal padha olèh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih.”—Jabur 37:10, 11.
Apa sing dadi kepénginané Gusti Allah
”’Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing bésuké,’ mangkono pangandikané Sang Yéhuwah, ’Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.’”—Yérémia 29:11, 12.
”Nyedhaka marang Gusti Allah, lan Panjenengané bakal nyedhak marang kowé.”—Yakobus 4:8.