PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w19 Desember hlm. 15
  • Pitakonané sing Maca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonané sing Maca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Urip ing Firdaus Kuwi Kaya Apa?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
w19 Desember hlm. 15

Pitakonané Sing Maca

Pas Sétan ngomong nèk Hawa ora bakal mati wektu mangan buah saka wit pengetahuan bab sing apik lan sing jahat, apa dhèwèké lagi ngajarké soal jiwa sing ora isa mati?

Hawa digodha karo Sétan, sing omong-omongan liwat ula

Kétoké ora. Sétan ora ngomong nèk rohé Hawa bakal isih urip wektu ragané mati sakwisé dhèwèké mangan buah sing dilarang karo Yéhuwah. Wektu kuwi, Sétan ngomong liwat ula lan kandha nèk Hawa ora bakal mati wektu mangan buah saka wit kuwi. Sétan péngin Hawa percaya nèk Hawa bakal terus urip bahagia ing bumi lan bébas saka Gusti Allah.​—Pd. 2:17; 3:3-5.

Lha terus, kapan ajaran soal jiwa sing ora isa mati mulai ana? Awaké dhéwé ora ngerti pastiné. Sing jelas, kabèh ibadah palsu wis disirnakké pas Banjir Gedhé ing jamané Nuh. Wektu kuwi, sing slamet saka Banjir Gedhé mung wong-wong sing nyembah Yéhuwah, yaiku Nuh lan keluargané.

Dadi, ajaran soal jiwa sing ora isa mati mesthiné mulai ana sakwisé Banjir Gedhé. Lha terus, piyé critané kok ajaran kuwi isa nyebar ing ngendi-endi? Mbiyèn, wektu Yéhuwah nggawé basané wong-wong ing Babèl dadi béda-béda, wong-wong kuwi akhiré padha nyebar ”menyang ing salumahing bumi”. Wong-wong kuwi mesthi ya nyebarké ajaran palsu soal jiwa sing ora isa mati. (Pd. 11:8, 9) Ora soal kapan ajaran kuwi mulai ana, awaké dhéwé ngerti nèk ajaran kuwi isa ana lan disebarké ing ngendi-endi mesthi gara-gara Sétan, merga Sétan kuwi ”bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”.​—Yoh. 8:44.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim