Apa Panjenengan Wis Siap-Siap kanggo Acara Pèngetan?
Wektu kuwi tanggal 13 Nisan 33 M, Yésus ngerti nèk kuwi dina sing pungkasan sadurungé séda. Yésus arep mèngeti Paskah sing pungkasan karo para muridé, banjur nganakké acara sing anyar yaiku Bujana Suci. Mesthiné akèh sing kudu dicepakké kanggo acara sing penting kuwi. Mulané, Yésus ngutus Pétrus lan Yokanan kanggo nyiapké sakabèhé. (Lk. 22:7-13) Saben taun para muridé Yésus sing péngin mèngeti acara iki uga perlu nyepakké sakabèhé. (Lk. 22:19) Apa sing kudu dicepakké kanggo acara Pèngetan tanggal 3 April sésuk?
Sing Dicepakké Para Penginjil:
Ngatur bèn isa mèlu kagiyatan nginjil kanggo ngundang wong-wong ing acara Pèngetan.
Nulis jeneng-jenengé siswa Alkitab, sedulur, kanca sekolah, kanca kerja, lan kenalan sing arep diundang.
Maca lan mikirké tenanan ayat-ayat Alkitab sing dijadwalké kusus kanggo acara Pèngetan.
Teka gasik ing acara Pèngetan kanggo nyalami para tamu.