Jadwal kanggo Minggu 9 Maret
MINGGU MULAI 9 MARET
Lagu 123 lan Donga
Sinau Alkitab Bareng Jemaat:
jl bab 14-16 (30 men.)
Sekolah kanggo Mulang Alkitab:
Maca Alkitab: 1 Samuèl 1-4 (8 men.)
No. 1: 1 Samuèl 2:30-36 (3 men. utawa kurang)
No. 2: Alkitab Kuwi Apa, lan Apa Paédahé kanggo Manungsa?—T-30 kaca 2 (5 men.)
No. 3: Apa Sebabé Isa Percaya Isiné Alkitab?—T-30 kaca 3 (5 men.)
Piwulang kanggo Nginjil:
Intiné rembug sasi iki: ”Padha Cumadhang Marang Sadhéngah Panggawé Becik.”—Titus 3:1.
10 men: ”Padha Cumadhang Marang Sadhéngah Panggawé Becik”. Ceramah saka ayat sing dadi intiné rembug sasi iki. Wacanen lan rembugen Wulang Bebasan 21:5, Titus 3:1, lan 1 Pétrus 3:15. Terangna gunané persiapan kanggo awaké dhéwé. Sebutna sebagéan judhul acara ing Piwulang kanggo Nginjil sasi iki lan gandhèngané karo intiné rembug sasi iki.
10 men: Takon-Takon karo Sing Ngawasi Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Apa waé tugasé? Piyé carané persiapan kanggo mimpin acara iki saben minggu? Apa sebabé para siswa kudu tenanan nyiapké tugasé? Apa paédahé nèk sing teka maca dhisik bahan sing arep disinaoni?
10 men: ”Apa Panjenengan Wis Siap-Siap kanggo Acara Pèngetan?” Rembugan (Pembahasan). Rembugen sedhéla bahan sing ana ing Pelayanan Kerajaan Kita Maret 2013 kaca 2. Lakonké (Pertunjukan) carané penginjil nemoni tamu ing acara Pèngetan.
Lagu 8 lan Donga