Mbantu Wong Wuta Sinau bab Yéhuwah
1. Piyé carané Yésus mbantu wong wuta?
1 Pirang-pirang dina sadurungé séda, pas Yésus lunga ing kutha Yérikho, ana wong wuta loro bengok-bengok, ”Gusti, mugi karsaa melasi kawula.” Senajan Yésus lagi susah merga ngerti nèk mengko bakal ngalami sengsara, Yésus tetep mandheg, nimbali wong kuwi, banjur nambani mripaté nganti isa weruh manèh. (Mt. 20:29-34) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Yésus mbantu wong wuta?
2. Piyé carané awaké dhéwé isa nginjil karo wong wuta sing ana ing panggonan umum?
2 Seneng Mbantu: Wong wuta kuwi wutané béda-béda, dadi kudu ngerti carané mbantu utawa ngéwangi. Nèk ketemu wong wuta, mbokmenawa ing panggonan umum, awaké dhéwé isa ngajak kenalan lan omong-omongan ndhisik. Awaké dhéwé isa mbantu utawa ngéwangi, nèk dhèwèké perlu. Mbokmenawa wongé mau sepisanan wedi, merga kadhang kala ana sing njahati. Ning, nèk awaké dhéwé grapyak lan tulus, dhèwèké isa percaya. Bar kuwi, awaké dhéwé isa ngomong nèk seneng mbantu wong sinau Alkitab. Takonana apa dhèwèké gelem diwacakké Jabur 146:8 utawa Yésaya 35:5, 6. Nèk dhèwèké isa maca aksara Braille, takonana apa dhèwèké gelem nduwèni wacan Alkitab nganggo aksara kuwi. Awaké dhéwé uga isa mbantu dhèwèké ngundhuh saka jw.org. Nèk dhèwèké nduwé komputer sing ana program maca tulisan ing layar nganggo swara, awaké dhéwé isa ngekèki wacan saka jw.org sing isa diundhuh nganggo bentuk RTF (Rich Text Format).—Deloken kothak ”Pas Mbantu Wong Wuta . . .”
3. Piyé carané nggolèki wong wuta ing dhaérahé awaké dhéwé?
3 Nggolèki Wong Wuta: Pas awaké dhéwé nginjil ing omah-omah arang ketemu wong wuta, merga biasané wong wuta ora seneng omongan karo wong sing ora dikenal. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan nggolèki wong wuta (Mt. 10:11) Apa awaké dhéwé nduwé kanca kerja utawa kanca sekolah sing wuta? Nèk ana, ajaken wong kuwi omong-omongan. Nèk nduwé dhaérah sing ana sekolahan kanggo wong wuta, tawanana wacan ing aksara Braille kanggo perpustakaan ing kono. Apa awaké dhéwé kenal karo wong sing nduwé kluarga utawa sedulur sing wuta? Apa dhaérahé awaké dhéwé ana pakumpulané wong wuta utawa panggonan kanggo wong wuta? Awaké dhéwé isa nerangké karo anggota kluarga, sing nampa tamu, utawa sing mimpin pakumpulan kuwi nèk Seksi-Seksi Yéhuwah péngin mbantu wong sing wuta, lan nawani rekaman swara utawa wacan nganggo aksara Braille. Awaké dhéwé isa nduduhi janji saka Alkitab, nèk Gusti Allah bakal nggawé wong wuta isa weruh manèh. Awaké dhéwé isa nyetèlké vidhéo saka jw.org sing judhulé ”Tanpanya, Saya Hilang Arah,” sing nyritakké pengalamané wong lanang wuta sing sinau Alkitab nganggo aksara Braille. Nèk wis ngerti tujuané awaké dhéwé teka, wong wuta kuwi isa waé gelem kekancan karo awaké dhéwé.
4. Awaké dhéwé isa sinau apa saka pengalamané Janet?
4 Sedulur wédok sing wuta, sing jenengé Janet nekani panggonan sing dinggoni wong-wong wuta. Dhèwèké ketemu karo wong wédok sing isih enom. Janet ngomong, ”Yésus wis tau nambani wong wuta. Kuwi tandha nèk mbésuk Yésus bakal nambani kabèh wong wuta.” Janet lan wong wédok kuwi maca bareng-bareng Wahyu 21:3, 4. Janet nerangké nèk janji sing ana ing Alkitab kuwi bakal kelakon ing sakjroné pamréntahané Gusti Allah. Wong wédok kuwi meneng waé, banjur ngomong, ”Aku durung tau ngerti bab iki saka wong-wong sing wuta. Akèh-akèhé wong sing ora wuta ngomong, nèk manungsa dadi wuta merga dosané dhéwé utawa dosané wong tuwané.” Janet ngirim e-mail sing isiné alamat situs jw.org marang wong wédok kuwi, bèn isa ngundhuh buku Alkitab Ajarkan. Saiki wong wédok kuwi sinau Alkitab seminggu ping pindho karo Janet.
5. Senajan awaké dhéwé ora isa nambani wong wuta kaya sing ditindakké Yésus, apa éntuk-éntukané nèk awaké dhéwé gelem mbantu wong kuwi?
5 Awaké dhéwé pancèn ora isa nambani wong wuta, kaya sing ditindakké Yésus. Ning, awaké dhéwé isa mbantu wong-wong sing wis digawé wuta karo Sétan, tegesé dialang-alangi bèn ora ngerti sing bener miturut Gusti Allah. Kuwi klebu wong-wong sing wuta. Awaké dhéwé isa mbantu wong-wong kuwi ngerti tenanan bab sing bener miturut Gusti Allah. (2 Kr. 4:4) Yésus nambani wong wuta loro ing Yérikho merga mesakké. (Mt. 20:34) Nèk awaké dhéwé nduwé rasa sing padha karo Yésus marang wong wuta, awaké dhéwé bakal seneng merga wis mbantu wong kuwi sinau bab Yéhuwah.