Carané Nawakké Wacan
Selebaran Apa sing ndadèkaké kulawarga seneng lan ayem tentrem?
”Mbak, aku seneng isa ketemu panjenengan. Dina iki aku seneng mbagi selebaran sing judhulé Apa sing ndadèkaké kulawarga seneng lan ayem tentrem? [Duduhna pitakonan ing kaca ngarep dhéwé.] Piyé nurut panjenengan?” Rungokna jawabané. Bukaken kaca 2, banjur wacakna Alkitab Kandha. Nèk wongé gelem, wacakna Lukas 11:28 langsung saka Alkitab. Nèk wongé ora repot, isa ngrembug sing ana ing ngisoré tulisan Gunané Kanggo Panjenengan. Tawakna selebarané lan takona kapan isa ketemu manèh kanggo ngrembug kaca 3.
Selebaran Apa kasusahan bakal ana entèké?
”Mas, aku seneng isa ketemu panjenengan. Dina iki aku seneng mbagi selebaran sing judhulé Apa kasusahan bakal ana entèké? [Duduhna pitakonan ing kaca ngarep dhéwé.] Piyé nurut panjenengan?” Rungokna jawabané. Bukaken kaca 2, banjur wacakna Alkitab Kandha. Nèk wongé gelem, wacakna Wahyu 21:3, 4 langsung saka Alkitab. Nèk wongé ora repot, isa ngrembug sing ana ing ngisoré tulisan Gunané Kanggo Panjenengan. Tawakna selebarané lan takona kapan isa ketemu manèh kanggo ngrembug kaca 3.