PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 6/15 hlm. 2
  • Sinau saka Penginjil sing Luwih Pengalaman

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sinau saka Penginjil sing Luwih Pengalaman
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tambah Trampil Anggoné Nginjil—Mbantu sing Lagi Waé Dadi Penginjil
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Apa Njenengan Tenanan Nindakké Tugas Pelayanan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Nglatih Penginjil sing Isih Anyar
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 6/15 hlm. 2

Sinau saka Penginjil sing Luwih Pengalaman

Awaké dhéwé mesthi ngajèni penginjil sing wis pengalaman ing jemaat. Ana sing wis suwé banget ngabdi lan setya marang Yéhuwah. Mbokmenawa sing liyané luwih trampil nginjil senajan durung suwé dadi penginjil. Penginjil-penginjil kuwi wis ndelok nèk gawéan nginjil lan ndadèkké murid saya tambah maju, merga Yésus ngarahké jemaat Kristen ing dina-dina pungkasan iki. (Mt. 28:19, 20) Bèn isa terus ngabdi, wong wong kuwi diparingi Gusti Allah ”kakuwatan kang ngédab-édabi” pas ngadhepi alangan lan masalah. (2 Kr. 4:7) Ana akèh banget sing isa disinaoni saka penginjil sing wis pengalaman. Wong-wong kuwi mesthi seneng banget nèk isa nduwé kesempatan mbagi pengalamané. (Ms. 71:18) Mulané, awaké dhéwé kudu nggolèk kesempatan bèn isa sinau saka penginjil sing wis pengalaman. Piyé carané kuwi isa ditindakké?

Pas Nginjil. Bèn isa trampil nginjil, penginjil sing isih anyar lan kurang pengalaman kudu dilatih. Awaké dhéwé isa éntuk paédah nèk niru carané nginjil penginjil sing wis pengalaman (Deloken Menara Pengawal 15 Februari 2015, sing judhulé ”Teruslah Bersemangat dalam Dinas,” paragraf telu ing ngisor judhul ”Bantulah Penyiar Baru.”) Apa paédahé nèk nginjil bareng karo penginjil sing wis pengalaman?

Ajaken penginjil sing wis pengalaman, nginjil bareng karo panjenengan. Nèk penginjil kuwi mau ringkih, panjenengan isa ngejak sing sinau Alkitab mara ing omahé. Bar sinau, njaluka nasihat saka penginjil sing pengalaman bèn awaké dhéwé luwih trampil mulang Alkitab.

Golèk Wektu kanggo Srawung: Bèn isa luwih kenal karo penginjil sing wis pengalaman, gunakna wektu kanggo srawung. Awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké mèlu ibadah sakluarga lan takon-takon pengalamané. Nèk dhèwèké ringkih, isa ngejak ibadah sakluarga ing omahé. Takonana piyé carané dhèwèké dadi Seksi Yéhuwah. Apa berkah sing dirasakké? Piyé critané jemaat ing dhaérahé isa tambah akèh? Apa sing marahi seneng pas ngabdi marang Yéhuwah?

Awaké dhéwé ngerti nèk penginjil sing pengalaman kuwi uga ora sampurna, dadi awaké dhéwé aja njaluk bantuan sing ngluwihi kekuwatané. Wong-wong kuwi iya nduwèni ketrampilan lan kapinteran sing werna-werna. (Rm. 12:6-8) Ana sing wis tuwa lan ora nduwé wektu sing akèh kanggo mbantu penginjil liya. Ning, awaké dhéwé tetep isa sinau saka pengalamané dhèwèké sing wis setya ngabdi marang Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim