Jadwal kanggo Minggu 15 Juni
MINGGU MULAI 15 JUNI
Lagu 37 lan ndonga
Sinau Alkitab Bareng Jemaat:
fg bab 3 (30 men.)
Sekolah kanggo Mulang Alkitab:
Maca Alkitab: 2 Samuèl 22-24 (8 men.)
No. 1: 2 Samuèl 22:21-32 (3 men. utawa kurang)
No. 2: Piyé Awaké Dhéwé Isa Nyenengké Yéhuwah?—ll kaca 28-29 (5 men.)
No. 3: Carané Nduduhké Nèk Setya marang Gusti Allah—ll kaca 30-31 (5 men.)
Piwulang kanggo Nginjil:
Intiné Rembug Sasi Iki: ”Élinga marang jaman kuna.”—PT. 32:7.
Lagu 88
12 men: Sapa Wong-Wong ing Alkitab sing Mbok Senengi? Acara takon-takon lan ceramah. Sing sepisan, takonana loro utawa telu bocah-bocah ing jemaat. Sapa wong-wong ing Alkitab sing paling disenengi? Ing Alkitab, wong-wong sing disenengi mau nindakké apa? Apa sing isa ditiru saka wong-wong sing disenengi mau? Bar kuwi, terangna piyé bocah-bocah isa éntuk paédah saka kertu wong-wong ing Alkitab sing ana ing jw.org/id. (Deloken ing AJARAN ALKITAB > ANAK-ANAK.) Saben kertu, ana crita lan gambar wong sing lagi dicritakké, péta dhaérah sing dienggoni wong kuwi, ana garis wektu sing nduduhké kapan dhèwèké urip, lan telung pitakonan karo jawaban bab wong kuwi. Saben kertu isa dicétak lan diklumpukké. Wong-wong tuwa sing nduwé bocah dikon nggunakké kertu iki kanggo mulang bocahé bab ”jaman kuna.”—PT. 32:7.
18 men: ”Sinau saka Penginjil sing Luwih Pengalaman” Rembugan. Pas ngrembug paragraf loro, ajaken sing teka nyritakké paédahé nginjil karo penginjil sing wis pengalaman.
Lagu 4 lan Ndonga