Kabar Bab Gawéan Nginjil
Ing sasi Februari 2015, cacahé perintis biasa ana 2.847, iki mundhak 20 persen dibandhing sasi Februari taun 2014. Awaké dhéwé mesthi seneng ndelok ana 1 perintis biasa ing antarané 9 penginjil ing Indonésia. Iki nduduhké nèk akèh wong gelem nggawé pangurbanan kanggo Yehuwah.—Jabur 54:8.