Carané Nawakké Wacan
Buku Rungokna Gusti Allah lan Rungokna Gusti Allah Supaya Bisa Urip Salawasé
”Wong-wong péngin donya iki ayem tentrem. Ning, mbokmenawa kuwi angèl senajan manungsa wis mempeng ngupaya katentreman. Miturut Panjenengan, apa donya iki bakal isa ayem tentrem? [Rungokna jawabané.] Gatèkna janjiné Gusti Allah bab katentreman ing donya. [Wacakna 2 Pétrus 3:13.] Duduhna kaca 2 lan 3 buku iki, banjur ngomong, ’Kaya ngéné iki kahanané donya nèk janjiné Gusti Allah wis kelakon. Buku iki uga ngrembug apa sing awaké dhéwé kudu tindakké bèn isa urip ing donya sing kaya ngéné.’” Tawakna bukuné.
”Wong-wong kerep ndonga karo Gusti Allah. Miturut panjenengan, apa Gusti Allah mirengké dongané awaké dhéwé? [Rungokna jawabané.] Alkitab kandha nèk Gusti Allah gelem mirengké dongané awaké dhéwé. [Wacakna Jabur 65:3.] Ning, nèk Gusti Allah pancèn mirengké dongané awaké dhéwé, apa sebabé ana donga sing ora dijawab? [Rungokna jawabané.] Buku iki nerangké apa sebabé ana donga sing ora dijawab karo Gusti Allah lan apa sing kudu ditindakké bèn dongané awaké dhéwé dijawab karo Gusti Allah.” Duduhna kaca 24 lan 25, banjur tawakna bukuné.