Kabar bab Gawéan Nginjil
Seneng isa ngerti nèk akèh sedulur enom sing mèlu martakké kabar apik ing Indonésia. Sasi April 2015, cacahé perintis biasa ana 2.869, lan 20 persèn saka cacah kuwi umuré durung ana 25 taun. Saka sasi September 2013 tekan April 2014, sakpertelu cacahé para perintis kuwi umuré isih enom. Muga-muga Yéhuwah terus mberkahi upaya para sedulur enom iki kanggo ’éling marang kang nitahaké . . . ing sajroné isih anom’.—Ko. 12:1.