Cara Nawakké Majalah lan Buku
Warta Penting 1 November
”Wektu perang, sing mèlu perang mesthiné percaya nèk bakal dibélani Gusti Allah. Nurut panjenengan, apa Gusti Allah ndhukung anané perang? [Rungokna jawabané.] Majalah Warta Penting iki ngrembug alesané Gusti Allah ngongkon perang ing jaman mbiyèn, lan uga ngrembug carané Gusti Allah bakal nyingkirké perang kanggo saklawasé.” Wacakna Jabur 46:10 lan tawakna majalahé.
Buku Kabar Apik saka Gusti Allah!
”Aku seneng teka mréné, merga akèh wong péngin ngerti kaya apa donya iki mbésuk. Nurut panjenengan, apa donya iki bakal dadi luwih apik? [Rungokna jawabané.] Akèh wong ora ngira nèk ing Alkitab ana kabar apik sing mènèhi pengarep-arep. Ing buku iki ana pitakonan-pitakonan bab urip sing jawabané ana ing Alkitab.” Wènèhana bukuné, lan ajaken ndelok kaca mburi dhéwé banjur takonana pitakonan endi sing disenengi. Terus, bukaken bab sing ngrembug pitakonan kuwi lan duduhna carané sinau Alkitab. Isa janjian ketemu manèh kanggo ngrembug pitakonan liyané.