Tirunen Para Nabi—Habakuk
1. Apa sebabé uripé awaké dhéwé padha karo nabi Habakuk?
1 Nèk ndelok kahanan ndonya sing kebak kejahatan, awaké dhéwé isa rumangsa kaya Habakuk, sing takon karo Yéhuwah, ”Punapaa déné Paduka nedahaken piawon dhateng kawula, satemah kawula ningali tindak ambeksiya?” (Hb. 1:3; 2 Tm. 3:1, 13) Nèk mikirké buku Habakuk lan tuladhané, kuwi isa mbantu awaké dhéwé tetep kuwat nganti Armagédhon teka.—2 Pt. 3:7.
2. Piyé carané nduduhké iman sing kuwat ing jaman saiki?
2 Urip saka Percaya: Timbang mung nggolèk alesan bèn ora mempeng ngabdi, Habakuk malah tetep waspada lan semangat ngabdi marang Yéhuwah. (Hb. 2:1) Yéhuwah njamin Habakuk nèk kabèh janjiné bakal kelakon manut karo jadwalé, lan ”wong kang bener iku uripé awit saka pracayané”. (Hb. 2:2-4) Apa maksudé ayat kuwi kanggo wong Kristen sing urip ing pungkasané jaman? Timbang mikir kapan tekané Armagédhon, mendhing mikir nèk kuwi pancèn bakal teka. Iman mbantu awaké dhéwé tetep waspada lan mentingké gawéan nginjil.—Ib. 10:38, 39.
3. Apa sebabé awaké dhéwé isa tetep seneng merga ngabdi marang Yéhuwah?
3 Seneng merga Yéhuwah: Wektu Gog ing tanah Magog nyerang umaté Yéhuwah, imané awaké dhéwé bakal diuji. (Yk. 38:2, 10-12) Perang nggawé sengsara, senajan ana sing menang. Panganan dadi arang-arang. Wong-wong kélangan omahé, lan uripé dadi susah. Piyé tanggepané awaké dhéwé wektu ngadhepi kahanan kaya ngono? Habakuk ngerti nèk bakal ana kasusahan, ning dhèwèké isa tetep seneng merga ngabdi marang Yéhuwah. (Hb. 3:16-19) ”Kabungahan peparingé Sang Yéhuwah” sing bakal mbantu awaké dhéwé setya ngadhepi masalah mbésuké.—Ny. 8:11; Ib. 12:2.
4. Rasa seneng kaya apa sing bakal dirasakké saiki lan mbésuk?
4 Wong-wong sing slamet saka Armagédhon, uripé bakal terus dituntun Yéhuwah. (Hb. 2:14) Sing diuripké manèh bakal sinau bab Yéhuwah. Mula saiki, ayo terus nggunakké saben kesempatan kanggo martakké kabar apik!—Ms. 34:2; 71:17.