Jadwal kanggo Minggu 7 Desember
MINGGU MULAI 7 DESEMBER
Lagu 19 lan Donga
Sinau Alkitab Bareng Jemaat:
Sekolah kanggo Mulang Alkitab:
Maca Alkitab: 2 Babad 10-14 (8 men.)
No. 1: 2 Babad 13:13-22 (3 men. utawa kurang)
No. 2: Apa Gusti Allah Nampa Dongané Kabèh Wong?—fg bab 12 par. 1 (5 men.)
No. 3: Piyé Carané Ndonga sing Bener?—fg bab 12 par. 2 (5 men.)
Piwulang kanggo Nginjil:
Intiné Rembug Sasi Iki: ”Anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akèh.”—PR. 14:22.
10 men: ”Anggon Kita Lumebu ing Kratoning Allah Iku, Kalawan Nglakoni Sangsara Akèh”. Ceramah saka ayat sing dadi intiné rembug sasi iki. Wacanen lan rembugen Lelakoné Para Rasul 14:21, 22 lan 1 Pétrus 4:12-14. (Deloken Menara Pengawal 15 September 2014, kaca 13, par. 3-6.) Sebutna sebagéan judhul acara ing Piwulang kanggo Nginjil sasi iki, lan gandhèngané karo intiné rembug sasi iki. Sing teka dikon nonton vidhéo ’Berjalanlah dengan Iman, Bukan dengan Apa yang Kelihatan’ sing arep dirembug minggu ngarep.
10 men: Piyé Carané Njawab? (Kl. 4:6) Ceramah sing dhasaré buku Sekolah Pelayanan kaca 69, paragraf 1-3. Lakonké rong bagéan. Sing sepisanan, penginjil langsung njawab tanpa dipikir dhisik wektu sing nduwé omah tanggepané kasar, lan malah ora gelem nampa. Sing kepindho, penginjil mau nglakonké manèh sing padha, ning wektu ditanggepi kasar, mandheg sedhéla ora langsung njawab. Wektu njawab omongané nyenengké, lan akhiré sing dikabari gelem nampa.
10 men: ”Tirunen Para Nabi—Habakuk”. Dirembug nganggo pitakonan sing wis disedhiyakké.
Lagu 14 lan Donga