PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 6 hlm. 10-11
  • Pirdus Ora Suwé Manèh

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pirdus Ora Suwé Manèh
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kapan Bumi Iki Bakal Dadi Firdaus?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi
    Topik Liyané
  • Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Delok Kabèh
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 6 hlm. 10-11

BAB 6

Pirdus Ora Suwé Manèh

Kasusahan sing saiki ana dadi tandha nèk Pirdus ora suwé manèh. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé bakal ngalami kasusahan pas sadurungé bumi dadi Pirdus. Saiki awaké dhéwé urip ing jaman kuwi. Gatèkna sing bakal kelakon miturut Alkitab:

Pesawat tempur

Perang-perang gedhé. ”Bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan.” (Matéus 24:7) Ramalan iki wis kedadéan. Mulai taun 1914, wis ana perang gedhé ping pindho lan perang-perang liyané sing wis marakké yutan wong mati.

Penyakit werna-werna. ”Ing kana kéné bakal ana pageblug [penyakit].” (Lukas 21:11) Apa iki wis kedadéan? Wis. Yutan wong mati merga kangker, lara jantung, TBC, malaria, AIDS, lan penyakit liyané.

Orang sakit, kelaparan

Kurang pangan. Ing salumahing bumi, ana wong-wong sing ngalami kurang pangan. Saben taun, yutan wong mati merga kaliren utawa keluwèn. Iki tandha liyané nèk Pirdus ora suwé manèh. Alkitab kandha, ”Bakal ana pailan [kurang pangan].”​—Markus 13:8.

Lindhu. ”Bakal ana . . . lindhu ing pirang-pirang panggonan.” (Matéus 24:7) Mulai taun 1914, luwih saka wong sak yuta mati merga lindhu. Kuwi tandha nèk ramalan bab lindhu iki kelakon ing jaman saiki.

Seorang pria mengancam seorang wanita dengan senjata api

Wong jahat. Wong-wong bakal dadi wong sing ”karem bandha” lan ”mung mikir marang awaké dhéwé”. Wong-wong iki bakal nggolèk senengé dhéwé timbang manut karo Gusti Allah. Bocah-bocah bakal ”wani karo wong tuwa”. (2 Timotéus 3:1-5) Apa panjenengan setuju nèk akèh wong kaya ngono saiki? Wong-wong iki ora gelem ngajèni Gusti Allah lan ngalang-alangi wong liya sing arep sinau bab Gusti Allah.

Akèh tumindak jahat. Sing jahat tambah jahat. (Matéus 24:12) Mbokmenawa panjenengan uga setuju nèk saiki sing jahat tambah jahat timbang mbiyèn. Ing endi waé wong-wong wedi dirampok, diapusi, utawa dianiaya.

Kabèh perkara sing wis kelakon mau nduduhké nèk Kratoné Allah teka ora suwé manèh. Alkitab kandha, ”Manawa kowé padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yèn Kratoning Allah wis cedhak.” (Lukas 21:31) Kratoné Allah kuwi apa? Kratoné Allah kuwi pamréntahan ing swarga sing bakal nggawé bumi dadi Pirdus. Kratoné Allah bakal nggantèni pamréntahané manungsa.​—Dhanièl 2:44.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim