PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 40
  • Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa ing Alkitab ana ramalan soal gempa bumi?
  • Apa ramalan kuwi kelakon?
  • Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni saka ramalan iki?
  • Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Pirdus Ora Suwé Manèh
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
Topik Liyané
mrt artikel 40
Pengukur kekuwatan gempa.

Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi

Saben taun ana akèh gempa. Ana gempa sing ora patia gedhé, tapi ya ana sing gedhé, sing akibaté parah. Malah, ya ana sing nganti marahi tsunami. Apa ing Alkitab kuwi wis diramalké?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Apa ing Alkitab ana ramalan soal gempa bumi?

  • Apa ramalan kuwi kelakon?

  • Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni saka ramalan iki?

  • Pendapaté wong-wong

Apa ing Alkitab ana ramalan soal gempa bumi?

Gambar Alkitab, bumi, lan gelombang gempa.

Yésus wis ngramalké nèk bakal ana gempa bumi. Ramalané ditulis ing ayat-ayat iki:

”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan lan gempa bumi ing endi-endi.”​—Matius 24:7.

”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana gempa bumi ing endi-endi, lan bakal ana kelaparan.”​—Markus 13:8.

”Bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing endi-endi bakal ana kelaparan lan wabah penyakit.”​—Lukas 21:11.

Yésus wis ngramalké nèk ”ing endi-endi” bakal ana ”gempa bumi sing gedhé”, perang, kelaparan, lan wabah penyakit. Nèk kuwi kabèh wis kelakon, berarti saiki wis ”akhir jaman”. (Matius 24:3; 2 Timotius 3:1) Menurut Alkitab, akhir jaman dimulai saka taun 1914.

Apa ramalan kuwi kelakon?

Gambar pusat gempa ing péta.

Ya. Kèt taun 1914, ana luwih saka 1.950 gempa bumi lan akibaté ana luwih saka 2 juta wong sing mati.a Iki contoné:

2004—Samudra Hindia. Ana gempa sing kekuwatané 9,1 magnitudo. Akibaté, ana beberapa negara sing kena tsunami lan ana 225.000 wong sing mati.

2008—Cina. Ana gempa sing kekuwatané 7,9 magnitudo. Akibaté, ana 90.000 wong sing mati, 375.000 sing luka, lan ana jutaan wong sing omahé hancur.

2010—Haiti. Ana gempa sing kekuwatané 7,0 magnitudo lan ana beberapa gempa susulan. Akibaté, ana luwih saka 300.000 wong mati lan ana luwih saka sak juta wong sing omahé hancur.

2011—Jepang. Ana gempa sing kekuwatané 9,0 magnitudo. Akibaté, kira-kira ana 18.500 wong sing mati lan atusan èwu sing kudu ngungsi. Gara-gara gempa kuwi, pembangkit listrik tenaga nuklir Fukushima rusak. Bahkan sepuluh taun bar kuwi, kira-kira 40.000 wong sing omahé cedhak kono durung isa bali merga isih ana radiasi.

Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni saka ramalan iki?

Pasangan sing lagi gandhèngan.

Saka ramalan iki, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal kelakon ora suwé manèh. Yésus ngomong, ”Nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, berarti Kerajaané Gusti Allah wis cedhak.”​—Lukas 21:31.

Menurut Alkitab, Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga, lan Yésus sing dadi rajané. Yésus ya tau ngongkon murid-muridé bèn ndongakké Kerajaan kuwi.​—Matius 6:10.

Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah bumi, kabèh bencana alam, termasuk gempa bumi, ora bakal ana manèh. (Yésaya 32:18) Malah, wong-wong sing lara lan trauma merga gempa bumi ya bakal mari. (Yésaya 65:17; Wahyu 21:3, 4) Bèn ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Apa yang Akan Dilakukan Kerajaan Allah?”

a Data iki dijupuk saka Pusat Data Géofisika Nasional Amerika Serikat.

Pendapaté wong-wong

Sing salah: Gempa bumi kuwi wis ana kèt mbiyèn, dadi kuwi dudu tandha akhir jaman.

Sing bener: Ing Alkitab ora mung diramalké soal gempa bumi thok, tapi ana peristiwa-peristiwa liyané sing kelakon barengan. Dadi, iki bukti nèk saiki wis akhir jaman. Bèn ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Saja Tanda ’Hari-Hari Terakhir’ atau ’Akhir Jaman’?”

Sing salah: Gempa bumi kuwi hukuman saka Gusti Allah.

Sing bener: Sing dadi korban gempa bumi kuwi ora mung wong sing jahat thok, tapi ya wong sing apik. Kuwi dudu hukuman saka Gusti Allah, ning merga lagi apes. (Pengkhotbah 9:11) Bèn ngerti bukti-buktiné, wacanen artikel ”Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?”

Sing salah: Ing buku Wahyu ana ramalan nèk gempa bumi bakal ngancurké bumi.

Sing bener: Ramalan soal gempa bumi ing buku Wahyu 6:12; 8:5; 11:13, 19; 16:18 kuwi mung ”lambang”, dudu gempa bumi sing tenanan. (Wahyu 1:1) Bèn ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Buku Wahyu—Apa Artinya?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim