PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 2 hlm. 8-10
  • Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PERISTIWA-PERISTIWA APA SING DIMAKSUD KARO YÉSUS?
  • APA SING BAKAL KELAKON BAR KUWI?
  • Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi
    Topik Liyané
  • Pirdus Ora Suwé Manèh
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 2 hlm. 8-10
Seksi Yéhuwah mènèhi undangan kanggo wong wédok sing marani rak beroda.

Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?

Para muridé Yésus péngin ngerti kapan Kratoné Allah mulai mréntah. Yésus njawab nèk para muridé ora perlu ngerti soal kuwi. (Kisah 1:6, 7) Ning, sakdurungé, Yésus wis ngomong nèk para muridé ndelok peristiwa-peristiwa sing dhèwèké sebutké kelakon bebarengan, kuwi berarti ”Kratoné Allah wis cedhak” lan ora suwé manèh bakal mréntah.​—Lukas 21:31.

PERISTIWA-PERISTIWA APA SING DIMAKSUD KARO YÉSUS?

Yésus ngomong, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing ngendi-endi bakal ana kurang pangan uga wabah penyakit.” (Lukas 21:10, 11) Peristiwa-peristiwa kuwi bakal kelakon bebarengan lan dadi tandha sing jelas nèk ”Kratoné Allah wis cedhak”. Apa peristiwa-peristiwa kuwi wis kelakon ing sakdonya lan ing wektu sing padha? Gatèkna buktiné.

1. PERANG

Pesawat tempur, tank, lan misil.

Ing taun 1914, ana perang sing durung tau kelakon sakdurungé. Para ahli sejarah ngomong nèk taun 1914 kuwi taun sing bersejarah merga perang dunia sing pertama dimulai ing taun kuwi. Ing perang kuwi, akèh sing mulai nggunakké tank, bom udara, senapan mesin, gas beracun, lan senjata liyané. Bar kuwi, ana perang dunia keloro. Ing perang kuwi, wong-wong mulai nggunakké senjata nuklir. Dadi, kèt taun 1914, ana akèh perang ing ngendi-endi, lan kuwi nyebabké akèh wong mati.

2. GEMPA BUMI

Gempa bumi sing ngrusak bangunan.

Britannica Academic kandha nèk saben taun ana luwih saka 100 gempa bumi sing ”dampaké luar biasa”. Badan Survei Geologi Amerika Serikat nglaporké nèk ”nurut cathetan (mulai taun 1900), saben taun ana kira-kira 16 gempa bumi sing gedhé”. Ana ilmuwan sing nduwé pendapat nèk saiki ana luwih akèh laporan soal gempa bumi merga saiki alat pendétèksi gempa wis saya canggih. Ning nyatané, gempa bumi wis nyebabké akèh kesusahan lan nggawé akèh wong mati.

3. KURANG PANGAN

Grafik sing nduduhké nèk bahan pangan berkurang.

Kurang pangan biasané disebabké karo perang, korupsi, masalah ékonomi, utawa gagal panèn. Laporan Program Pangan Dunia taun 2018 kandha, ”Ing sak donya, ana 821 yuta wong sing kurang pangan, lan 124 yuta saka jumlah kuwi bener-bener ora nduwé apa-apa kanggo dipangan.” Merga kurang gizi, ana kira-kira 3,1 yuta bocah sing mati saben taun. Malah, ing taun 2011, mèh setengah penyebab kematian bocah kuwi merga kurang gizi.

4. PENYAKIT

Simbol biohazard.

Publikasi Organisasi Kesehatan Dunia kandha, ”Ana saya akèh penyakit sing muncul kèt taun 2001. Penyakit-penyakit sing wis ana kèt mbiyèn, kaya kolera, pes, lan demam kuning, muncul manèh. Terus, ya ana penyakit anyar sing muncul, misalé SARS, wabah flu, MERS, Ebola, lan Zika.” Sing lagi waé iki ana pandemi COVID-19. Senajan ilmu kedokteran saya maju, ning ora ana ilmuwan utawa dokter sing isa nemokké obat kanggo kabèh penyakit.

5. GAWÉAN NGINJIL DITINDAKKÉ ING SAK DONYA

Gambar bumi sing dikelilingi karo garis panah lan ana Alkitab sing kebukak ing sebelahé.

Yésus ya ngandhani soal tandha liyané. Dhèwèké ngomong, ”Kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka.” (Matius 24:14) Senajan akèh masalah ing donya iki, ana luwih saka wolung yuta wong sing martakké kabar apik soal Kratoné Allah ing 240 negara nggunakké luwih saka 1.000 basa. Kuwi peristiwa sing durung tau kelakon sakdurungé.

APA SING BAKAL KELAKON BAR KUWI?

Peristiwa-peristiwa sing Yésus omongké kuwi wis kelakon ing jaman saiki. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nggatèkké kuwi? Merga Yésus ngomong ”nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Kratoné Allah wis cedhak”.​—Lukas 21:31.

Yésus sing wis dadi Raja lungguh ing takhtané sing ana ing swarga lan ing ngisoré ana bumi firdaus.

Ora suwé manèh, Kratoné Allah bakal nggawé kepénginané Gusti Allah kelakon ing bumi

Nèk nggatèkké tandha saka Yésus lan ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Gusti Allah wis ngedegké Kratoné ing swarga ing taun 1914.a Ing taun kuwi, Gusti Allah ya nglantik Yésus Kristus dadi Raja. (Jabur 2:2, 4, 6-9) Ora suwé manèh, Kratoné Allah bakal mréntah bumi. Wektu kuwi, Kratoné Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa lan nggawé bumi dadi firdaus manèh bèn isa dienggoni karo manungsa saklawasé.

Bar kuwi, kata-kata ing conto donga sing diajarké Yésus yaiku ”Kraton Panjenengan mugi rawuh. Kersa Panjenengan mugi kelakon ing bumi, kaya ing swarga” bakal bener-bener kelakon. (Matius 6:10) Ning, apa waé sing wis ditindakké Kratoné Allah mulai taun 1914? Apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah wektu wis mréntah manungsa? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug kuwi.

a Bèn ngerti luwih akèh soal taun 1914, deloken Pelajaran 32 saka buku Bahagia Saklawasé, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim