PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 3 hlm. 14-15
  • Njenengan Isa Nampa Berkah saka Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Njenengan Isa Nampa Berkah saka Gusti Allah
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sinau saka Mukjijaté Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Awaké Dhéwé Isa Ngerti Soal Gusti Allah Liwat Para Nabiné
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Apa Waé Tugasé Yésus ing Bumi?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 3 hlm. 14-15
Wong-wong sing béda latar belakangé kumpul bareng ing donya anyar.

”Bumi wus mènèhaké pametuné, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.”​—JABUR 67:7

Njenengan Isa Nampa Berkah saka Gusti Allah

Gusti Allah janji karo Nabi Abraham nèk salah siji keturunané bakal mènèhi berkah kanggo ”sakèhé para bangsa ing bumi”. (Purwaning Dumadi 22:18) Sapa keturunan sing dimaksud kuwi?

Kira-kira 2.000 taun kepungkur, Gusti Allah wis mènèhi Yésus kuwasa kanggo nindakké akèh mukjijat. Kuwi nduduhké nèk Yésus sing bakal nggenepi janjiné Gusti Allah marang Abraham.​—Galatia 3:14.

Mukjijaté Yésus nduduhké nèk dhèwèké sing dipilih Gusti Allah kanggo mberkahi manungsa. Mukjijat-mukjijat kuwi ya nduduhké nèk Yésus sing bakal digunakké Gusti Allah kanggo mberkahi manungsa saklawasé. Saka mukjijat-mukjijaté Yésus, awaké dhéwé dadi ngerti sipat-sipaté.

Perduli—Yésus marèkké wong lara.

Ana wong sing kena penyakit kusta njaluk karo Yésus bèn dimarèkké. Yésus ndemèk wong kuwi lan kandha, ”Aku gelem.” Lan wong kuwi langsung mari saka penyakité.​—Markus 1:40-42.

Loma—Yésus mènèhi panganan.

Yésus ora péngin ana wong sing kurang pangan. Yésus tau nggawé mukjijat mènèhi pangan éwonan wong mung nganggo roti lan iwak sing jumlahé sithik. (Matius 14:17-21; 15:32-38) Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg lan panganané malah turah akèh.

Welas Asih—Yésus nguripké manèh wong mati.

Merga ”ngrasa mesakké”, Yésus nguripké manèh anak lanangé randha sing wis ora nduwé sapa-sapa manèh.​—Lukas 7:12-15.

NAMPA BERKAH SAKLAWASÉ

Yésus wis nduduhké nèk Gusti Allah nduwé kuwasa kanggo mberkahi manungsa. Ing masa depan, Gusti Allah bakal nggunakké Yésus kanggo mberkahi kabèh manungsa.

Piyé keadaan bumi wektu Gusti Allah nggenepi janji sing wis digawé karo Abraham? Wong-wong sing nresnani lan manut karo Gusti Allah ”bakal padha olèh warisan bumi” lan wong-wong kuwi padha ”bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”. (Jabur 37:11) ”Pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh.”​—Wahyu 21:4.

Isa urip bahagia saklawasé ing bumi kuwi berkah sing luar biasa. Bèn isa ngerti luwih akèh soal berkah sing bakal diwènèhi Gusti Allah liwat Yésus, njenengan isa mbukak situs www.jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim