PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 16
  • Apa Waé Tugasé Yésus ing Bumi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Waé Tugasé Yésus ing Bumi?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Sinau saka Mukjijaté Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Yésus Kuwi Sapa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Yésus Kuwi Sifat-sifaté Piyé?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Yésus Kristus Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 16
Pelajaran 16. Yésus mulang wong akèh ing bukit.

PELAJARAN 16

Apa Waé Tugasé Yésus ing Bumi?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Wektu krungu soal Yésus, ana sing mikir nèk Yésus kuwi mung bayi, utawa nabi, utawa wong sing arep mati. Ing Alkitab ana keterangan luwih akèh soal Yésus wektu dhèwèké ing bumi. Apa waé tugasé Yésus lan piyé carané niru dhèwèké?

1. Apa tugas utamané Yésus?

Tugas utamané Yésus yaiku martakké ”kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah”. (Wacanen Lukas 4:​43.) Dhèwèké ngandhani nèk Gusti Allah bakal nggawé kerajaan utawa pemerintahan sing isa ngatasi masalahé manungsa.a Kuwi dilakoni Yésus nganti telung taun setengah.​—Matius 9:​35.

2. Mukjijaté Yésus kuwi bukti apa?

Ing Alkitab disebutké nèk ana akèh ”mukjijat lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah  . . . liwat Yésus”. (Kisah 2:​22) Yésus dikèki kuwasa Gusti Allah kanggo ngendhegké badai, mènèhi mangan wong-wong, nambani wong lara, lan nguripké wong mati. (Matius 8:​23-​27; 14:​15-​21; Markus 6:​56; Lukas 7:​11-​17) Kuwi bukti nèk Yésus diutus Yéhuwah lan nèk Yéhuwah isa ngatasi kabèh masalahé manungsa.

3. Piyé carané niru Yésus?

Yésus terus manut karo Yéhuwah. (Wacanen Yohanes 8:​29.) Nganti mati, dhèwèké tetep manut karo préntahé Yéhuwah meskipun dimungsuhi. Dhèwèké mbuktèkké nèk manungsa isa tetep setya karo Gusti Allah meskipun ngadhepi masalah sing abot. Yésus mènèhi ”conto” sing isa ditiru.​—1 Pétrus 2:​21.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan soal piyé Yésus martakké kabar apik lan nggawé mukjijat.

4. Yésus martakké kabar apik

Yésus mlaku adoh banget bèn isa martakké kabar apik. Wacanen Lukas 8:​1, terus rembugen pertanyaan- pertanyaan iki:

  • Apa Yésus nyritakké kabar apik mung marang wong-wong sing marani dhèwèké?

  • Piyé bèn Yésus isa ketemu wong-wong?

Gusti Allah ngandhani nèk Mésias bakal martakké kabar apik. Wacanen Yésaya 61:​1, 2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa buktiné nèk sing dilakoni Yésus cocog karo ramalan kuwi?

  • Menurut njenengan, apa wong-wong saiki perlu ngerti kabar apik kuwi?

Yésus nginjil ing désa karo murid-muridé.

5. Yésus mènèhi saran-saran sing apik

Yésus ora mung ngandhani wong-wong soal Kerajaané Gusti Allah, tapi ya mènèhi saran-saran sing apik. Contoné, ceramahé Yésus ing gunung. Wacanen Matius 6:​14, 34 lan 7:12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Yésus mènèhi saran apa waé?

  • Apa wong-wong jaman saiki ya butuh saran-saran kuwi?

Yésus ceramah ing gunung.

6. Yésus nggawé mukjijat

Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa bèn isa nggawé mukjijat. Contoné, wacanen Markus 5:​25-​34 utawa setèlen VIDÉONÉ. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Yésus Nambani Wong Wédok (5:​10)

  • Wong wédok kuwi yakin banget soal apa?

  • Apa sing njenengan senengi bar maca soal mukjijat kuwi?

Wacanen Yohanes 5:​36, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Mukjijaté Yésus dadi ”kesaksian” utawa bukti apa?

Yésus nyekel tangané wong wédok sing bar lara pendarahan bèn ora wedi manèh.

Keterangan

Kisahé Yésus ana ing buku Matius, Markus, Lukas, karo Yohanes. Saben penulisé nyritakké kisahé Yésus nganggo cara sing béda-béda. Nèk papat-papaté diwaca kabèh, awaké dhéwé isa éntuk keterangan sing luwih akèh soal Yésus.

  • MATIUS

    kuwi sing pertama kali nulis kisahé Yésus, terutama piyé Yésus ngandhani wong-wong soal Kerajaané Gusti Allah.

  • MARKUS

    kuwi sing paling sithik nulis kisahé Yésus. Isi tulisané akèh-akèhé soal mukjijaté Yésus.

  • LUKAS

    nulis nèk ndonga kuwi penting banget lan nèk Yésus apikan karo wong wédok.

  • YOHANES

    nulis sing diomongké Yésus karo kanca-kancané lan wong liya. Nèk ngerti soal kuwi, awaké dhéwé isa ngerti sifat-sifaté Yésus.

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Yésus kuwi Tuhan.”

  • Menurut njenengan piyé?

KESIMPULAN

Yésus nggawé mukjijat, terus manut karo Yéhuwah, lan ngandhani wong-wong soal Kerajaané Gusti Allah.

Jawaben

  • Apa tugas utamané Yésus wektu ing bumi?

  • Mukjijaté Yésus dadi bukti apa?

  • Yésus mènèhi saran apa waé?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Yésus paling kerep ngomongké soal apa?

”Kerajaané Gusti Allah Kuwi Penting kanggo Yésus” (Warta Penting 1 Oktober 2014)

Apa buktiné nèk mukjijaté Yésus kelakon tenan?

”Saka Mukjijaté Yésus, Awaké Dhéwé Isa Ngerti soal Apa?” (Warta Penting 15 Juli 2004)

Wacanen pengalamané wong sing akhiré dadi perduli karo wong liya merga niru Yésus.

”Aku Mung Mikirké Awakku Dhéwé” (Warta Penting 1 Oktober 2014)

Peristiwa apa waé sing ana hubungané karo Yésus wektu dhèwèké ing bumi?

”Peristiwa Penting Wektu Yésus ing Bumi” (Lampiran A7 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar)

a Ana keterangan luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah ing pelajaran 31-​33.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim