PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 15
  • Yésus Kuwi Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésus Kuwi Sapa?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Yésus Kristus Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Yésus Kuwi Sifat-sifaté Piyé?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Waé Tugasé Yésus ing Bumi?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Ngapa Kok Yésus Disebut Anaké Gusti Allah?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 15
Pelajaran 15. Yésus ing ladhang gandum.

PELAJARAN 15

Yésus Kuwi Sapa?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Umumé wong ngerti soal Yésus tapi mung ngerti jenengé, ora kenal karo wongé. Pendapaté wong soal Yésus béda-béda, tapi piyé menurut Alkitab?

1. Yésus kuwi sapa?

Mbiyèn Yésus kuwi malaékat ing swarga. Dhèwèké sing diciptakké pertama kali, makané disebut ”ciptaan sing pertama”. (Kolose 1:​15) Merga langsung diciptakké Yéhuwah, Yésus disebut ”Anaké siji-sijiné”. (Yohanes 3:​16) Yésus mbantu wektu Yéhuwah nyiptakké sak kabèhé. (Wacanen Wulang Bebasan 8:​30.) Yésus akrab banget karo Yéhuwah. Dhèwèké disebut ”Sabda”, soalé dhèwèké sing nyampèkké omongané Gusti Allah.​—Yohanes 1:​14.

2. Ngapa kok Yésus teka ing bumi?

Kira-kira 2.000 taun mbiyèn, liwat roh suciné, Yéhuwah mindhah Yésus saka swarga ing wetengé prawan sing jenengé Maria. Terus, Yésus lair dadi manungsa. (Wacanen Lukas 1:​34, 35.) Yéhuwah ngongkon Yésus teka ing bumi bèn manungsa isa urip saklawasé.a Yésus dadi Mésias utawa Kristus sing dijanjèkké. Kabèh sing dialami Yésus cocog karo ramalan ing Alkitab soal Mésias, makané wong-wong isa ngerti nèk dhèwèké ”Kristus, Anaké Gusti Allah sing urip”.​—Matius 16:16.

3. Yésus saiki ing endi?

Sakwisé mati, Yésus diuripké manèh, terus bali ing swarga dadi malaékat. Ing kana, ”Gusti Allah mènèhi dhèwèké kedudukan sing luwih dhuwur timbang sing sakdurungé”. (Filipi 2:9) Yésus saiki kedudukané nomer loro sak ngisoré Yéhuwah.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan luwih akèh soal Yésus kuwi sapa lan ngapa kok kudu ngerti soal Yésus.

Yésus lan Yohanes Pembaptis ing kali karo ngrungokké swara saka langit bar Yésus dibaptis.

4. Yésus dudu Gusti Allah sing Mahakuwasa

Meskipun Yésus kuwi malaékat sing kuwasané gedhé, dhèwèké tetep manut karo Yéhuwah. Apa buktiné nèk Yésus dudu Gusti Allah sing Mahakuwasa? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Apa Yésus Kristus Kuwi Gusti Allah? (3:​22)

Yésus kuwi apané Yéhuwah? Wacanen ayat-ayat iki, terus rembugen pertanyaan-pertanyaané:

Wacanen Lukas 1:​30-​32.

  • Menurut malaékat, Yésus kuwi apané Yéhuwah, Gusti Allah ”Sing Mahaluhur”?

Wacanen Matius 3:​16, 17.

  • Pas Yésus dibaptis, ana swara apa saka langit?

  • Kuwi swarané sapa?

Wacanen Yohanes 14:28.

  • Sing luwih tuwa lan sing luwih kuwasa kuwi bapak utawa anak?

  • Ing ayat kuwi Yésus ngundang Yéhuwah ”Bapak”. Berarti Yéhuwah kuwi piyé timbang Yésus?

Wacanen Yohanes 12:49.

  • Apa Yésus nganggep nèk dhèwèké kuwi ”Bapak”? Nèk menurut njenengan piyé?

5. Bukti nèk Yésus kuwi Mésias

Wong-wong isa ngerti soal Mésias sing dipilih Gusti Allah nèk maca ramalan ing Alkitab. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti ramalan apa waé sing kelakon wektu Yésus ing bumi.

VIDÉO: Ramalan soal Yésus Kelakon (3:​03)

Wacanen ramalan-ramalan iki, terus rembugen pertanyaan-pertanyaané:

Wacanen Mikha 5:2 bèn ngerti Mésias lair ing endi.b

  • Apa lairé Yésus cocog karo ramalan kuwi?​—Matius 2:1.

Wacanen Mazmur 34:20 lan Zakharia 12:10 bèn ngerti ramalan soal matiné Mésias.

  • Apa ramalan kuwi kelakon? ​—Yohanes 19:​33-​37.

  • Menurut njenengan, apa Yésus sengaja ngepas-ngepaské bèn ramalan kuwi kelakon?

  • Berarti Yésus kuwi sapa?

6. Manfaaté ngerti soal Yésus

Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ngerti soal Yésus lan tugasé. Wacanen Yohanes 14:6 lan 17:​3, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok kudu kenal Yésus?

Yésus mulang wong-wong.

Yésus kaya dalan sing isa nggawé awaké dhéwé dadi kancané Gusti Allah. Dhèwèké ngajarké sing bener soal Yéhuwah. Nèk percaya karo dhèwèké, awaké dhéwé isa urip saklawasé

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya Yésus.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Yésus kuwi malaékat, anaké Gusti Allah, lan Mésias.

Jawaben

  • Ngapa kok Yésus disebut ”ciptaan sing pertama”?

  • Apa tugasé Yésus sakdurungé ing bumi?

  • Apa buktiné nèk Yésus kuwi Mésias?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa waé buktiné nèk Yésus kuwi Mésias?

”Apa Yésus Kuwi Mémang Mésias sing Diramalké?” (Artikel ing jw.org)

Menurut Alkitab, Yésus kuwi apané Gusti Allah?

”Ngapa Kok Yésus Disebut Anaké Gusti Allah?” (Artikel ing jw.org)

Apa buktiné nèk Tritunggal dudu ajaran ing Alkitab?

”Apa Yésus Kuwi Gusti Allah?” (Warta Penting 1 April 2009)

Wacanen pengalamané wong wédok sing akhiré percaya karo Yésus sakwisé sinau Alkitab.

”Wong Wédok Yahudi Akhiré Ngerti Ajaran sing Bener saka Alkitab” (Gatèkna! Mei 2013)

a Ing pelajaran 26 karo 27 bakal dirembug ngapa manungsa ora isa urip saklawasé lan piyé carané Yésus nggawé manungsa isa urip saklawasé.

b Deloken Cathetan 2 bèn isa ngerti ramalan soal kapan Mésias ana ing bumi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim