PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 Oktober hlm. 3
  • Carané Bèn Dadi Sregep Sinau Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Dadi Sregep Sinau Alkitab
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Rajin Pelajaran Pribadi Bèn Tetep Waspada
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Apa Panjenengan Terus Ngabdi marang Yéhuwah?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Tirunen Danièl
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Sinau Ramalan ing Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 Oktober hlm. 3

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Bèn Dadi Sregep Sinau Alkitab

Piyé carané bèn tetep setya senajan ngadhepi tentangan kaya Dhanièl? Dhanièl sregep sinau Kitab Suci lan ramalan-ramalan sing ora gampang dingertèni. (Dn 9:2) Kita isa tetep setya nèk sregep sinau Alkitab. Kok isa? Merga kuwi isa nggawé kita dadi saya yakin nèk janji-janjiné Yéhuwah bakal kelakon. (Ys 23:14) Kita uga isa dadi saya tresna marang Gusti Allah lan kepéngin nindakké sing bener. (Ms 97:10) Ning, piyé carané sinau? Gatèkna saran-saran iki.

Dhanièl sinau Kitab Suci
  • Apa sing kudu tak sinaoni? Panjenengan perlu ajeg sinau lan nyiapké bahan sing arep dirembug ing pakumpulan ibadah. Panjenengan uga isa éntuk paédah nèk sinau luwih akèh bab katrangan sing ora dingertèni saka jadwal maca Alkitab kanggo saben minggu. Ana uga sing pilih sinau luwih akèh bab ramalan-ramalan ing Alkitab, wohing roh suciné Yéhuwah, perjalanan utusan injilé rasul Paulus, utawa bab pakaryané Yéhuwah. Nèk misalé ana pitakonan, tulisen lan dadèkna kuwi kanggo bahan sinau ing proyèk sakbanjuré.

  • Ing ngendi aku isa nemokké katrangan luwih akèh? Deloken vidéo Bantuan kanggo Sinau Alkitab. Kanggo latihan, golèkana katrangan luwih akèh bab idèntitasé para panguwasa ing donya sing digambarké nganggo kéwan-kéwan buwas ing Dhanièl bab 7.

  • Sepira suwéné kuduné aku sinau? Bèn séhat rohaniné, panjenengan kudu ajeg sinau. Panjenengan isa mulai sinau sedhéla, banjur saya suwé wektu sinauné isa ditambahi manèh. Sinau Alkitab kuwi kaya nggolèk harta karun. Saya akèh harta karun sing ditemokké, panjenengan bakal saya péngin nggolèki manèh. (WB 2:3-6) Panjenengan mesthi bakal dadi saya seneng lan ajeg sinau Alkitab.​—1Pt 2:2.

    Kanggo katrangan luwih akèh bab carané bèn sinauné dadi luwih nyenengké, deloken Sedarlah! sasi Februari 2012.

KÉWAN-KÉWAN BUWAS ING DHANIÉL BAB 7 NGGAMBARKÉ APA?

  • Kéwan buwas kaya singa sing nduwé swiwi kaya manuk elang

    Dn 7:4

  • Kéwan buwas kaya bruwang sing cangkemé lagi nyokot balung iga telu

    Dn 7:5

  • Kéwan buwas kaya macan tutul sing endhasé papat lan nduwé swiwi papat ing gegeré

    Dn 7:6

  • Kéwan buwas sing medèni sing untuné wesi gedhé-gedhé lan nduwé sungu sepuluh

    Dn 7:7

PITAKONAN TAMBAHAN:

Piyé ramalan ing Dhanièl 7:8, 24 kelakon?

Sungu cilik sing ana mripat lan cangkemé njedhul ing tengahé sepuluh sungu, lan nggawé telung sungu liyané dadi copot

PROYÈK SAKBANJURÉ:

Kéwan-kéwan buwas sing ana ing Wahyu bab 13 nggambarké apa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim