PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 Maret hlm. 8
  • Carané Bèn Saya Nresnani Gusti Allah lan Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Saya Nresnani Gusti Allah lan Wong Liya
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Éntuk Manfaat Pas Maca Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Bèn Anak-Anak Seneng Maca—Bagéan 1: Pilih Maca utawa Nonton?
    Bantuan kanggo Keluarga
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 Maret hlm. 8

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Bèn Saya Nresnani Gusti Allah lan Wong Liya

Wong Kristen ora nindakké Hukum Musa. Ning, rong préntah sing paling penting ing hukum kuwi yaiku nresnani Gusti Allah lan wong liya, isih dadi préntah saka Yéhuwah sing paling penting kanggo kita. (Mat 22:37-39) Sipat tresna kuwi dudu gawan bayi. Kuwi kudu diupayakké. Piyé carané? Cara sing penting yaiku maca Alkitab saben dina. Wektu kita mikirké tenanan sipat-sipaté Yéhuwah saka Alkitab, kita bakal ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi apikan. (Ms 27:4) Hasilé, kita bakal saya nresnani Yéhuwah lan cara mikir kita saya mirip karo Yéhuwah. Kuwi sing nggawé kita gelem nindakké préntahé, klebu préntah kanggo nresnani wong liya. (Yoh 13:34, 35; 1Yoh 5:3) Ing kéné ana telung cara bèn maca Alkitab isa luwih nyenengké:

  • Bayangna. Bayangna nèk panjenengan ing kana. Apa sing panjenengan delok, rungokké, lan ambu? Kira-kira, piyé perasaané wong sing ana ing kono?

    Sedulur lanang lagi mbayangké kedadéan sing diwaca saka Alkitab
  • Pilihen bagéan sing disenengi. Iki pilihané, Wacanen nganggo swara, utawa nganggo rekaman Alkitab. Ketimbang maca urut saka ngarep tekan mburi, wacanen bab tokoh utawa topik Alkitab. Contoné, wektu lagi maca bab Yésus gunakna brosur Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bagéan 4 lan 16. Wacanen sak bab saka ayat harian dina kuwi. Wacanen manut urutan kapan buku kuwi ditulis.

    Sedulur wédok lagi maca Alkitab saka jw.org
  • Maca bèn isa paham. Aja maca akèh bab bèn cepet rampung. Luwih apik maca sak bab saben dina ning dipikirké tenanan lan ngupaya bèn isa paham. Gatèkna kahanané. Pikirna rincian-rinciané. Gunakna péta lan referensi silang. Sinaua luwih akèh bab sing ora dingertèni, paling ora siji. Nèk isa, gunakna jumlah wektu sing padha antarané maca karo mikirké tenanan.

    Brosur Tuntunan kanggo Sinau
    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim