ARTIKEL PELAJARAN 7
Carané Éntuk Manfaat Pas Maca Alkitab
”Apa sing ditulis ing Taurat? Nèk menurutmu, kuwi maksudé apa?”—LUK. 10:26.
LAGU 97 Tuntunané Yéhuwah ing Kitab Suci
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Apa buktiné nèk Yésus nganggep Kitab Suci penting?
SELAMA ing bumi, Yésus kerep ngutip kata-kata ing Kitab Suci. Misalé bar dibaptis, Yésus ngutip kata-kata saka Hukum Musa. Terus, sakdurungé mati Yésus ya ngutip kata-kata ing Kitab Suci.b (PT. 8:3; Mzm. 31:5; Luk. 4:4; 23:46) Selama telung taun setengah pelayanané, Yésus kerep maca gulungan Kitab Suci ing ngarepé wong akèh, ngutip kata-kata ing Kitab Suci, lan njelaské maksudé.—Mat. 5:17, 18, 21, 22, 27, 28; Luk. 4:16-20.
Yésus kerep maca lan seneng isiné Kitab Suci (Deloken paragraf 2)
2. Kok isa Yésus ngerti tenan isiné Kitab Suci? (Deloken gambar halaman 1.)
2 Yésus kerep maca lan ngrungokké isiné Kitab Suci. Mesthiné Yusuf karo Maria ya kerep ngobrolké isiné Kitab Suci sak keluarga.c (PT. 6:6, 7) Yusuf sak keluarga ya selalu teka ing sinagogé saben dina Sabat. (Luk. 4:16) Yésus ora mung teka thok, tapi dhèwèké ya ngrungokké tenanan pas isiné Kitab Suci diwacakké. Yésus dhéwé ya seneng maca Kitab Suci. Hasilé, Yésus ngerti lan seneng isiné Kitab Suci. Tapi ora mung kuwi. Pas Yésus umur 12 taun guru-guru agama sing ngerti Hukum Musa ”kagum banget karo pengetahuan lan jawaban-jawabané Yésus”.—Luk. 2:46, 47, 52.
3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
3 Awaké dhéwé ya isa seneng lan ngerti isiné Alkitab nèk kuwi kerep diwaca. Tapi, piyé carané bèn isa éntuk manfaat pas maca Alkitab? Awaké dhéwé arep sinau saka omongané Yésus karo para penulis, wong Farisi, lan wong Saduki. Para pemimpin kuwi maca Kitab Suci, tapi ora éntuk manfaat. Saka omongané Yésus karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk kudu ngupaya ngerti sing diwaca, ngerti pelajarané, lan bèn sing diwaca mlebu ati.
BÈN NGERTI SING DIWACA
4. Nèk nggatèkké cerita ing Lukas 10:25-29, pas maca Alkitab awaké dhéwé kudu piyé?
4 Pas maca Alkitab, awaké dhéwé kudu berupaya bèn paham maksudé sing diwaca. Nèk ora, kuwi ora ana manfaaté. Misalé, gatèkna pas Yésus omong-omongan karo ”ahli Taurat”. (Wacanen Lukas 10:25-29.) Pas ahli Taurat kuwi takon piyé carané bèn isa urip saklawasé, Yésus ngomong, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Nèk menurutmu, kuwi maksudé apa?” Ahli Taurat kuwi ngutip saka Kitab Suci nèk kudu nresnani Gusti Allah lan wong liya. (Km. 19:18; PT. 6:5) Jawabané bener. Tapi bar kuwi dhèwèké takon, ”Sakjané, wong liya sing kudu tak tresnani kuwi sapa?” Ahli Taurat kuwi ora paham maksudé sing diwaca. Akibaté dhèwèké ora isa ngetrapké sing diwaca.
Nèk terus berupaya paham sing diwaca, njenengan suwé-suwé mesthi isa
5. Apa manfaaté nèk ndonga lan maca alon-alon?
5 Bèn isa paham karo apa sing diwaca, kudu nduwé kebiasaan sing apik. Pertama, kudu ndonga sik. Bèn isa paham sing diwaca, awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa njaluk bèn fokus selama maca. Terus, macané alon-alon waé. Nèk macané alon-alon, awaké dhéwé isa ngerti ceritané. Coba macané nganggo swara utawa ngrungokké rekaman audio. Nèk maca karo ngrungokké, awaké dhéwé isa kèlingan karo sing diwaca. (Yos. 1:8) Bar rampung maca, awaké dhéwé isa ndonga manèh. Awaké dhéwé isa ngomong maturnuwun lan njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngetrapké.
Awaké dhéwé isa luwih paham lan kèlingan karo sing diwaca nèk nggawé cathetan (Deloken paragraf 6)
6. Apa manfaaté nèk mikirké pertanyaan-pertanyaan lan nggawé cathetan? (Deloken gambar kanggo paragraf 6.)
6 Ana saran-saran liyané. Misalé, mikirké pertanyaan-pertanyaan iki, ’Sapa waé tokoh utamané? Sapa sing ngomong? Dhèwèké ngomong karo sapa? Ngapa kok dhèwèké ngomong kaya ngono? Ing endi lan kapan kuwi kelakon?’ Nèk mikirké pertanyaan-pertanyaan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti ceritané. Terus, isa nggawé cathetan. Wektu njenengan nulis, njenengan mesthi mikir sik apa sing arep ditulis. Dadi, njenengan bakal luwih paham. Njenengan isa nulis pertanyaané, nggolèk jawabané, nulis pelajarané, carané ngetrapké, utawa mung nulis perasaané njenengan. Hasilé, njenengan isa ngrasakké nèk isiné Alkitab kuwi saka Yéhuwah langsung kanggo njenengan.
7. Pas maca Alkitab kudu piyé? (Matius 13:12)
7 Yésus ngandhani bèn isa ngerti tenan isiné Alkitab, kudu nduwé pemahaman. (Wacanen Matius 13:12.) Wong sing nduwé pemahaman isa ngerti hubungané ayat sing diwaca karo ayat utawa keterangan liyané. Terus, ya isa ngubungké sing lagi diwaca karo apa sing lagi kelakon utawa sing bakal kelakon. Yésus ya ngomong nèk wong sing kaya ngono isa nitèni peristiwa-peristiwa sing dadi bukti nèk ramalan ing Alkitab wis kelakon. (Mat. 24:15) Nèk nduwé pemahaman, awaké dhéwé isa ngerti tenan apa sing diwaca.
8. Piyé bèn isa nduwé pemahaman?
8 Ndongaa karo Yéhuwah njaluk bèn isa nduwé pemahaman. (WB. 2:6) Sesuai karo dongané njenengan, sing diwaca kudu ditliti tenan. Terus ya isa dihubungké karo sing wis dipahami. Coba karo maca bacaan-bacaan saka organisasi kaya Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk maca bacaan-bacaan kaya ngono, awaké dhéwé isa ngerti maksudé saka ayat-ayat tertentu lan ngerti carané ngetrapké. (Ibr. 5:14) Hasilé, awaké dhéwé isa luwih ngerti isiné Alkitab.
BÈN NGERTI PELAJARANÉ
9. Wong Saduki ora ngerti pelajaran penting apa saka Kitab Suci?
9 Meskipun wis apal lima buku pertama saka Kitab-Kitab Ibrani, tapi wong Saduki ora ngerti pelajaran pentingé. Misalé, Yésus tau omong-omongan karo wong-wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. Wektu kuwi Yésus ngomong, ”Apa kowé ora tau maca ing kitab Musa kisah soal semak berduri sing metu geniné? Pas Gusti Allah kandha, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’” (Mrk. 12:18, 26) Wong Saduki mesthi wis kerep maca kisah kuwi, tapi ora ngerti pelajarané nèk wong mati isa diuripké manèh.—Mrk. 12:27; Luk. 20:38.d
10. Apa waé sing kudu digatèkké pas maca Alkitab?
10 Nèk awaké dhéwé kudu piyé? Pas maca ayat utawa kisah ing Alkitab, coba golèki apa waé pelajarané. Awaké dhéwé ora mung péngin nggolèki pelajaran-pelajaran sing gampang thok, tapi ya berupaya nggolèki pelajaran-pelajaran penting liyané sing mungkin ora langsung kétok.
11. Menurut 2 Timotius 3:16, 17, piyé carané bèn éntuk pelajaran penting pas maca Alkitab?
11 Piyé carané bèn isa ngerti pelajaran penting pas maca Alkitab? Gatèkna 2 Timotius 3:16, 17. (Wacanen.) Menurut ayat kuwi ’kabèh sing ditulis ing Kitab Suci gunané’ kanggo (1) mulang, (2) ngandhani nèk salah, (3) nggawé sing salah dadi bener, lan (4) nglatih kanggo nindakké apa sing bener. Njenengan isa éntuk papat manfaat kuwi, bahkan saka buku-buku sing jarang dipelajari. Pas maca Alkitab, gatèkna piyé ayat sing diwaca isa mulang awaké dhéwé soal Yéhuwah, tujuané, lan pathokané. Terus pikirna piyé ayat kuwi isa ngandhani nèk ana sipat utawa kepénginan sing kudu diubah bèn isa nyenengké Yéhuwah. Terus, ayat mau ya isa nggawé sing salah dadi bener manèh. Misalé, awaké dhéwé ora bakal bingung nèk ketemu karo wong sing pandhangané ora sesuai karo Alkitab. Ayat kuwi ya isa nglatih awaké dhéwé bèn isa nduwé pikiran sing padha kaya Yéhuwah. Nèk mikirké papat manfaat kuwi pas maca Alkitab, awaké dhéwé isa éntuk pelajaran pentingé.
SING DIWACA KUDU MLEBU ATI
12. Ngapa kok Yésus takon karo wong Farisi, ”Apa kowé durung tau maca?”
12 Pas dina Sabat, wong-wong Farisi nganggep nèk muridé Yésus nglanggar aturan soal dina Sabat. Yésus takon, ”Apa kowé durung tau maca?” Yésus takon kaya ngono kanggo nduduhké nèk wong Farisi salah. (Mat. 12:1-7)e Yésus ngutip loro kisah saka Alkitab lan ayat saka Hoséa kanggo nduduhké nèk wong Farisi malah sing ora paham karo hukum soal dina Sabat. Ngapa kok sikapé wong Farisi kaya ngono padahal wis kerep maca Kitab Suci? Merga wektu maca Kitab Suci tujuané kanggo nyalahké wong liya. Merga sikapé salah, wong-wong kuwi ora paham karo apa sing diwaca.—Mat. 23:23; Yoh. 5:39, 40.
13. Pas maca Alkitab awaké dhéwé kudu piyé, lan kenapa?
13 Ora kaya wong Farisi, awaké dhéwé kudu nduwé sikap sing bener pas maca Alkitab. Menurut Yakobus 1:21, awaké dhéwé ’kudu rendah hati wektu omongané Gusti Allah dilebokké ing ati’. Nèk rendah hati lan ora nggolèk salahé wong liya pas maca Alkitab, awaké dhéwé bakal isa luwih apikan, sabar, lan sayang karo wong liya.
Awaké dhéwé isa ngerti saka endi nèk sing diwaca ing Alkitab mlebu ati? (Deloken paragraf 14)f
14. Apa buktiné nèk sing diwaca ing Alkitab mlebu ati? (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)
14 Merga sing diwaca wong Farisi ora mlebu ati, wong-wong kuwi seneng ”nyalahké wong-wong sing ora salah”. (Mat. 12:7) Awaké dhéwé dadi ngerti nèk sing diwaca ing Alkitab kuwi wis mlebu ati apa durung, kuwi kétok saka perbuatané awaké dhéwé. Awaké dhéwé luwih kerep ngomongké kelebihané wong liya utawa malah kerep ngomongké kesalahané? Awaké dhéwé apikan lan seneng ngapura wong liya utawa malah seneng nggolèk-nggolèk salahé wong liya lan dendam? Nèk sing diwaca ing Alkitab mlebu ati, kuwi isa mempengaruhi perasaan, pikiran, lan perbuatané awaké dhéwé.—1 Tim. 4:12, 15; Ibr. 4:12.
TERUS SENENG MACA ALKITAB
15. Piyé perasaané Yésus karo Kitab Suci?
15 Ing Mazmur 40:8, ana ramalan soal Yésus, ”Oh Gusti Allahku, aku seneng nindakké kepénginan-Mu, lan hukum-Mu ana ing atiku.” Merga seneng karo isiné Kitab Suci, Yésus isa bahagia lan terus setya nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa bahagia lan setya nglayani Yéhuwah nèk sing diwaca ing Alkitab mlebu ati.—Mzm. 1:1-3.
16. Njenengan péngin nyoba cara sing endi bèn isa éntuk manfaat pas maca Alkitab? (Deloken kothak ”Sinau saka Omongané Yésus”.)
16 Awaké dhéwé kudu berupaya bèn isa éntuk manfaat pas maca Alkitab. Carané, ndonga, maca alon-alon, mikirké pertanyaan-pertanyaan, lan nggawé cathetan. Pas maca Alkitab kudu nduwé pemahaman. Carané, coba pelajari tenanan ayat-ayaté nganggo publikasi saka organisasi. Awaké dhéwé ya isa nggolèk pelajaran penting saka ayat-ayat ing Alkitab, bahkan saka ayat-ayat sing jarang dipelajari. Pas maca Alkitab ya kudu nduwé sikap sing bener bèn isa mlebu ati. Hasilé, awaké dhéwé bakal luwih paham isiné Alkitab lan tambah cedhak karo Yéhuwah.—Mzm. 119:17, 18; Yak. 4:8.
LAGU 95 Dalan sing Bener Saya Padhang
a Umaté Yéhuwah berupaya bèn isa maca Alkitab saben dina. Akèh wong ya ngono. Tapi, wong-wong kuwi ora ngerti apa sing diwaca. Mbiyèn pas jamané Yésus ya ana wong-wong sing kaya ngono. Awaké dhéwé bakal sinau kata-katané Yésus karo wong-wong kuwi bèn isa éntuk manfaat pas maca Alkitab.
b Pas dibaptis lan éntuk roh suci, Yésus kèlingan karo kabèh sing tau dialami pas ing swarga.—Mat. 3:16.
c Maria ngerti tenan lan sering ngutip isiné Kitab Suci. (Luk. 1:46-55) Kétoké Yusuf karo Maria ora nduwé dhuwit kanggo tuku kuwi. Makané pas isiné Kitab Suci diwacakké ing sinagogé, mesthi wong loro kuwi ngrungokké tenanan.
d Deloken artikel ”Mendekatlah kepada Allah—’Aku Adalah . . . Allah Orang Hidup’” ing Menara Pengawal 1 Februari 2013.
e Ing Matius 19:4-6, Yésus ya tau takon karo wong Farisi, ”Apa kowé durung tau maca?” Wong Farisi wis tau maca kisah penciptaan, tapi ora paham pandhangané Yéhuwah soal perkawinan.
f GAMBAR: Pas pertemuan ibadah, ana sedulur ing bagéan audio vidéo sing nggawé salah. Bar rampung pertemuan, sedulur-sedulur ora nyalahké tapi muji dhèwèké merga wis berupaya.