ARTIKEL PELAJARAN 6
Sipat-sipaté Sing Ngarang Alkitab
”Tulisen ing buku kabèh sing Tak omongké marang kowé.”—YÉR. 30:2.
LAGU 96 Kitab Suci Harta saka Yéhuwah
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Saka Alkitab awaké dhéwé isa ngerti apa waé?
AWAKÉ DHÉWÉ mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis nyedhiakké Alkitab. Liwat Alkitab, Yéhuwah mènèhi naséhat-naséhat bèn awaké dhéwé isa ngadhepi masalah. Ing Alkitab ya ana harapan sing nyenengké ing masa depan. Terus, saka Alkitab awaké dhéwé isa ngerti Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing kaya apa. Nèk ngrenungké sipat-sipaté, awaké dhéwé isa semakin sayang karo Yéhuwah lan dadi kancané.—Mzm. 25:14.
2. Piyé carané Yéhuwah ngandhani wong-wong soal Dhèwèké?
2 Yéhuwah péngin wong-wong kenal Dhèwèké. Yéhuwah ngandhani wong-wong soal Dhèwèké liwat mimpi, wahyu, utawa para malaékat. (Wi. 12:6; Kis. 10:3, 4) Tapi bèn kabèh wong termasuk sing jaman saiki ya isa ngerti kabèh sing diomongké Yéhuwah mau, kuwi kudu ditulis. Kuwi sebabé Yéhuwah ngongkon bèn kabèh sing diomongké mau ’ditulis ing buku’. (Yér. 30:2) Awaké dhéwé isa yakin nèk cara kuwi sing paling apik merga ”kabèh sing ditindakké Gusti Allah sing bener kuwi apik”.—Mzm. 18:30.
3. Piyé carané Alkitab isa ana nganti saiki? (Yésaya 40:8)
3 Wacanen Yésaya 40:8. Naséhaté Yéhuwah sing ana ing Alkitab isa diwaca nganti jaman saiki. Padahal mbiyèn Alkitab ditulis ing bahan-bahan sing gampang rusak. Kok isa Alkitab tetep ana nganti jaman saiki? Soalé Yéhuwah ngongkon wong-wong nyalin isiné Kitab Suci. Meskipun sing nyalin ora sampurna, tapi pas nyalin wong-wong kuwi ati-ati banget. Ana ahli sing ngomong soal Kitab-Kitab Ibrani, ”Ora ana tulisan kuna sak liyané Kitab-Kitab Ibrani sing salinané akurat banget.” Dadi meskipun mbiyèn Alkitab ditulis ing bahan-bahan sing gampang rusak lan sing nyalin ya ora sampurna, awaké dhéwé isa yakin nèk isiné Alkitab isih sesuai karo pikirané Yéhuwah.
4. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
4 ”Saben hadiah sing apik lan sing sampurna” kuwi asalé saka Yéhuwah. (Yak. 1:17) Alkitab kuwi hadiah sing kaya ngono. Nèk misalé ana sing mènèhi njenengan hadiah sing sesuai karo kebutuhané njenengan, berarti dhèwèké kenal tenan karo njenengan. Padha kaya ngono, sing ditulis ing Alkitab sesuai karo sing awaké dhéwé butuhké. Kuwi berarti Yéhuwah kenal tenan karo awaké dhéwé. Semakin ngerti soal Alkitab, awaké dhéwé isa semakin ngerti soal Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas kok isa Alkitab kuwi bukti nèk Yéhuwah wicaksana, adil, lan sayang karo manungsa. Saiki ayo ngrembug dhisik nèk Gusti Allah kuwi wicaksana.
GUSTI ALLAH SING WICAKSANA
5. Apa buktiné nèk Gusti Allah wicaksana?
5 Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé butuh naséhat. Ing Alkitab ana akèh naséhat sing apik. Mbiyèn Musa tau ngomong ngéné pas nyampèkké omongané Yéhuwah karo bangsa Israèl, ”Sing tak omongké iki penting banget merga isa nggawé kowé tetep urip.” (PT. 32:47) Wong sing manut karo Alkitab mesthi bahagia. (Mzm. 1:2, 3) Nganti saiki naséhaté Alkitab ya isih bermanfaat. Misalé, ing jw.org ing bagéan ”Kuwasané Alkitab” ana akèh pengalaman saka wong-wong sing akhiré dadi luwih apik merga ngetrapké naséhaté Alkitab. Kuwi bukti nèk omongané Gusti Allah bener-bener isa ”mbantu” wong-wong.—1 Tés. 2:13.
6. Apa bédané Alkitab karo buku-buku liyané?
6 Ora ana buku liya sing kaya Alkitab. Kok isa? Soalé sing ngarang Alkitab kuwi Yéhuwah. Dhèwèké kuwi mahakuwasa, ana nganti saklawasé, lan wicaksana banget. Ana buku-buku liya sing isih diwaca meskipun sing ngarang wis mati. Tapi, isiné wis kurang cocog kanggo jaman saiki. Nèk Alkitab piyé? Naséhaté Alkitab isih bermanfaat kèt mbiyèn nganti saiki. Ora kaya sing ngarang buku-buku mau, sing ngarang Alkitab isih urip. Nèk maca lan ngrenungké isiné Alkitab, Yéhuwah bakal mbantu liwat roh suciné bèn awaké dhéwé isa ngetrapké naséhaté. (Mzm. 119:27; Mal. 3:16; Ibr. 4:12) Kuwi sebabé awaké dhéwé péngin maca Alkitab saben dina.
Piyé carané Yéhuwah nggawé umaté bersatu? (Deloken paragraf 7-8)
7. Merga ana Alkitab, Yéhuwah isa nggawé umaté jaman mbiyèn bersatu. Piyé carané?
7 Saiki ayo mbahas bukti liyané nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing wicaksana. Merga ana Alkitab, Yéhuwah isa nggawé umaté bersatu. Mbiyèn pas Israèl ana ing Tanah Perjanjian, wilayahé amba banget. Terus wong Israèl ana sing dadi nelayan, ternak kambing lan domba, lan sing liyané petani. Merga dhaérahé amba banget, wong Israèl dadi jarang ketemu karo wong Israèl liyané sing omahé adoh. Suwé-suwé wong Israèl isa waé dadi ora perduli lan nggatèkké liyané. Mulané, Yéhuwah ngongkon wong Israèl ngumpul bareng kanggo ngrungokké hukumé Gusti Allah diwacakké lan dijelaské. (PT. 31:10-13; Néh. 8:2, 8, 18) Coba bayangna pas wong Israèl ngumpul bareng ing Yérusalèm. Mesthi seneng banget isa ndelok jutaan wong Israèl liyané padha teka mrono. Yéhuwah bener-bener nggawé umaté bersatu. Nèk wong Kristen ing jamané para rasul, basané lan latar belakangé béda-béda. Tapi wong-wong kuwi isa bersatu merga ngetrapké isiné Kitab Suci. Wong-wong kuwi isa ngerti isiné Kitab Suci merga dibantu karo sedulur seimané lan ngumpul bareng kanggo ngibadah.—Kis. 2:42; 8:30, 31.
8. Merga ana Alkitab, Yéhuwah isa nggawé umaté jaman saiki bersatu. Piyé carané?
8 Umaté Yéhuwah isa terus bersatu merga kabèh sinau Alkitab. Alkitab kuwi sumberé kabèh bacaan lan vidéo sing awaké dhéwé tampa saka organisasi. Awaké dhéwé ya seneng isa ngumpul bareng ing pertemuan ibadah, termasuk pertemuan gabungan wilayah lan pertemuan wilayah. Ing pertemuan-pertemuan kuwi, ayat-ayat Alkitab diwacakké lan dijelaské artiné. Hasilé, umaté Yéhuwah isa ”bersatu nglayani” Dhèwèké.—Zéf. 3:9.
9. Bèn isa ngerti isiné Alkitab kudu nduwé sipat apa?
9 Ana ayat-ayat Alkitab sing mung isa dipahami wong-wong sing rendah hati. (Wacanen Lukas 10:21.) Kuwi bukti nèk Yéhuwah sing ngarang Alkitab, bener-bener wicaksana. Ana ahli sing ngomong ngéné, ”Ora ana buku liyané sing kaya Alkitab. Alkitab kuwi buku sing paling akèh diwaca.” Kabèh wong saka endi waé isa maca Alkitab. Tapi, mung wong sing rendah hati sing isa bener-bener paham isiné Alkitab lan ngetrapké isiné.—2 Kor. 3:15, 16.
10. Apa manèh buktiné nèk Yéhuwah kuwi wicaksana banget?
10 Liwat Alkitab, Yéhuwah mulang kabèh umaté. Tapi, saben umaté isa ngrasakké nèk Alkitab bermanfaat kanggo dhèwèké dhéwé. (Yés. 30:21) Misalé pas ana masalah terus njenengan maca Alkitab, njenengan mungkin maca ayat sing pas banget karo keadaané njenengan. Njenengan mungkin dadi ngrasa terhibur. Kok isa ayat kuwi cocog banget karo keadaané njenengan, padahal Alkitab ditulis kanggo kabèh wong? Kuwi merga Yéhuwah sing ngarang Alkitab, wicaksana banget.—2 Tim. 3:16, 17.
GUSTI ALLAH SING ADIL
11. Saka basa-basa sing dienggo kanggo nulis Alkitab, apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi adil?
11 Yéhuwah kuwi adil. (PT. 32:4; Kis. 10:34, 35; Rm. 2:11) Awaké dhéwé isa ngerti kuwi saka basa-basa sing digunakké kanggo nulis Alkitab. Misalé, 39 buku-buku Alkitab ditulis nganggo basa Ibrani. Kuwi basa sing dienggo umaté Yéhuwah wektu kuwi. Tapi pas jamané Yésus, basa sing dienggo basa Yunani. Dadi 27 buku liyané ditulis nganggo basa Yunani. Yéhuwah ora péngin Alkitab mung ditulis ing siji basa tertentu thok. Saiki, jumlah penduduk sak donya mèh wolung milyar. Nèk ngono, piyé carané wong-wong kuwi isa maca Alkitab lan kenal karo Yéhuwah?
12. Apa buktiné nèk ramalan ing Danièl 12:4 kelakon ing akhir jaman?
12 Liwat Nabi Danièl, Yéhuwah ngomong nèk ing akhir jaman ”pengetahuan sing bener bakal saya akèh”. (Wacanen Danièl 12:4.) Pengetahuan sing bener isa dadi saya akèh salah sijiné merga ana sing nerjemahké, nyétak, lan mbagèkké Alkitab lan bacaan-bacaan sing dhasaré Alkitab. Meskipun Alkitab buku sing paling akèh diterjemahké, tapi Alkitab sing dicétak karo perusahaan percétakan umumé, regané larang banget. Nah Seksi-Seksi Yéhuwah wis nerjemahké Alkitab lengkap utawa sebagian ing luwih saka 240 basa. Terus, Alkitab-Alkitab kuwi dibagèkké gratis kanggo sing gelem maca. Hasilé akèh wong isa ngerti ”kabar apik soal Kerajaan” sakdurungé akhir kuwi teka. (Mat. 24:14) Yéhuwah bener-bener Gusti Allah sing adil. Dhèwèké mènèhi kesempatan kanggo wong-wong maca Alkitab ing basané dhéwé-dhéwé lan isa kenal Dhèwèké. Yéhuwah kaya ngono merga sayang karo manungsa.
GUSTI ALLAH SING SAYANG KARO MANUNGSA
13. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo manungsa? (Yohanes 21:25)
13 Merga ana Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo manungsa. (1 Yoh. 4:8) Yéhuwah ngandhani carané isa cedhak karo Dhèwèké, isa bener-bener bahagia, lan isa urip saklawasé sukmbèn. Merga sayang karo awaké dhéwé, Yéhuwah ora mènèhi keterangan-keterangan sing ora awaké dhéwé butuhké.—Wacanen Yohanes 21:25.
14. Apa manèh buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé?
14 Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Mula, Yéhuwah ora mènèhi aturan sing terperinci soal apa sing éntuk lan ora éntuk. Tapi ing Alkitab, Yéhuwah nyathet kisahé para abdiné ing jaman mbiyèn, ramalan-ramalan, lan naséhat-naséhat bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. Hasilé, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk manut karo Yéhuwah merga sayang, dudu merga péngin nuruti aturan sing kaku.
Apa manfaaté nèk ngrenungké kisahé umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn? (2 Raj. 5:1-3; PD. 39:1, 10-12; Luk. 2:25-38) (Deloken paragraf 15)
15. (a) Saka Alkitab, apa buktiné nèk Yéhuwah perduli karo umaté? (b) Saka gambar kanggo paragraf 15, cah wédok, sedulur lanang, lan sedulur lansia kuwi lagi mikirké kisahé sapa?
15 Saka Alkitab, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Yéhuwah perduli karo umaté. Apa buktiné? Yéhuwah ngatur bèn kisahé umaté jaman mbiyèn ditulis ing Alkitab. Awaké dhéwé dadi ngerti nèk wong-wong kuwi ”nduwé perasaan kaya awaké dhéwé”. (Yak. 5:17) Mula pas maca kisahé wong-wong kuwi, awaké dhéwé isa ngrasakké sing dirasakké wong-wong kuwi. Terus, nèk nggatèkké piyé sikapé Yéhuwah karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti nèk ”Yéhuwah kuwi gampang mesakké lan nduwé rasa sayang”.—Yak. 5:11.
16. Saka umaté Yéhuwah jaman mbiyèn sing tau nggawé salah, awaké dhéwé isa ngerti apa soal Yéhuwah? (Yésaya 55:7)
16 Ana manèh bukti liyané nèk Yéhuwah sayang karo manungsa. Nèk ana umaté sing nggawé salah, Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté. Mbiyèn wong Israèl nggawé dosa bola-bali. Tapi pas wong-wong kuwi mertobat, Yéhuwah gelem ngapura. (Wacanen Yésaya 55:7.) Wong Kristen ing jamané para rasul ya ngerti nèk Yéhuwah sayang lan gelem ngapura umaté. Buktiné, Rasul Paulus ngongkon sedulur-sedulur ”ngapura” lan ”menghibur” wong-wong sing mertobat. (2 Kor. 2:6, 7; 1 Kor. 5:1-5) Yéhuwah bakal tetep nganggep umaté berharga meskipun ana sing tau nggawé dosa. Yéhuwah bakal nggatèkké, ngandhani, lan mbantu umaté bèn isa cedhak manèh karo Dhèwèké. Saiki nèk ana umaté sing nggawé dosa lan akhiré mertobat, Yéhuwah ya mesthi gelem ngapura lan mbantu dhèwèké.—Yak. 4:8-10.
MENGHARGAI ”HADIAH SING APIK”
17. Kenapa Alkitab kuwi hadiah sing luar biasa?
17 Alkitab mémang hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah. Kok isa? Merga ana Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing wicaksana, adil, lan sayang karo manungsa. Alkitab ya bukti nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé kenal karo Dhèwèké lan dadi kanca akrabé.
18. Piyé carané awaké dhéwé menghargai ”hadiah sing apik” yaiku Alkitab?
18 Awaké dhéwé mesthi péngin menghargai ”hadiah sing apik” saka Yéhuwah, yaiku Alkitab. (Yak. 1:17) Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk menghargai kuwi? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, terus ngrenungké isiné. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi upayané awaké dhéwé. Terus kaya sing disebutké ing Wulang Bebasan 2:5, awaké dhéwé bakal ”éntuk pengetahuan soal Gusti Allah”.
LAGU 98 Yéhuwah Mulang Liwat Kitab Suci
a Nèk mikirké soal Alkitab, awaké dhéwé isa dadi tambah cedhak karo Gusti Allah. Awaké dhéwé ya isa dadi ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Misalé, Gusti Allah kuwi wicaksana, adil, lan sayang karo manungsa. Nèk ngerti kuwi kabèh awaké dhéwé isa semakin menghargai Alkitab merga kuwi hadiah saka Gusti Allah.