PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w17 September hlm. 21-26
  • ’Pangandikané Gusti Allah Iku Gedhé Kuwasané’

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ’Pangandikané Gusti Allah Iku Gedhé Kuwasané’
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ING URIP SABEN DINA
  • WEKTU NGINJIL
  • WEKTU MULANG ING JEMAAT
  • Carané Éntuk Manfaat Pas Maca Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Ngetrapké Omongané Gusti Allah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Terus Mikirké Tenanan Hubungané karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
w17 September hlm. 21-26
Wong lanang lungguh dhèwèkan karo mendem; Seksi-Seksi Yéhuwah ndhodhogi lawangé lan nginjil marang wong lanang kuwi; Wong lanang kuwi teka ing pakumpulan ibadah

’Pangandikané Gusti Allah Iku Gedhé Kuwasané’

”Pangandikané Gusti Allah iku urip lan gedhé kuwasané.”​—IB. 4:12, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 37, 32

PIYÉ CARANÉ NGGUNAKKÉ KUWASANÉ ALKITAB . . .

  • ing urip kita saben dina?

  • wektu nginjil?

  • wektu mulang ing jemaat?

1. Apa sebabé panjenengan isa yakin nèk Alkitab kuwi nduwé kuwasa? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

UMATÉ Yéhuwah yakin nèk pangandikané Yéhuwah kuwi ”urip lan gedhé kuwasané”. (Ib. 4:12, NW) Kita wis ndelok dhéwé nèk Alkitab pancèn nduwé kuwasa kanggo ngowahi urip kita lan wong liya. Sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah, ana sing mbiyèné dadi maling, kecanduan narkoba, utawa nindakké hubungan sèks sing bejat. Ana uga sing wis dadi terkenal lan sugih, ning rumangsa isih ana sing kurang. (Ko. 2:3-11) Untungé, akèh sing mauné kaya ngono ning saiki isa éntuk tuntunan lan pangarep-arep. Ing majalah Warta Penting, kita isa maca pengalamané wong-wong sing kaya ngono ing artikel ”Kuwasané Alkitab”. Malah, senajan wis dadi wong Kristen, ana sing isih kudu terus dituntun Alkitab bèn isa nguwatké hubungané karo Yéhuwah.

2. Apa pengaruh saka kuwasané Sabdané Gusti Allah marang wong-wong ing abad kapisan?

2 Pengalaman bab wong-wong sing nggawé owah-owahan sing gedhé ing uripé kuwi ora mung ana ing jaman saiki. Para sedulur ing abad kapisan sing dipilih munggah swarga uga ngalami sing padha. (Wacanen 1 Korinta 6:9-11.) Wektu nyebutké wong-wong sing ora bakal éntuk warisan Kratoné Allah, Paulus kandha, ”Sawènèhing panunggalanmu biyèn iya kaya mangkono iku.” Sabdané Gusti Allah lan roh suciné wis mbantu wong-wong kuwi ngowahi uripé. Ning, sakwisé dadi wong Kristen, ana sing nggawé kesalahan sing gedhé sing isa ngrusak hubungané karo Yéhuwah. Contoné, Alkitab nyritakké salah siji sedulur sing dipilih munggah swarga sing kudu dipecat. Ning, dhèwèké akiré mertobat lan isa ditampa manèh ing jemaat. (1 Kr. 5:1-5; 2 Kr. 2:5-8) Kita mesthi rumangsa dikuwatké merga ngerti nèk ana para sedulur sing isa ngowahi uripé merga kuwasané Sabdané Gusti Allah.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Yéhuwah wis maringké Sabdané sing gedhé kuwasané kanggo kita. Dadi, kita kudu ngupaya nggunakké Sabdané nganggo cara sing bener. (2 Tm. 2: 15) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug carané nggunakké kuwasané Alkitab (1) ing urip saben dina, (2) wektu nginjil, lan (3) wektu mulang ing jemaat. Kuwi kabèh isa mbantu kita bèn luwih nresnani lan ngajèni Yéhuwah, Bapak ing swarga sing mulangké bab sing maédahi.​—Yé. 48:17.

ING URIP SABEN DINA

4. (a) Piyé carané bèn isa éntuk paédah saka Sabdané Gusti Allah? (b) Piyé carané panjenengan ngatur wektu kanggo maca Alkitab?

4 Supaya éntuk paédah kita kudu ajeg maca Alkitab saben dina. (Ys. 1:8) Senajan sibuk banget utawa nduwé akèh tanggung jawab, kita kudu tetep ajeg maca Alkitab. (Wacanen Éfesus 5:15, 16.) Ana sing seneng maca wektu isih ésuk, awan-awan, utawa pas bengi. Kita mesthi nduwé perasaan sing padha karo sing nulis Jabur sing ”tresna sanget” marang Sabdané Yéhuwah lan sing mikirké tenanan ”sadinten muput”.​—Ms. 119:97.

Senajan sibuk banget utawa nduwé akèh tanggung jawab, kita kudu tetep ajeg maca Alkitab

5, 6. (a) Apa sebabé kita kudu mikirké tenanan wektu maca Alkitab? (b) Apa sing kudu dipikirké tenanan? (c) Apa panjenengan wis ngrasakké paédahé maca lan mikirké tenanan isiné Alkitab?

5 Ning, maca Alkitab thok kuwi ora cukup. Kita kudu mikirké tenanan apa sing diwaca. (Ms. 1:1-3) Asilé, kita isa ngetrapké tuntunané Alkitab. Dadi, ora soal macané Alkitab nganggo piranti èlèktronik utawa dudu, kita péngin ngrasakké kuwasané Alkitab kanggo ngowahi lan nguwatké kita.

Seksi Yéhuwah macakké Alkitab

6 Apa sing kudu dipikirké tenanan wektu maca Alkitab? Kita perlu mikirké, ’Apa sing isa tak sinaoni saka ayat iki bab Yéhuwah? Apa aku wis ngetrapké kuwi ing uripku? Aku isih kudu nggawé owah-owahan apa manèh?’ Kita isa nduwé pepénginan kanggo tumindak, nèk wis mikirké tenanan isiné Alkitab lan ndongakké bab kuwi. Banjur, kita isa ngrasakké dhéwé kuwasané Alkitab ing urip kita.​—2 Kr. 10:4, 5.

WEKTU NGINJIL

7. Piyé carané nggunakké Alkitab wektu nginjil?

7 Kita kudu kerep nggunakké Alkitab wektu nginjil lan mulang. Ana sedulur sing kandha, ”Nèk panjenengan nginjil bareng karo Yéhuwah, panjenengan arep ngomong dhéwé apa bèn Yéhuwah waé sing ngendika marang wong-wong?” Nèk kita macakké Alkitab kanggo wong liya, kuwi tegesé mènèhi kesempatan bèn Yéhuwah dhéwé sing ngendika. Ayat sing wis dipilih kuwi kuwasané luwih gedhé timbang omongané awaké dhéwé. (1 Ts. 2:13) Apa panjenengan kerep macakké Alkitab wektu nginjil?

Nèk kita macakké Alkitab kanggo wong liya, kuwi tegesé mènèhi kesempatan bèn Yéhuwah dhéwé sing ngendika

8. Apa sebabé ora cukup nèk mung macakké ayat Alkitab thok wektu nginjil?

8 Ning, ora cukup nèk mung macakké ayat Alkitab thok. Kaya wong-wong ing abad kapisan, akèh wong saiki ora ngerti apa maksudé ayat-ayat sing ana ing Alkitab. (Rm. 10:2) Aja nganggep nèk sing nduwé omah mesthi ngerti tegesé ayat sing diwacakké. Dadi, sakwisé macakké ayat, kita isa mbalèni tembung-tembung utawa bab utamané, banjur nerangké tegesé. Kuwi isa nggawé Sabdané Gusti Allah mlebu ing ati lan pikirané.​—Wacanen Lukas 24:32.

9. Wènèhana conto tembung pambuka sing isa mbantu wong-wong bèn ngajèni isiné Alkitab.

9 Sakdurungé macakké ayat, kita perlu mbantu sing nduwé omah bèn ngajèni isiné Alkitab. Contoné, kita isa kandha, ”Ayo digatèkké apa kandhané Gusti Allah bab iki.” Utawa, nèk lagi ngomong karo sing dudu Kristen, kita isa kandha, ”Ayo digatèkké apa kandhané Kitab Suci.” Nèk ketemu karo sing ora perduli marang agama, kita isa kandha, ”Apa panjenengan wis tau krungu paribasan kuna iki?” Kita kudu éling nèk saben wong kuwi nduwé agama lan kapracayan dhéwé-dhéwé. Dadi, kita perlu ngupaya nggunakké tembung pambuka sing cocog.​—1 Kr. 9:22, 23.

Seksi Yéhuwah nggunakké Alkitab wektu nginjil

10. (a) Critakna pengalamané salah siji sedulur lanang. (b) Apa panjenengan wis tau ndelok dhéwé kuwasané Alkitab wektu nginjil?

10 Alkitab kuwi pancèn gedhé pengaruhé kanggo wong-wong sing kita temoni wektu nginjil. Contoné, ana sedulur lanang sing marani manèh wong lanang tuwa sing wis pirang-pirang taun langganan majalahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Ing sawijiné dina, sedulur kuwi ora mung mènèhi majalah Warta Penting sing paling anyar, ning uga macakké 2 Korinta 1: 3, 4, sing kandha, ”Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur, kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku.” Ayat kuwi isa mlebu ing atiné lan dhèwèké njaluk diwacakké ayat sing liyané manèh. Wong kuwi kandha nèk dhèwèké lan bojoné butuh banget dikuwatké. Akiré, dhèwèké dadi péngin ngerti luwih akèh bab Alkitab. Dadi, nggunakké Alkitab wektu nginjil kuwi pancèn gedhé banget pengaruhé.​—PR. 19:20.

WEKTU MULANG ING JEMAAT

11. Tanggung jawab apa sing diduwèni karo para sedulur sing mulang ing jemaat?

11 Kita seneng teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Kita uga isa éntuk akèh paédah saka piwulang sing disinaoni ing kono. Mula, para sedulur sing mulang ing jemaat nduwé hak istiméwa lan tanggung jawab sing gedhé. (Yb. 3:1) Para sedulur kuwi kudu mesthèkké nèk sing diwulangké dhasaré saka Alkitab. Nèk panjenengan nduwé hak istiméwa mulang ing jemaat, piyé carané nggunakké kuwasané Alkitab bèn piwulangé isa mlebu ati?

Sedulur lanang nggunakké Alkitab kanggo mulang ing jemaat

12. Apa sing kudu ditindakké para sedulur sing éntuk ceramah bèn sing diwulangké bener-bener saka Alkitab?

12 Wektu nyampèkké ceramah, kita kudu ngutamakké piwulang saka Alkitab. (Yo. 7:16) Dadi, aja nganti sing diéling-éling mung pengalaman utawa ilustrasiné thok, ning ora kèlingan karo piwulang saka Alkitab. Élinga uga nèk maca Alkitab kuwi ora padha karo mulangké isiné Alkitab. Nyatané, nèk ayaté kakèhan, wong-wong ora isa ngéling-éling kabèh ayat kuwi. Dadi, pilihen ayat sing bener-bener cocog lan aja kesusu wektu macakké. Banjur, terangna, wènèhana ilustrasi, lan duduhna carané ngetrapké. (Ny. 8:9) Nèk ceramahé nganggo rangka, panjenengan kudu sinau dhisik kanggo ngertèni apa hubungané rangka kuwi karo ayat-ayat sing ana ing kono. Banjur, gunakna sebagéan ayat sing ana ing kono kanggo mulangké bab-bab utamané. (Panjenengan isa nemokké saran-saran sing apik ing bab 21 nganti 23 saka buku Memperoleh Manfaat dari Pendidikan Sekolah Pelayanan Teokratis.) Sing paling penting, ndongaa dhisik bèn isa njelaské piwulang sing aji saka Alkitab.​—Wacanen Ézra 7:10; Wulang Bebasan 3:13, 14.

13. (a) Critakna pengalamané salah siji sedulur wédok sing ngrasakké pengaruhé ayat sing diwacakké ing pakumpulan ibadah. (b) Apa panjenengan ya wis tau nduwé pengalaman sing padha?

13 Ana sedulur wédok saka Australia sing ngalami akèh kedadéan sing tragis wektu isih cilik. Senajan wis sinau bab Yéhuwah, dhèwèké isih durung yakin nèk Yéhuwah nresnani dhèwèké. Ing pakumpulan ibadah, dhèwèké ngrungokké salah sawijiné ayat sing isa mlebu ing atiné. Ayat kuwi banjur dipikirké tenanan lan dhèwèké riset nganti ketemu ayat-ayat sing liyané. Dhèwèké dadi yakin nèk Yéhuwah nresnani dhèwèké.a (Deloken katrangan ing ngisor.) Apa panjenengan wis tau krungu salah sawijiné ayat ing pakumpulan ibadah lan kebaktian sing isa mlebu ing ati?​—Ny. 8:13.

14. Apa buktiné nèk kita nresnani lan ngajèni Alkitab?

14 Kita mesthi matur nuwun banget merga Yéhuwah wis maringké Sabdané kanggo kita. Yéhuwah wis janji nèk Sabdané bakal terus ana, lan Yéhuwah netepi janjiné kuwi. (1 Pt. 1:24, 25) Dadi, kita kudu ajeg maca lan ngetrapké isiné Alkitab, sarta nggunakké Alkitab kanggo mbantu wong liya. Kuwi bukti nèk kita bener-bener nresnani lan ngajèni Alkitab, sarta Pengarangé, yaiku Yéhuwah.

a Deloken kothak ”Kahanané Malih”.

CARANÉ NGGUNAKKÉ KUWASANÉ ALKITAB

ing urip saben dina:

  • Ajeg maca Alkitab

  • Mikirké tenanan isiné

  • Ngetrapké apa sing disinaoni

wektu nginjil:

  • Kerep nggunakké ayat Alkitab

  • Nandheské lan nerangké bab utama saka ayat sing diwaca

  • Nggunakké tembung pambuka sing isa mbantu wong-wong ngajèni Alkitab, sakdurungé macakké ayat

wektu mulang ing jemaat:

  • Ngutamakké piwulang saka Alkitab

  • Aja nganti sing diéling-éling mung pengalaman utawa ilustrasiné thok, ning ora kèlingan karo piwulang saka Alkitab

  • Terangna, wènèhana ilustrasi, lan duduhna carané ngetrapké ayat sing diwaca

”Kahanané Malih”

Sakwisé pirang-pirang taun sinau Alkitab, Victoria isih rumangsa nèk Yéhuwah ora mungkin nresnani dhèwèké. Apa sing akiré marahi Victoria yakin nèk Yéhuwah nresnani dhèwèké? Kaya ngéné critané:

”Kahanané malih kira-kira 15 taun sakwisé aku dibaptis. Wektu ana ceramah ing Balé Ibadah, . . .  sing ceramah nyebutké Yakobus 1:23, 24. Ayat-ayat kuwi nerangké nèk Sabdané Yéhuwah kuwi kaya kaca pengilon sing isa mbantu kita ngerti carané Yéhuwah mirsani kita. Aku mulai mikir nèk cara mikirku béda karo Yéhuwah. Awalé, aku isih rumangsa nèk Yéhuwah ora mungkin nresnani aku.

”Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, aku maca salah siji ayat sing ngowahi uripku, yaiku ing Yésaya 1:18 (Basa Jawi Padintenan). Ayat kuwi ngutip pangandikané Yéhuwah, ’Ayo, prekara iki kita bèrèsaké. Senajan dosamu abanga kaya jingga, bakal padha dadi putih kaya salju.’ Aku rumangsa kaya-kayané Yéhuwah ngendika karo aku, ’Hé, Vicky, ayo masalahé dirampungké. Aku ngerti kowé, aku ngerti dosamu, aku ngerti isiné atimu—lan aku tresna karo kowé.’

”Sewengi kuwi aku ora isa turu. Aku isih durung percaya nèk Yéhuwah pancèn nresnani aku, ning aku mulai mikirké kurban tebusané Yésus. Ngerti-ngerti aku dadi sadhar nèk Yéhuwah pancèn wis sabar karo aku wiwit mbiyèn, lan wis bola-bali nduduhké katresnané marang aku. Ning, kaya-kayané aku malah kandha marang Yéhuwah, ’Katresnan-Mu isih kurang gedhé. Pangurbanané Putra-Mu isih durung cukup kanggo nebus aku.’ Kuwi kaya-kayané aku mbalèkké kurban tebusané Yésus marang Yéhuwah. Ning, sakwisé mikirké tenanan tebusan sing aji kuwi, aku saiki dadi mulai ngrasakké nèk Yéhuwah pancèn nresnani aku.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim