PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 Maret hlm. 7
  • ”Terusa Jaga-Jaga”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Terusa Jaga-Jaga”
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Nggatekké Pengingat saka Perumpamaané Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Manungsa sing Nglanggar Hukum Disingkapké
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 Maret hlm. 7
Sepuluh prawan saka perumpamaané Yésus

SINAU SAKA ALKITAB | MATIUS 25

”Terusa Jaga-Jaga”

25:1-12

Senajan perumpamaan bab sepuluh prawan kuwi kanggo muridé Yésus sing terurap, ning piwulangé isa ditrapké kabèh wong Kristen. (w15-IN 15/3 12-16) ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.” (Mat 25:13) Apa panjenengan isa njelaské tegesé perumpamaan kuwi?

  • Mantèn lanang (ayat 1)—Yésus

  • Prawan sing wicaksana (ayat 2)—Wong Kristen terurap sing setya nindakké tugasé lan sumunar kaya cahya sing padhang nganti pungkasan (Flp 2:15)

  • Ana sing mbengok, ”Mantèn lanang wis teka!” (ayat 6)—Bukti rawuhé Yésus

  • Prawan sing bodho (ayat 8)—Wong Kristen terurap sing metu kanggo nyambut Mantèn Lanang, ning ora terus jaga-jaga lan ora terus setya

  • Prawan sing wicaksana ora gelem mènèhi minyaké (ayat 9)—Sakwisé pemeteraian akhir, wong-wong Kristen terurap wis ora isa nulungi wong-wong Kristen terurap sing ora setya

  • ”Mantèn lanang teka” (ayat 10)—Wektu sengsara gedhé wis mèh rampung, Yésus teka kanggo ngadili

  • Prawan sing wicaksana mlebu ing pésta mantènan karo mantèn lanang, banjur lawangé ditutup (ayat 10)—Yésus ngumpulké para muridé sing terurap sing tetep setya ing swarga, lan sing ora setya ora isa munggah swarga

Perumpamaan kuwi ora nduduhké nèk bakal ana akèh wong Kristen terurap sing ora setya lan akiré kudu diganti wong liya. Ning perumpamaan kuwi ngélingké nèk saben wong Kristen terurap isa milih arep siap lan setya utawa ora. Yésus kandha, ”Buktèkna nèk kowé siap.” (Mat 24:44) Ora masalah kita nduwé pangarep-arep urip ing swarga utawa ing bumi, Yésus ngongkon bèn kita kabèh nduwé tékad kanggo terus setya lan jaga-jaga.

Piyé caraku nduduhké nèk aku siap lan terus jaga-jaga?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim