PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 September hlm. 20-25
  • Nggatekké Pengingat saka Perumpamaané Yésus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggatekké Pengingat saka Perumpamaané Yésus
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • DOMBA LAN KAMBING
  • PRAWAN SING WICAKSANA LAN PRAWAN SING BODHO
  • TALÈNTA
  • SAPA SING BAKAL ”DIGAWA”?
  • NGGATEKKÉ PENGINGATÉ YÉSUS
  • Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • ”Terusa Jaga-Jaga”
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 September hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 38

LAGU 25 Umat sing Istiméwa

Nggatekké Pengingat saka Perumpamaané Yésus

”Sing siji bakal digawa lan sijiné bakal ditinggal.” —MAT. 24:40.

INTI

Mempelajari telu perumpamaané Yésus lan hubungané karo penghakiman sing bakal kelakon ing akhir sengsara gedhé.

1. Sedhéla manèh Yésus bakal ngapa?

SEDHÉLA manèh Yésus bakal ngadili kabèh manungsa. Yésus ya ngandhani apa waé sing bakal kelakon sakdurungé dhèwèké ngadili. Dhèwèké ngandhani murid-muridé ”tandhané wektu [dhèwèké] bali” lan ”tandhané akhir jaman”. (Mat. 24:3) Kuwi ditulis ing Matius bab 24 lan 25, Markus bab 13, lan Lukas bab 21.

2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki, lan apa manfaaté mempelajari soal kuwi?

2 Bèn awaké dhéwé siap ngadhepi pengadilan kuwi, Yésus ngekèki pengingat liwat telung perumpamaan. Ana perumpamaan soal domba lan kambing, prawan sing wicaksana lan bodho, lan talènta. Saka perumpamaan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus bakal ngadili wong berdasarkan perbuatané. Ing artikel iki bakal dibahas perumpamaan-perumpamaan kuwi lan apa sing isa dipelajari. Sing pertama dibahas perumpamaan soal domba lan kambing.

DOMBA LAN KAMBING

3. Kapan Yésus ngadili wong?

3 Ing perumpamaan soal domba lan kambing, Yésus ngandhani nèk dhèwèké bakal ngadili wong, dhasaré kuwi saka apa meréka gelem ngrungokké kabar apik lan ndhukung sedulur-seduluré Kristus apa ora. (Mat. 25:​31-46) Yésus ngadiliné kuwi pas ”sengsara gedhé”, persis sakdurungé Armagédon. (Mat. 24:21) Kaya gembala misahké domba saka kambing, Yésus ya bakal misahké wong-wong sing setya ndhukung sedulur-seduluré saka sing ora.

4. Menurut Yésaya 11:​3, 4, ngapa kok isa yakin nèk Yésus bakal adil wektu ngadili? (Deloken gambar.)

4 Menurut ramalan ing Alkitab, Yésus sing wis dipilih Yéhuwah dadi Hakim kuwi mesthi bakal adil wektu ngadili. (Wacanen Yésaya 11:​3, 4.) Dhèwèké ngamati perbuatan, pikiran, lan omongané wong-wong, termasuk carané meréka memperlakukan sedulur-seduluré Kristus. (Mat. 12:​36, 37; 25:40) Yésus bakal ngerti sapa waé sing ndhukung sedulur-seduluré lan gawéan sing meréka lakukan.a Salah siji bukti nèk ndhukung sedulur-seduluré Kristus kuwi nèk mèlu nginjil. Wong-wong sing gelem ndhukung kuwi bakal dianggep ”bener” lan isa ”urip saklawasé” ing bumi. (Mat. 25:46; Why. 7:​16, 17) Kuwi bener-bener anugrah sing luar biasa. Nèk terus setya selama sengsara gedhé lan sakwisé kuwi, jenengé bakal terus ana ing ”buku kehidupan”.—Why. 20:15.

Yésus lungguh ing takhta ing ndhuwur bumi lan nggatèkké loro kelompok. Gambar: Sedulur-sedulur sing nglayani Yéhuwah. 1. Sedulur wédok nyekel tablèt karo ndelok langit. 2. Suami istri maca Alkitab. 3. Para sedulur ing proyèk pembangunané organisasi. 4. Sedulur lanang ndonga ing penjara. 5. Sedulur wédok lansia njawab ing pertemuan ibadah. 6. Sedulur wédok sing lagi lara ing rumah sakit nawakké selebaran karo perawat. 7. Sak keluarga lagi belajar Alkitab. Gambar: Wong-wong sing kelakuané ora sesuai karo pathokan ing Alkitab. 1. Wong lanang ndonga pas lagi main judhi. 2. Wong lanang ngantemi wong wédok. 3. Wong-wong démo. 4. Wong lanang nggawa pistol karo ngetutké wong wédok ing parkiran. 5. Pemimpin agama ndongakké para tentara. 6. Wong wédok nganggo narkoba.

Sedhéla manèh, Yésus bakal ngadili saben wong lan nentokké sapa sing terbukti kaya domba utawa kaya kambing (Deloken paragraf 4)


5. Ana pengingat apa ing perumpamaan soal domba lan kambing, lan sapa sing kuduné nggatèkké pengingat kuwi?

5 Kudu mbuktèkké nèk setya. Perumpamaané Yésus soal domba lan kambing kuwi khususé kanggo wong-wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi. Meréka mbuktèkké kesetiaané ora mung wektu ndhukung sedulur-seduluré Kristus ing gawéan nginjil, tapi ya manut arahané budhak sing setya lan wicaksana. (Mat. 24:45) Tapi, pengingat ing perumpamaan kuwi ya termasuk kanggo wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga. Soalé, Yésus ya nggatekké perbuatan, pikiran, lan omongané meréka. Meréka ya kudu terbukti bener-bener setya. Malah, ing Matius bab 25, Yésus ya nyritakké loro perumpamaan liya sing isiné pengingat khusus dienggo meréka. Saiki, ayo mbahas perumpamaan soal prawan sing wicaksana lan sing bodho.

PRAWAN SING WICAKSANA LAN PRAWAN SING BODHO

6. Apa buktiné lima prawan kuwi wicaksana? (Matius 25:​6-10)

6 Ing perumpamaan berikuté, Yésus nyritakké soal sepuluh prawan sing arep nyambut mantèn lanang. (Mat. 25:​1-4) Meréka berharap isa mangan bareng karo mantèn lanang ing pésta pernikahané. Yésus nyebut prawan sing lima kuwi ”wicaksana”, lan sing lima liyané ”bodho”. Para prawan sing wicaksana terbukti wis siap. Meréka nggawa lampu minyak. Dadi, meréka siap ngentèni mantèn lanang bahkan nèk misalé tekané bengi banget. Malah, kanggo jaga-jaga nèk mantèné tekané telat, meréka ya nggawa minyak cadangan bèn lampuné ora mati. (Wacanen Matius 25:​6-10.) Wektu mantèn lanang teka, para prawan sing wicaksana kuwi mèlu pésta pernikahané. Padha kaya ngono, wong Kristen pilihan sing terbukti siap lan terus setya nganti mantèn lanang yaiku Yésus teka, bakal dianggep pantes mlebu ing kerajaan swarga.b (Why. 7:​1-3) Lha terus, lima prawan sing bodho piyé?

7. Critakna apa sing dialami lima prawan sing bodho.

7 Ora kaya para prawan sing wicaksana, lima prawan sing bodho ora siap wektu mantèn lanang teka. Lampuné meréka wis arep mati, lan meréka ya ora nggawa minyak cadangan. Bar ngerti sedhéla manèh mantèn lanang arep teka, meréka lagi mèh tuku minyak. Meréka durung balik wektu mantèn lanang teka. Nah pas kuwi, ”prawan lima sing wis siap kuwi mlebu bareng karo mantèn lanang ing omah sing dienggo pésta mantènan. Bar kuwi, lawangé ditutup”. (Mat. 25:10) Terus, pas prawan sing bodho kuwi bali lan péngin mlebu, mantèn lanang ngomong, ”Aku babar blas ora kenal kowé.” (Mat. 25:​11, 12) Meréka ora siap kanggo terus ngentèni nganti mantèn lanang teka. Apa pelajarané kanggo wong-wong sing dipilih munggah swarga?

8-9. Apa sing isa dipelajari wong-wong pilihan saka perumpamaan soal sepuluh prawan? (Deloken gambar.)

8 Kudu mbuktèkké nèk siap lan waspada. Yésus ora lagi ngramalké nèk bakal ana rong kelompok wong pilihan: Sing siji sing siap ngentèni nganti Yésus teka pas sengsara gedhé, lan sing sijiné ora. Tapi, Yésus lagi njelaské nèk wong-wong pilihan kuwi ora siap lan ora terus setya ngentèni nganti akhir, meréka ora bakal nampa upahé. (Yoh. 14:​3, 4) Ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, awaké dhéwé kudu nggatekké tenanan pengingaté Yésus iki. Awaké dhéwé kudu siap, waspada, lan terus setya ngentèni nganti akhir.—Mat. 24:13.

9 Bar nandheské pentingé siap lan waspada liwat perumpamaan soal sepuluh prawan, Yésus nyritakké perumpamaan soal talènta. Perumpamaan iki nandheské pentingé rajin.

Sedulur lanang nonton berita karo mikirké sing wis dhèwèké waca ing Alkitab. Ana gambar perumpamaané Yésus soal sepuluh prawan.

Nèk nggatekké tenanan pengingat ing perumpamaan soal sepuluh prawan, awaké dhéwé bakal waspada lan siap ngentèni nganti akhir (Deloken paragraf 8-9)


TALÈNTA

10. Apa buktiné loro budhak kuwi terbukti setya? (Matius 25:​19-23)

10 Ing perumpamaan soal talènta, Yésus nyritakké soal telu budhak. Sing loro terbukti setya karo majikané, tapi sing siji ora. (Mat. 25:​14-18) Sakdurungé lunga ing luar negri, majikané masrahké dhuwit sing akèh banget kanggo budhak-budhaké. Loro budhak kuwi terbukti setya soalé meréka kerja keras nggunakké dhuwité kanggo usaha bèn isa ngekèki keuntungan majikané. Hasilé, pas majikané balik, meréka wis éntuk keuntungan ping pindhoné. Majikané muji meréka, lan meréka diundang mèlu ngrasakké kebahagiaané majikané. (Wacanen Matius 25:​19-23.) Tapi budhak sing ketelu piyé? Dhuwit sing mau wis dipercayakké diapakké?

11. Critakna apa sing dialami budhak sing ”males”.

11 Budhak sing ketelu éntuk sak talènta tapi ”males”. Sakjané, majikané pénginé dhèwèké nggunakké dhuwit kuwi dienggo usaha, tapi malah dikubur ing lemah. Pas majikané bali, dhèwèké ora isa ngekèki keuntungan apa-apa kecuali dhuwit sing wis dipasrahké kuwi. Budhak kuwi kuduné njaluk ngapura karo majikané, tapi dhèwèké malah ngelokké majikané ”wong sing seneng nuntut”. Budhak kuwi marakké majikané nesu. Makané dhuwité dijupuk, terus dhèwèké diusir.—Mat. 25:​24, 26-30.

12. Loro budhak sing terbukti setya kuwi nggambarké sapa?

12 Loro budhak sing terbukti setya kuwi nggambarké wong-wong pilihan sing setya. Majikané meréka, Yésus, ngundang meréka ”mèlu bahagia” bareng karo dhèwèké. Meréka nampa upah yaiku diuripké manèh ing swarga. (Mat. 25:​21, 23; Why. 20:5a) Tapi, saka perumpamaan soal budhak sing males, wong-wong pilihan kuwi ya éntuk pengingat. Pengingat apa?

13-14. Apa sing isa dipelajari wong-wong pilihan saka perumpamaan soal talènta? (Deloken gambar.)

13 Kudu mbuktèkké nèk rajin. Kaya ing perumpamaan soal sepuluh prawan, ing perumpamaan soal talènta iki, Yésus ya ora ngramalké nèk wong-wong pilihan kuwi bakalé dadi males. Tapi, Yésus lagi njelaské apa sing bakal meréka alami nèk meréka ora semangat. Meréka isa waé ora sida ”dadi wong sing dipilih lan diundang”, lan meréka ora éntuk mlebu ing Kerajaan swarga.—2 Ptr. 1:10.

14 Perumpamaané Yésus soal sepuluh prawan lan talènta nandheské nèk kabèh wong pilihan kudu siap, waspada, lan rajin. Tapi, apa ana manèh pengingat saka Yésus kanggo meréka? Ana. Kuwi disebutké Yésus ing Matius 24:​40, 41.

Sedulur wédok sing nduwé harapan munggah swarga lagi mandhu pelajaran Alkitab karo mbak-mbak. Ana gambar perumpamaané Yésus soal talènta.

Yésus seneng merga wong-wong pilihan terbukti selalu rajin (Deloken paragraf 13-14)d


SAPA SING BAKAL ”DIGAWA”?

15-16. Bèn wong-wong pilihan terus jaga-jaga, ing Matius 24:​40, 41 Yésus njelaskéné piyé?

15 Sakdurungé nyritakké telung perumpamaan mau, Yésus nggambarké pengadilan terakhir kanggo wong-wong pilihan sing nduduhké sapa sing bener-bener dipilih. Yésus nyebutké nèk ana wong lanang loro sing loro-loroné lagi kerja ing ladhang, lan wong wédok loro sing loro-loroné lagi nggiling nganggo gilingan tangan. Tapi saka wong loro kuwi, Yésus ngomong nèk ”sing siji bakal digawa lan sijiné bakal ditinggal”. (Wacanen Matius 24:​40, 41.) Bar kuwi, Yésus ngongkon murid-muridé, ”Kowé kudu terus jaga-jaga merga kowé ora ngerti kapan Gustimu teka.” (Mat. 24:42) Yésus ya ngomong kaya ngono pas nyritakké perumpamaan soal sepuluh prawan. (Mat. 25:13) Kétoké, loro keterangan kuwi ana hubungané. Mung wong-wong pilihan sing setya lan bener-bener dipilih sing bakal ”digawa” Yésus ing Kerajaan swarga.—Yoh. 14:3.

16 Kudu mbuktèkké nèk terus jaga-jaga. Nèk wong pilihan ora terus jaga-jaga, meréka ora bakal diklumpukké bareng karo ’wong-wong pilihan’ liyané. (Mat. 24:31) Wong-wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi ya kudu nggatekké pengingaté Yésus soal terus jaga-jaga lan tetep setya.

17. Ngapa kok ora usah kuwatir nèk beberapa taun iki Yéhuwah isih nglantik wong-wong sing setya kanggo munggah swarga?

17 Merga wis kenal tenan karo Yéhuwah, awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal adil wektu ngadili. Dadi, ora usah kuwatir nèk beberapa taun iki Yéhuwah isih nglantik wong-wong sing setya kanggo munggah swarga.c Élinga perumpamaané Yésus soal kebon anggur. Yésus nyritakké soal buruh sing lagi mulai kerja jam lima soré. (Mat. 20:​1-16) Wong-wong sing dijak kerja pas wis soré kuwi upahé padha karo sing wis kerja kèt ésuk. Padha kaya ngono, ora soal dilantiké kapan, wong-wong pilihan kuwi bakal munggah swarga nèk terus setya.

NGGATEKKÉ PENGINGATÉ YÉSUS

18-19. Ana pengingat apa waé sing isa dipelajari saka perumpamaan-perumpamaané Yésus?

18 Apa waé sing wis dipelajari? Kanggo wong-wong sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi, perumpamaan soal domba lan kambing nandheské nèk kudu terus setya karo Yéhuwah saiki lan selama sengsara gedhé. Persis sakdurungé Armagédon, Yésus bakal ngadili saben wong, terus wong-wong sing setya bakal dianggep pantes nampa ”urip saklawasé”.—Mat. 25:46.

19 Terus ya wis dibahas loro perumpamaan sing isiné pengingat kanggo wong-wong pilihan. Ing perumpamaan soal sepuluh prawan, ana lima sing terbukti wicaksana. Meréka wis siap lan waspada. Meréka siap ngentèni mantèn lanang nganti sak tekané. Tapi, para prawan sing bodho ora siap. Dadi, mantèn lanang ngomong nèk meréka ora éntuk mèlu pésta pernikahané. Awaké dhéwé ya kudu terus siap ngentèni nganti Yésus teka kanggo nyingkirké donya sing jahat iki. Ing perumpamaan soal talènta, ana loro budhak sing terbukti setya lan rajin. Meréka kerja keras kanggo majikané lan nggawé majikané seneng. Tapi, budhak sing males marakké majikané nesu. Apa pelajarané? Kudu terus sibuk nglayani Yéhuwah nganti akhir. Terus, mau ya wis dibahas nèk wong pilihan kudu terus jaga-jaga bèn akhiré ”digawa” Yésus kanggo nampa upahé ing swarga. Meréka ngentèni banget wektuné ”dikumpulké” bareng karo Yésus ing swarga. Sakwisé perang Armagédon, meréka bakal dadi mantèné Yésus ing pésta mantènané Anak Domba.—2 Tés. 2:1; Why. 19:9.

20. Yéhuwah bakal piyé karo wong-wong sing nggatekké pengingaté?

20 Wektuné Yésus ngadili kuwi mung tinggal sedhéla manèh. Tapi, awaké dhéwé ora perlu wedi. Nèk terus setya, Yéhuwah bakal ngekèki ”kekuwatan sing luar biasa” bèn awaké dhéwé ”isa ngadeg ing ngarepé Anaké manungsa”. (2 Kor. 4:7; Luk. 21:36) Ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, nèk nggatekké pengingat ing perumpamaané Yésus, awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng. Terus, merga Yéhuwah apikan banget, jenengé awaké dhéwé bakal ”ditulis ing” buku kehidupan.—Dan. 12:1; Why. 3:5.

APA SING ISA DIPELAJARI SAKA PERUMPAMAAN SOAL . . .

  • domba lan kambing?

  • prawan sing wicaksana lan sing bodho?

  • talènta?

LAGU 26 Kuwi kanggo Aku

a Deloken artikel ”Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé” ing Warta Penting Mei 2024.

b Nèk péngin ngerti luwih akèh, deloken artikel ”Apakah Saudara ’Tetap Berjaga-jaga’?” ing Menara Pengawal 15 Maret 2015.

c Deloken Warta Penting Januari 2020, halaman 29-30, paragraf 11-14.

d PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok sing nduwé harapan munggah swarga lagi mandhu pelajaran Alkitab karo mbak-mbak.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim