PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 September hlm. 26-31
  • Bahagia Merga Seneng Ngekèki

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bahagia Merga Seneng Ngekèki
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NIRU YÉHUWAH SING MURAH HATI
  • NÈK UPAYANÉ AWAKÉ DHÉWÉ KÉTOKÉ ORA DIHARGAI
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Yéhuwah Selalu Ana kanggo Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bèn Tambah Menikmati Nginjil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 September hlm. 26-31

ARTIKEL PELAJARAN 39

LAGU 125 ’Wong sing Nduwé Rasa Mesakké Kuwi Bahagia’

Bahagia Merga Seneng Ngekèki

”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”—KIS. 20:35.

INTI

Carané bèn isa tetep bahagia lan tambah bahagia wektu ngekèki.

1-2. Apa manfaaté merga awaké dhéwé dirancang isa ngrasa bahagia wektu ngekèki?

KÈT diciptakké, manungsa dirancang Yéhuwah bèn ngrasa luwih bahagia wektu ngekèki timbang wektu dikèki. (Kis. 20:35) Tapi, kuwi ora berarti nèk dikèki kuwi ora marakké bahagia. Nèk dikèki hadiah, mesthi njenengan bahagia, ta? Tapi, njenengan bakal luwih bahagia nèk ngekèki. Nah Yéhuwah ngrancang kaya ngono kuwi sakjané kanggo manfaaté awaké dhéwé. Kok isa?

2 Merga dirancang isa ngrasa bahagia wektu ngekèki, awaké dhéwé isa ngupayakké kebahagiaané awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa nggolèk akèh kesempatan kanggo ngekèki nèk péngin luwih bahagia. Kuwi hal sing luar biasa.—Mzm. 139:14.

3. Ngapa kok Yéhuwah disebut ”Gusti Allah sing bahagia”?

3 Merga ing Alkitab disebutké nèk wong sing seneng ngekèki kuwi wong sing bahagia, makané ora héran nèk Yéhuwah disebut ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Tim. 1:11) Dhèwèké kuwi sing pertama kali ngekèki, lan sing paling akèh ngekèki. Menurut Alkitab, ”Awaké dhéwé isa urip, obah, lan ana kuwi merga Dhèwèké.” (Kis. 17:28) Sakliyané kuwi, ”saben hadiah sing apik lan sing sampurna” asalé saka Yéhuwah.—Yak. 1:17.

4. Nèk péngin ngrasakké luwih akèh kebahagiaan, kudu piyé?

4 Nèk péngin ngrasakké luwih akèh kebahagiaan merga ngekèki, awaké dhéwé isa niru Yéhuwah sing murah hati. (Éf. 5:1) Ing artikel iki, ayo mbahas contoné Yéhuwah soal ngekèki, lan piyé bèn isa terus bahagia wektu ngekèki meskipun kétoké ora dihargai. Nèk ngetrapké saran-saran kuwi, awaké dhéwé isa tetep bahagia lan malah luwih bahagia wektu ngekèki.

NIRU YÉHUWAH SING MURAH HATI

5. Yéhuwah ngekèki apa kanggo awaké dhéwé?

5 Apa waé buktiné nèk Yéhuwah murah hati? Ana beberapa buktiné. Yéhuwah ngekèki sing awaké dhéwé butuhké. Mungkin sing awaké dhéwé duwèni ora selalu berlimpah, tapi Yéhuwah mesthi mastèkké kebutuhané awaké dhéwé tercukupi. Misalé panganan, pakaian, lan tempat tinggal. (Mzm. 4:8; Mat. 6:​31-33; 1 Tim. 6:​6-8) Tapi, Yéhuwah ngekèki kuwi dudu merga ngrasa nèk kuwi tanggung jawabé. Lha terus merga apa?

6. Apa sing isa dipelajari saka Matius 6:​25, 26?

6 Yéhuwah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé merga Dhèwèké sayang. Gatèkna omongané Yésus ing Matius 6:​25, 26. (Wacanen.) Yésus nyebutké conto soal manuk. Dhèwèké ngomong, ”Manuk-manuk kuwi ora nyebar benih, ora manèn, lan ora nyimpen panganan. Ning, Bapakmu ing swarga makani manuk-manuk kuwi.” Terus Yésus takon, ”Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk kuwi, ta?” Apa pelajarané? Yéhuwah nganggep umaté sing setya luwih berharga timbang kéwan. Nèk kéwan-kéwan waé diopèni, awaké dhéwé ya mesthi bakal diopèni. Kaya bapak sing nggatèkké kebutuhan keluargané, Yéhuwah ya bakal nyukupi kebutuhané umaté merga sayang.—Mzm. 145:16; Mat. 6:32.

7. Apa salah siji cara niru Yéhuwah sing murah hati? (Deloken gambar.)

7 Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya gelem ngekèki hal-hal sing dibutuhké wong liya merga sayang karo meréka. Misalé, apa njenengan ngerti ana sedulur seiman sing butuh panganan utawa pakaian? Njenengan isa dadi saranané Yéhuwah kanggo mbantu meréka. Umaté Yéhuwah dikenal tanggap merga langsung cepet ngekèki bantuan wektu ana bencana. Misalé, selama pandemi COVID-19, para sedulur padha ngekèki panganan, pakaian, lan barang-barang liyané kanggo sing mbutuhké. Terus, ya ana akèh sing nyumbang kanggo gawéan sak donya. Sumbangan kuwi isa dienggo mbantu para sedulur ing sak donya sing kena bencana. Para sedulur sing murah hati kuwi bener-bener ngetrapké kata-kata ing Ibrani 13:16: ”Aja lali nindakké apa sing apik lan murah hati karo wong liya. Tumindak kuwi kaya persembahan sing nggawé Gusti Allah seneng.”

Gambar: Para sedulur seneng ngekèki. 1. Sedulur wédok nyemplungké dhuwit ing kothak sumbangan. 2. Sedulur wédok nggawa buah lan sayur. 3. Sedulur lanang ngedumké air minum.

Kabèh umaté Yéhuwah isa niru Yéhuwah sing murah hati (Deloken paragraf 7)


8. Merga dikèki Yéhuwah kekuwatan, awaké dhéwé dadi isa ngapa waé? (Filipi 2:13)

8 Yéhuwah ngekèki kekuwatan. Yéhuwah nduwé kekuwatan sing ora ana batesé, lan Dhèwèké seneng ngekèki kekuwatané kanggo umaté sing setya. (Wacanen Filipi 2:13.) Apa njenengan tau ndonga njaluk kekuwatan bèn isa ngadhepi kesulitan utawa bèn isa nolak godhaan? Mungkin njenengan ya tau ndonga njaluk kekuwatan bèn paling ora isa menjalani dina kuwi. Wektu donga kuwi dijawab, njenengan mesthi ngrasakké kaya sing dirasakké Rasul Paulus sing nulis, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”—Flp. 4:13.

9. Apa waé contoné nggunakké kekuwatan kanggo mbantu wong liya? (Deloken gambar.)

9 Kekuwatané awaké dhéwé terbatas. Awaké dhéwé ya ora isa ngekèki kekuwatan kanggo wong liya kaya Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé tetep isa nggunakké kekuwatan utawa tenagané awaké dhéwé kanggo mbantu wong liya kaya Yéhuwah. Misalé, nèk ana sedulur sing wis lansia utawa lara-laranen, apa njenengan isa ngresiki omahé utawa blanja kanggo dhèwèké? Nèk sanggup, apa njenengan gelem mèlu ngresiki utawa ngrawat Balai Ibadah? Nèk gelem ngupayakké kuwi kabèh, kekuwatané awaké dhéwé isa bermanfaat kanggo para sedulur.

Sak keluarga njemput sedulur lansia teka ing pertemuan ibadah. Anaké meréka sing isih enom ngéwangi sedulur lansia kuwi mlebu mobil.

Nggunakké kekuwatan utawa tenaga kanggo mbantu wong liya (Deloken paragraf 9)


10. Piyé carané bèn kata-katané awaké dhéwé isa nguwatké wong liya?

10 Élinga nèk kata-katané njenengan ya isa nguwatké wong liya. Coba pikirna, ’Kira-kira, sapa sing isa tak puji bèn dhèwèké isa ngrasa dikuwatké? Apa ana sing lagi butuh dihibur?’ Bar kuwi, njenengan isa inisiatif marani wongé, nélpon, nge-chat, utawa ngirimi kartu utawa e-mail. Aja kuwatir nèk ngrasa ora pinter ngomong. Kadhang, sing dibutuhké kuwi kata-kata sederhana sing tulus saka ati. Kata-kata kaya ngono isa nguwatké para sedulur kanggo terus setya lan tetep semangat.—WB. 12:25; Éf. 4:29.

11. Wektu ngekèki kawicaksanané, Yéhuwah kuwi piyé?

11 Yéhuwah ngekèki kawicaksanan. Yakobus nulis, ”Nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana, dhèwèké kudu terus njaluk marang Gusti Allah bèn diwènèhi kawicaksanan, merga Gusti Allah bakal murah hati wektu mènèhké kuwi lan ora nggolèk-nggolèk salahmu.” (Yak. 1:5) Kawicaksanané Yéhuwah kuwi ora dipèk dhéwé. Yéhuwah murah hati gelem ngekèki kawicaksanané kanggo wong-wong. Wektu ngekèki kawicaksanané, Yéhuwah ora ’nggolèk-nggolèk salahé awaké dhéwé’. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ngrasa bersalah merga ngaku nèk butuh tuntunané. Dhèwèké malah ngongkon awaké dhéwé nggolèk tuntunané.—WB. 2:​1-6.

12. Apa waé contoné kesempatan awaké dhéwé isa ngekèki kawicaksanan kanggo wong liya?

12 Apa awaké dhéwé isa niru Yéhuwah ngekèki kawicaksanan kanggo wong liya? Ya, isa. (Mzm. 32:8) Ana akèh kesempatan kanggo kuwi. Misalé, nglatih para sedulur sing lagi waé dadi penginjil. Para pinituwa isa sabar nglatih abdiné jemaat lan sedulur lanang sing wis terbaptis carané nangani tugas-tugas ing jemaat. Terus, para sedulur sing wis trampil soal pembangunan lan perawatan bangunané organisasi ya isa ngajari sing liyané.

13. Wektu nglatih wong liya, apa buktiné nèk niru Yéhuwah?

13 Wektu nglatih, upayakna niru Yéhuwah. Élinga nèk Yéhuwah kuwi murah hati wektu ngekèki kawicaksanané. Makané, aja pelit-pelit mbagèkké pengetahuan lan pengalamané awaké dhéwé. Aja nganti merga wedi nèk wong sing dilatih kuwi mengko nggantèni awaké dhéwé, terus ilmuné ora dikèkké kabèh. Terus ya aja mikir, ’Mbiyèn ora ana sing ngajari aku. Dadi, bèn waé dhèwèké ajar dhéwé.’ Umaté Yéhuwah ora éntuk mikir kaya ngono. Malah, kanggo wong-wong sing lagi dilatih, awaké dhéwé ora mung seneng ngekèki pengetahuan, tapi ya nganti ”réla ngorbanké” apa waé kanggo mbantu dhèwèké. (1 Tés. 2:8) Awaké dhéwé ya péngin bèn dhèwèké akhiré isa ngajari sing liyané. (2 Tim. 2:​1, 2) Nèk kabèh umaté Yéhuwah murah hati ngekèki kawicaksanané, mengko kabèh ya isa dadi luwih wicaksana lan luwih bahagia.

NÈK UPAYANÉ AWAKÉ DHÉWÉ KÉTOKÉ ORA DIHARGAI

14. Nèk dikèki utawa diapiki, biasané wong bakal piyé?

14 Wektu awaké dhéwé ngekèki utawa melakukan sesuatu kanggo wong liya, terutama kanggo para sedulur, biasané meréka bakal menghargai. Mungkin meréka ngirimi kartu, utawa nduduhké rasa maturnuwuné nganggo cara-cara liya. (Kol. 3:15) Nèk upayané awaké dhéwé dihargai, awaké dhéwé bakal luwih bahagia.

15. Nèk kétoké ana sing ora menghargai, awaké dhéwé isa éling apa?

15 Tapi, kadhang ana sing ora menghargai upayané awaké dhéwé. Awaké dhéwé mungkin wis ngekèki wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo meréka, tapi meréka kétoké ora perduli. Nah nèk kaya ngono, piyé bèn ora kecéwa, tapi tetep bahagia? Élinga Kisah 20:35 sing dadi ayat téma artikel iki. Kebahagiaané awaké dhéwé wektu ngekèki ora bergantung karo tanggepané wong. Awaké dhéwé isa tetep bahagia wektu ngekèki meskipun kétoké ora dihargai. Nah, piyé bèn isa kaya ngono? Ayo nggatèkké beberapa carané.

16. Bèn isa terus bahagia wektu ngekèki, isa éling apa?

16 Élinga nèk wektu ngekèki kuwi lagi niru Yéhuwah. Ora soal dihargai apa ora, Yéhuwah selalu ngekèki sing apik-apik kanggo manungsa. (Mat. 5:​43-48) Yéhuwah janji, nèk awaké dhéwé seneng ngekèki ”tanpa ngarep-arep” dibales, mengko bakal ”nampa upah sing gedhé”. (Luk. 6:35) Dadi, ora perlu kecéwa nèk upayané awaké dhéwé ora dihargai. Nèk awaké dhéwé tetep ”bahagia wektu mènèhi”, Yéhuwah sing bakal mbales kebaikané awaké dhéwé.—WB. 19:17; 2 Kor. 9:7.

17. Bèn isa niru Yéhuwah, ing Lukas 14:​12-14 ana saran apa?

17 Bèn isa niru Yéhuwah wektu ngekèki, ana saran sing apik ing Lukas 14:​12-14. (Wacanen.) Mémang, ora salah nèk apikan utawa murah hati karo wong-wong sing ya isa mbales. Tapi, piyé nèk kerep ngekèki merga berharap dibales? Nèk ngono, coba trapna sarané Yésus ing ayat mau. Awaké dhéwé isa apikan utawa murah hati karo wong sing awaké dhéwé ngerti jelas-jelas ora isa mbales. Mengko awaké dhéwé bakal bahagia merga wis niru Yéhuwah. Nèk ora berharap dibales, awaké dhéwé ya bakal tetep bahagia wektu ngekèki meskipun ora dihargai.

18. Awaké dhéwé aja nganti ngapa, lan ngapa kok ora éntuk kaya ngono?

18 Aja langsung nganggep nèk wong kuwi ora nduwé maturnuwun. (1 Kor. 13:7) Nèk wong liya ora menghargai upayané awaké dhéwé, pikirna, ’Apa meréka mémang ora menghargai, utawa sakjané mung lali ngomong maturnuwun?’ Mungkin ana alesané ngapa kok tanggepané ora padha kaya sing awaké dhéwé karepké. Mungkin ana sing sakjané menghargai banget, tapi ora isa ngungkapkéné. Utawa, meréka mungkin isin merga saiki dibantu padahal mbiyèn meréka sing mbantu. Ora soal apa alesané, nèk sayang karo para sedulur, awaké dhéwé ora bakal mikir èlèk soal meréka, tapi tetep bahagia wektu ngekèki.—Éf. 4:2.

19-20. Ngapa kok kudu sabar? (Deloken gambar.)

19 Kudu sabar. Raja Salomo tau nulis, ”Uncalna rotimu ing banyu, lan sakwisé kuwi, kowé bakal nemokké kuwi manèh.” (Pkh. 11:1) Kaya sing disebutké ing ayat kuwi, upayané awaké dhéwé mungkin ora langsung dihargai, tapi dihargainé mungkin beberapa waktu ”sakwisé kuwi”. Gatèkna contoné ing pengalaman iki.

20 Pirang-pirang taun mbiyèn, bojoné pinituwa wilayah nulis surat kanggo nguwatké sedulur wédok sing lagi waé dibaptis, jenengé Sandra. Sandra disemangati bèn terus setya karo Yéhuwah. Kira-kira wolung taun bar kuwi, Sandra nulis surat kanggo bojoné pinituwa wilayah mau. Isiné: ”Aku péngin ngandhani njenengan. Tanpa njenengan sadhari, njenengan wis nguwatké aku selama pirang-pirang taun iki. . . . Aku tersentuh karo kata-kata ing [suraté njenengan]. Aku éling terus karo ayat sing njenengan sebutké.”a Bar nyritakké tantangan sing diadhepi, Sandra crita, ”Kadhang aku wis putus asa nganti péngin mandheg nglayani Yéhuwah. Tapi nèk éling ayat kuwi, aku dadi . . . semangat manèh. Selama wolung taun kuwi, sing paling nguwatké lan paling nyemangati aku ya suraté njenengan lan ayat kuwi.” Meskipun upayané ora langsung dihargai, bojoné pinituwa wilayah mau mesthi seneng nampa surat kuwi. Padha kaya ngono, bar melakukan sesuatu kanggo wong liya, ya isa waé upayané awaké dhéwé lagi dihargai suwé ”sakwisé kuwi”.

Gambar: 1. Bojoné pinituwa wilayah nulis kartu. 2. Sedulur wédok sing dikirimi maca kartuné. 3. Sedulur wédok kuwi kétok kesel ngurusi gawéan omah. 4. Sedulur wédok kuwi masak karo télpon. Anaké wédok loro sing isih cilik lungguh ing méja makan. 5. Pirang-pirang taun bar kuwi, bojoné pinituwa wilayah mau seneng maca surat sing isiné ucapan maturnuwun saka sedulur wédok kuwi.

Upayané awaké dhéwé isa waé lagi dihargai suwé ”sakwisé kuwi” (Deloken paragraf 20)b


21. Ngapa kok njenengan péngin terus niru Yéhuwah sing murah hati?

21 Kaya sing wis dibahas, Yéhuwah ngrancang awaké dhéwé bèn isa ngrasa luwih bahagia ngekèki timbang dikèki. Awaké dhéwé seneng wektu isa nulungi sedulur seiman. Terus wektu dihargai, awaké dhéwé ya seneng. Tapi, ora soal dihargai apa ora, awaké dhéwé isa tetep seneng merga ngerti nèk wis melakukan sing bener. Aja lali, nèk njenengan ngekèki, ”Yéhuwah isa mènèhi njenengan luwih akèh timbang kuwi”. (2 Bb. 25:9) Berkahé Yéhuwah kuwi luar biasa, lan kebahagiaan merga diberkahi Yéhuwah kuwi ora ana tandhingané. Ayo bertékad niru Yéhuwah sing murah hati.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok awaké dhéwé péngin seneng ngekèki?

  • Apa waé carané niru Yéhuwah sing murah hati?

  • Ora soal dihargai apa ora, piyé bèn isa tetep bahagia wektu ngekèki?

LAGU 17 ”Aku Gelem”

a Ayaté kuwi 2 Yohanes 8, sing isiné, ”Kowé kudu ngati-ati bèn kowé aja nganti ngrusak hasil gawéan sing wis tak upayakké tenanan ing antaramu. Dadi, kowé bakal nampa kabèh berkah sing wis disiapké Gusti Allah kanggo kowé.”

b PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang bojoné pinituwa wilayah nulis surat kanggo nguwatké sedulur wédok. Pirang-pirang taun bar kuwi, sedulur wédok mau nulis surat ngucapké maturnuwun.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim