ARTIKEL PELAJARAN 17
LAGU 99 Akèh Banget Umaté Yah
Yéhuwah Selalu Ana kanggo Njenengan
”Aku bakal nulungi kowé.”—YÉS. 41:10.
INTI
Patang cara Yéhuwah nduduhké nèk perduli.
1-2. (a) Saka endi ngertiné nèk njenengan sakjané ora dhèwèkan wektu ngadhepi masalah? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
WEKTU lagi ngadhepi masalah sing abot banget, njenengan mungkin ngrasa ora nduwé sapa-sapa. Seolah-olah kaya dhèwèkan numpak prau sing diterjang badai. Tapi sakjané, njenengan isih nduwé Yéhuwah. Yéhuwah ora mung ngerti kesusahané njenengan, tapi ya janji bakal mbantu. Yéhuwah ngomong karo umaté sing setya, ”Aku bakal nulungi kowé.”—Yés. 41:10.
2 Yéhuwah nulunginé piyé? Carané ana papat: (1) Ngekèki tuntunan, (2) nyedhiakké sing dibutuhké, (3) nglindhungi, lan (4) menghibur. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki. Yéhuwah ngyakinké nèk ora soal kesulitan apa waé sing diadhepi, Dhèwèké ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Yéhuwah selalu ana kanggo awaké dhéwé.
YÉHUWAH NGEKÈKI TUNTUNAN
3-4. Yéhuwah nuntuné piyé? (Mazmur 48:14)
3 Wacanen Mazmur 48:14. Yéhuwah ngerti nèk manungsa butuh tuntunané. Saiki Yéhuwah nuntuné piyé? Salah siji carané liwat Alkitab. (Mzm. 119:105) Ing Alkitab, Yéhuwah ngandhani carané bèn isa nggawé keputusan sing bener lan nduwé sifat-sifat kaya Dhèwèké. Nèk manut naséhat ing Alkitab, ora mung bahagia saiki, tapi ya nganti saklawasé.a Misalé, nèk ngetrapké naséhat bèn ora dendam, kudu jujur, lan tulus menyayangi wong liya, awaké dhéwé bakal dadi wong tuwa, bojo, lan kanca sing sifat-sifaté luwih apik.—Mzm. 37:8; Ibr. 13:18; 1 Ptr. 1:22.
4 Sakliyané kuwi, ing Alkitab ya ana kisahé wong-wong sing ngadhepi kesulitan lan ngrasakké perasaan sing padha kaya awaké dhéwé. (1 Kor. 10:13; Yak. 5:17) Saka kisah-kisah kuwi, mesthi ana pelajaran sing isa ditrapké. Nèk kuwi direnungké, ana loro manfaaté. Pertama, dadi ngerti nèk sing ngadhepi kesulitan kuwi ora mung awaké dhéwé thok, tapi ya ana wong liya sing wis berhasil ngadhepi. (1 Ptr. 5:9) Keloro, dadi ngerti apa sing perlu dilakukan bèn isa tetep bahagia meskipun ngadhepi masalah.—Rm. 15:4.
5. Yéhuwah isa ngekèki tuntunan liwat sapa waé?
5 Yéhuwah ya isa ngekèki tuntunan liwat para sedulur.b Misalé, para pinituwa wilayah ngunjungi jemaat-jemaat kanggo nyampèkké ceramah sing nguwatké iman lan marakké para sedulur tetep bersatu. (Kis. 15:40–16:5) Para pinituwa nggatèkké sedulur-sedulur ing jemaat bèn meréka isa tetep cedhak karo Yéhuwah. (1 Ptr. 5:2, 3) Wong tuwa ngajari anaké bèn sayang Yéhuwah, isa nggawé keputusan sing bener, aktif ing kegiatan rohani, lan bèn tingkah lakuné apik. (WB. 22:6) Terus, para sedulur wédok sing kuwat imané isa ngekèki conto, naséhat, lan nyemangati sedulur-sedulur wédok sing luwih enom.—Tit. 2:3-5.
6. Bèn isa éntuk manfaat saka tuntunané Yéhuwah, kudu piyé?
6 Yéhuwah wis ngekèki tuntunan bèn wong isa bahagia lan isa nggawé keputusan sing bener. Bèn isa éntuk manfaat saka tuntunan kuwi, ing Wulang Bebasan 3:5, 6 awaké dhéwé ’kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé ati, lan ora ngendelké pengetahuané dhéwé’. Hasilé, ”Dhèwèké bakal nggawé [awaké dhéwé] berhasil”. Kuwi berarti, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé ora ngalami akèh masalah lan isa luwih bahagia. Rasané mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah ngekèki tuntunan sing cocog kanggo saben umaté.—Mzm. 32:8.
YÉHUWAH NYEDHIAKKÉ SING DIBUTUHKÉ
7. Soal kebutuhan matèriné awaké dhéwé, Yéhuwah janji apa? (Filipi 4:19)
7 Wacanen Filipi 4:19. Sakliyané ngekèki tuntunan, Yéhuwah ya mberkahi kerja kerasé awaké dhéwé bèn isa nduwé panganan, pakaian, lan tempat tinggal. (Mat. 6:33; 2 Tés. 3:12) Mémang, wajar nèk kadhang kuwatir soal nyukupi kebutuhan matèri. Tapi, Yéhuwah ngomong bèn aja terlalu kuwatir. (Deloken keterangan tambahan Matius 6:25 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru Edisi Pelajaran.) Soalé, Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté sing setya. (Mat. 6:8; Ibr. 13:5) Janjiné Yéhuwah kanggo nyedhiakké kebutuhané umaté bener-bener isa dipercaya.
8. Piyé Yéhuwah nulungi Daud?
8 Gatèkna piyé Yéhuwah nulungi Daud. Selama bertaun-taun Daud dadi buronan merga arep dipatèni Raja Saul, Yéhuwah terus nyedhiakké kebutuhané Daud lan prajurité. Wektu ngrenungké manèh bantuané Yéhuwah kuwi, Daud nulis, ”Mbiyèn aku isih enom lan saiki aku wis tuwa, ning aku ora tau ndelok wong sing bener ditinggalké utawa anak-anaké njaluk-njaluk panganan.” (Mzm. 37:25) Kaya Daud, mungkin njenengan ya wis ndelok dhéwé piyé Yéhuwah selalu nyedhiakké kebutuhané umaté sing setya.
9. Piyé Yéhuwah nyedhiakké kebutuhané umaté saiki pas ana bencana? (Deloken gambar.)
9 Pas ana bencana, Yéhuwah ya nyedhiakké sing dibutuhké umaté. Misalé, pas jamané para rasul. Wektu ana kelaparan ing Yérusalèm, para sedulur saka panggonan liya padha ngirimi bantuan. (Kis. 11:27-30; Rm. 15:25, 26) Saiki, Yéhuwah ya nggerakké umaté bèn padha murah hati lan seneng ngekèki bantuan kanggo para sedulur sing kena bencana. Misalé meréka ngirimké panganan, banyu, pakaian, lan obat-obatan. Para sedulur ya ndandani omah-omah lan Balai Ibadah sing rusak. Sakliyané kuwi, meréka ya seneng menghibur lan nguwatké para sedulur sing kena bencana nganggo ayat-ayat ing Alkitab.c
Piyé Yéhuwah nguwatké lan menghibur umaté sing lagi kena bencana? (Deloken paragraf 9)e
10-11. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Borys?
10 Yéhuwah ya murah hati nyedhiakké sing dibutuhké wong-wong sing durung nglayani Dhèwèké. Nèk niru Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal nggolèk cara kanggo apikan karo wong-wong sing ora seiman. (Gal. 6:10) Kuwi mengko isa marakké meréka dadi péngin ngerti luwih akèh soal Yéhuwah lan umaté. Gatèkna pengalamané kepala sekolah ing Ukraina sing jenengé Borys. Meskipun Borys dudu Seksi Yéhuwah, dhèwèké selalu apikan karo murid-muridé sing Seksi. Merga ana perang, Borys ngungsi ing dhaérah sing luwih aman, lan para sedulur mbantu dhèwèké. Borys akhiré ya mèlu teka ing Peringatan kematiané Yésus. Wektu ngéling-éling sifat apikané para sedulur, Borys ngomong, ”Seksi Yéhuwah bener-bener apikan lan nggatèkké aku. Aku maturnuwun banget karo meréka.”
11 Awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah nèk selalu menyayangi wong-wong sing butuh bantuan, bahkan sing ora seiman. (Luk. 6:31, 36) Sapa ngerti kuwi isa marakké meréka dadi péngin ngerti luwih akèh soal Yéhuwah lan akhiré gelem nglayani Dhèwèké. (1 Ptr. 2:12) Tapi misalé meréka tetep ora gelem nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tetep bahagia merga wis gelem ngekèki.—Kis. 20:35.
YÉHUWAH NGLINDHUNGI
12. Piyé Yéhuwah nglindhungi umaté secara kelompok? (Mazmur 91:1, 2, 14)
12 Wacanen Mazmur 91:1, 2, 14. Saiki, Yéhuwah janji bakal nglindhungi umaté secara rohani. Sétan berupaya bèn umaté Yéhuwah ora nyembah nganggo cara sing Yéhuwah karepké. Tapi, Yéhuwah ora bakal ngejarké kuwi. (Yoh. 17:15) Terus, mengko pas ”sengsara gedhé”, umaté secara kelompok ora mung bakal dilindhungi bèn imané tetep kuwat, tapi ya bakal bener-bener dislametké.—Why. 7:9, 14.
13. Piyé Yéhuwah nglindhungi saben umaté?
13 Nah nèk kanggo saben umaté, Yéhuwah nglindhunginé piyé? Liwat Alkitab, Yéhuwah ngandhani sing bener lan sing salah. (Ibr. 5:14) Nèk pathokan ing Alkitab ditrapké, hasilé isa tetep akrab karo Yéhuwah, isa nggawé keputusan sing bener, terus uripé isa luwih bahagia lan séhat. (Mzm. 91:4) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya isa nglindhungi liwat para sedulur ing jemaat. (Yés. 32:1, 2) Nèk terus cedhak karo wong-wong sing sayang lan manut Yéhuwah, mengko bakal dikuwatké lan dadi luwih bertékad kanggo ngedohi sing ora bener.—WB. 13:20.
14. (a) Ngapa kok umaté Yéhuwah kadhang ya isih ngalami kesulitan? (b) Ana jaminan apa ing Mazmur 9:10? (Deloken cathetan ngisor.)
14 Mbiyèn, Yéhuwah kadhang nglindhungi umaté bèn ora cilaka utawa dipatèni. Tapi, Yéhuwah ora selalu melakukan kuwi. Umaté ya kadhang ngalami ”kedadéan sing ora disangka-sangka”. (Pkh. 9:11) Bahkan kanggo mbuktèkké nèk Sétan kuwi ngapusi, kadhang Yéhuwah ngejarké umaté dianiaya nganti mati. (Ayb. 2:4-6; Mat. 23:34) Saiki ya kaya ngono. Meskipun Yéhuwah ora ngilangké kabèh kesulitan sing diadhepi umaté, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté sing sayang karo Dhèwèké.d—Mzm. 9:10.
YÉHUWAH MENGHIBUR
15. Apa waé carané Yéhuwah menghibur? Jelasna. (2 Korintus 1:3, 4)
15 Wacanen 2 Korintus 1:3, 4. Wektu lagi sedhih, kuwatir, utawa tertekan, mungkin dadi ngrasa nèk ora nduwé sapa-sapa. Malah ya dadi mikir nèk ora ana sing isa memahami perasaané awaké dhéwé. Tapi sakjané, ana Yéhuwah. Yéhuwah ora mung paham perasaané awaké dhéwé, tapi ya gelem ’menghibur wektu ngalami akèh kesusahan’. Carané piyé? Wektu ndonga, Yéhuwah bakal ngekèki ”rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa”. (Flp. 4:6, 7) Wektu maca Alkitab, ya bakal diyakinké nèk Yéhuwah sayang banget, péngin awaké dhéwé isa wicaksana lan nduwé harapan. Terus wektu teka ing pertemuan ibadah, ya isa bergaul karo para sedulur lan isa dikuwatké liwat ceramah-ceramah sing dhasaré saka Alkitab.
16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Natan karo Priskila?
16 Piyé Yéhuwah nguwatké lan menghibur umaté liwat Alkitab? Gatèkna pengalamané Natan karo Priskila sing manggon ing Amerika Serikat. Mbiyèn, meréka pindhah ing panggonan sing butuh luwih akèh penginjil. Natan crita, ”Kami yakin nèk Yéhuwah mesthi mberkahi upayané kami.” Tapi bar tekan panggonan sing anyar, meréka ngerti-ngerti lara, terus angèl nggolèk gawéan. Natan karo Priskila akhiré kudu balik ing panggonan asalé, tapi ya isih tetep kesulitan ékonomi. Natan crita manèh, ”Aku mikir, ’Ngapa ya kok Yéhuwah ora mberkahi kami? Aja-aja aku wis melakukan sesuatu sing salah?’” Tapi akhiré, Natan karo Priskila sadhar nèk Yéhuwah ora ninggalké meréka pas susah. Natan ngomong manèh, ”Selama masa-masa sing susah kuwi, kami selalu éntuk kekuwatan lan tuntunan saka ayat-ayat ing Alkitab. Kami berupaya bèn ora fokus karo masalahé, tapi fokus karo bantuané Yéhuwah. Kuwi marakké kami yakin nèk Yéhuwah bakal terus mbantu kami.”
17. Piyé Yéhuwah menghibur Sedulur Helga? (Deloken gambar.)
17 Yéhuwah ya isa nguwatké liwat para sedulur. Gatèkna pengalamané Sedulur Helga sing manggon ing Hongaria. Selama puluhan taun, ana akèh kesulitan sing dhèwèké adhepi sing marakké dhèwèké ngrasa putus asa lan ora berguna. Wektu ngéling-éling masa-masa sing sulit kuwi, Helga sadhar nèk Yéhuwah selalu menghibur dhèwèké liwat para sedulur ing jemaat. Helga crita, ”Wektu aku kewalahan merga kudu kerja, ngopèni anakku sing lara, lan ngadhepi kesulitan liyané, Yéhuwah selalu nulungi aku. Selama 30 taun kuwi, Yéhuwah terus nepati janjiné kanggo menghibur aku. Para sedulur kerep ngirimi kartu lan pesan singkat sing isiné kata-kata sing nguwatké lan menghargai upayaku. Kerep-kerepé kuwi tepat waktu banget. Aku ngerti nèk mesthi Yéhuwah sing nggerakké meréka kanggo melakukan kuwi.”
Apa njenengan gelem dadi saranané Yéhuwah kanggo nguwatké lan menghibur wong liya? (Deloken paragraf 17)
18. Piyé carané menghibur wong liya?
18 Nèk niru Yéhuwah, wektu ana sing susah awaké dhéwé bakal ngrungokké tenanan, ngomong sing nguwatké, lan ngekèki bantuan. (WB. 3:27) Sing dibantu kuwi ya termasuk wong-wong sing durung nglayani Yéhuwah. Wektu ngerti ana wong ing sekitaré awaké dhéwé lagi sedhih, lara, utawa kuwatir, awaké dhéwé péngin marani, ngrungokké, lan nguwatké nganggo ayat-ayat ing Alkitab. Nèk niru Yéhuwah, ”Gusti Allah sing mènèhi penghiburan”, kuwi ora mung bermanfaat kanggo para sedulur bèn meréka terhibur, tapi ya marakké wong liya dadi péngin kenal Yéhuwah lan nyembah Dhèwèké.—Mat. 5:16.
YÉHUWAH BAKAL SELALU ANA
19. Yéhuwah piyé karo umaté sing lagi susah, terus nèk niru Yéhuwah, berarti awaké dhéwé bakal piyé?
19 Kaya wong tuwa sing sayang lan bener-bener perduli karo anaké, Yéhuwah ya perduli karo umaté sing setya. Wektu umaté lagi susah, Yéhuwah ora bakal ninggalké. Yéhuwah terus ngekèki tuntunan, nyedhiakké sing dibutuhké, nglindhungi, lan menghibur. Nèk niru Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal nguwatké lan menghibur wong liya sing lagi susah. Terus meskipun ngadhepi akèh masalah lan kesulitan, ya isa yakin karo janjiné Yéhuwah, ”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé.” (Yés. 41:10) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal selalu ana kanggo awaké dhéwé.
LAGU 100 Murah Hati lan Seneng Nampa Tamu
a Deloken artikel ”Buatlah Keputusan yang Menghormati Allah” ing Menara Pengawal 15 April 2011.
b Deloken artikel ”Terus Manut Tuntunané Yéhuwah” ing Warta Penting Februari 2024 paragraf 11-14.
c Nèk péngin ngerti berita sing paling anyar, ketiken ”bantuan kemanusiaan” ing kothak pencarian ing jw.org.
d Deloken ”Pitakonané Sing Maca” ing Warta Penting Februari 2017.
e PENJELASAN GAMBAR: Sedulur-sedulur ing Malawi sing kena bencana alam nampa bantuan kemanusiaan lan penghiburan.