ARTIKEL PELAJARAN 18
LAGU 65 Terus Maju
Cah-Cah Lanang, Tirunen Markus lan Timotius
”Tulung Markus dijak mréné, merga dhèwèké bakal mbantu aku wektu aku nindakké tugasku.”—2 TIM. 4:11.
INTI
Sing isa ditiru cah-cah lanang saka Markus lan Timotius bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah lan para sedulur.
1-2. Hal-hal apa sing sakjané isa waé dadi alesan kanggo Markus lan Timotius ora nglayani luwih akèh?
CAH-CAH lanang, apa kowé gelem berbuat luwih akèh kanggo Yéhuwah lan para sedulur? Kuwi hal sing apik, lan para sedulur mesthi ya seneng ndelok kuwi. (Mzm. 110:3) Tapi mungkin kowé ngrasa kuwi ora gampang. Isa waé kowé kuwatir merga mikir, ’Nèk aku milih nglayani luwih akèh, mengko aku piyé ya?’ Utawa mungkin kowé tau nolak tugas merga mikir ora bakal isa ngrampungi tugas kuwi. Nèk tau ngrasa kaya ngono, aja cilik ati. Ora mung kowé thok sing tau ngrasa kaya ngono.
2 Markus lan Timotius ya tau ngrasa kuwatir lan ora percaya diri. Tapi, meréka tetep milih nglayani luwih akèh. Sakdurungé diundang Rasul Paulus lan Barnabas kanggo ngancani ing perjalanan utusan injil sing pertama, kétoké Markus uripé nyaman. Dhèwèké manggon karo ibuné. (Kis. 12:12, 13, 25) Tapi Markus réla ninggalké omahé sing nyaman bèn isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. Awalé, Markus pindhah ing Antiokhia. Terus bar kuwi, ngancani Paulus lan Barnabas ing panggonan-panggonan sing luwih adoh. (Kis. 13:1-5) Wektu pertama kali dijak Paulus nglayani, kétoké Timotius ya isih manggon karo wong tuwané. Timotius ya isih enom, dadi isa waé ora percaya diri kanggo ngancani Paulus. (Bandhingna 1 Korintus 16:10, 11 lan 1 Timotius 4:12.) Tapi, dhèwèké milih mèlu Paulus lan ngrasakké akèh berkah.—Kis. 16:3-5.
3. (a) Saka endi ngertiné nèk Paulus menghargai kerja kerasé Markus lan Timotius? (2 Timotius 4:6, 9, 11) (Deloken gambar.) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Markus lan Timotius éntuk akèh pengalaman lan pelajaran berharga merga kèt enom wis nampa akèh tanggung jawab ing jemaat. Paulus menghargai banget kerja kerasé meréka. Buktiné, pas arep mati, Paulus njaluk ditemoni Markus lan Timotius. (Wacanen 2 Timotius 4:6, 9, 11.) Apa sing marakké Paulus sayang banget karo Markus lan Timotius? Piyé cah-cah lanang saiki isa niru meréka? Terus, apa manfaaté naséhaté Paulus kanggo cah-cah lanang saiki?
Paulus sayang banget karo Markus lan Timotius merga meréka gelem nampa akèh tanggung jawab kèt isih enom (Deloken paragraf 3)b
TIRUNEN MARKUS SING SENENG BERBUAT LUWIH AKÈH
4-5. Apa buktiné nèk Markus kuwi wong sing seneng nglayani?
4 Menurut salah siji réferènsi, wong sing seneng nglayani kuwi gelem berbuat luwih akèh kanggo nulungi wong liya, meskipun kadhang ora gampang. Markus kuwi wong sing kaya ngono. Sakjané, Markus isa waé lara ati merga Paulus wegah nèk Markus mèlu ing perjalanan utusan injilé sing keloro. (Kis. 15:37, 38) Apa kuwi marakké Markus ora gelem manèh berbuat luwih akèh kanggo para sedulur? Ora.
5 Bareng karo Barnabas sepupuné, Markus nglayani ing dhaérah liya. Kira-kira 11 taun bar kuwi, Markus disebutké termasuk salah siji sedulur sing nyemangati Paulus wektu dipenjara ing Roma. (Flm. 23, 24) Paulus bener-bener menghargai dhukungané Markus nganti nyebut Markus kuwi ”sing menghibur” dhèwèké.—Kol. 4:10, 11.
6. Markus éntuk manfaat apa merga bergaul karo para sedulur sing wis setya nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun? (Deloken cathetan ngisor.)
6 Markus éntuk akèh manfaat merga bergaul karo sedulur-sedulur sing wis setya nglayani selama bertaun-taun. Bar beberapa waktu ngancani Paulus ing Roma, Markus kerja sama karo Rasul Pétrus ing Babilon. Hubungané meréka akrab banget nganti Pétrus nyebut Markus ’kaya anaké dhéwé’. (1 Ptr. 5:13) Selama kerja sama, kétoké Pétrus kerep crita soal Yésus pas Yésus ing bumi. Kisah kuwi akhiré ditulis Markus ing Injil Markus.a
7. Critakna piyé Sedulur Seung-Woo niru contoné Markus. (Deloken gambar.)
7 Markus terus aktif, semangat, lan tetep cedhak karo para sedulur sing kuwat imané. Cah-cah lanang, piyé kowé isa niru Markus? Nèk kowé péngin éntuk tugas tambahan ing organisasi tapi saiki durung éntuk, aja putus asa. Terusa berbuat luwih akèh kanggo Yéhuwah lan para sedulur. Gatèkna pengalamané Seung-Woo sing saiki nglayani dadi pinituwa. Pas isih enom, dhèwèké seneng mbandhing-mbandhingké. Nèk ana sing éntuk tugas tambahan tapi dhèwèké durung, dhèwèké dadi kecéwa. Tapi, sing dhèwèké rasakké kuwi dicritakké ing para pinituwa. Ana siji pinituwa sing nyaranké bèn dhèwèké terus berbuat luwih akèh meskipun ora ana sing ndelok upayané. Seung-Woo ngetrapké naséhat kuwi. Dhèwèké njemput para lansia lan sedulur liyané sing butuh tumpangan kanggo mangkat ing pertemuan ibadah. Wektu ngéling-éling soal kuwi, Seung-Woo crita, ”Aku dadi bener-bener paham nglayani kuwi maksudé piyé. Kebahagiaan sing tak rasakké kuwi merga seneng nulungi para sedulur.”
Apa manfaaté nèk cah-cah lanang kerep bergaul karo sedulur-sedulur sing wis setya nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun? (Deloken paragraf 7)
TIRUNEN TIMOTIUS SING PERDULI KARO WONG LIYA
8. Ngapa kok Timotius sing dipilih Paulus kanggo ngancani dhèwèké? (Filipi 2:19-22)
8 Paulus tau dianiaya ing beberapa kutha. Nah, saiki dhèwèké arep marani para sedulur ing kutha-kutha kuwi manèh. Makané, dhèwèké butuh kanca sing kendel. Awalé, dhèwèké milih Silas sing wis berpengalaman. (Kis. 15:22, 40) Bar kuwi, Paulus ya milih Timotius. Ngapa kok Timotius sing dipilih? Salah siji alesané merga réputasiné Timotius apik. (Kis. 16:1, 2) Terus, Timotius ya tulus perduli karo wong liya.—Wacanen Filipi 2:19-22.
9. Apa buktiné nèk Timotius bener-bener perduli karo para sedulur?
9 Kèt awal kerja sama karo Paulus, Timotius wis nduduhké nèk luwih perduli karo wong liya timbang diri sendiri. Wektu kuwi Paulus arep lunga ninggalké Béréa. Tapi, Timotius lan Silas dikon tetep ing kono. Paulus yakin nèk Timotius mesthi bakal nggatekké para sedulur sing anyar ing kutha kuwi. (Kis. 17:13, 14) Timotius ya mesthi bakal akèh belajar saka Silas. Nah bar kuwi, Paulus ngongkon Timotius lunga dhèwèkan ing Tésalonika kanggo nguwatké para sedulur. (1 Tés. 3:2) Selama 15 taun bar kuwi, kasih sayangé Timotius kanggo para sedulur semakin gedhé. Kadhang dhèwèké bahkan ”nangis karo wong sing nangis”. (Rm. 12:15; 2 Tim. 1:4) Piyé cah-cah lanang isa niru contoné Timotius?
10. Apa sing diupayakké Sedulur Woo Jae bèn isa luwih perduli karo wong liya?
10 Gatèkna pengalamané Sedulur Woo Jae. Dhèwèké kudu ngupaya kanggo luwih perduli karo wong liya. Pas remaja, Woo Jae ngrasa angèl kanggo mulai omong-omongan karo para sedulur lansia. Dadi pas teka ing Balai, dhèwèké mung nyapa thok lan ora ngobrol. Woo Jae akhiré ngetrapké saran saka pinituwa. Woo Jae dikandhani, nèk péngin isa mulai omong-omongan, Woo Jae dikon ngungkapké apa sing dhèwèké hargai saka para sedulur. Pinituwa kuwi ya nyaranké Woo Jae bèn mikirké hal apa sing menarik kanggo sedulur sing dijak omong kuwi. Woo Jae saiki nglayani dadi pinituwa. Dhèwèké crita, ”Saiki aku luwih gampang omong-omongan karo kabèh wong, ora soal umuré pira. Aku seneng soalé isa luwih memahami para sedulur. Merga ngerti apa sing meréka butuhké, aku dadi isa ngekèki bantuan sing cocog.”
11. Apa waé carané cah lanang isa mbuktèkké nèk perduli karo para sedulur ing jemaat? (Deloken gambar.)
11 Cah-cah lanang ya isa berupaya kanggo luwih perduli karo wong liya. Ing pertemuan ibadah, cobaa omong-omongan karo kabèh sedulur, ora soal sing enom utawa tuwa. Takona kabaré, terus rungokna tenanan. Mungkin saka omong-omongan kuwi, kowé dadi isa ngerti apa sing meréka butuhké. Misalé, kowé mungkin isa mbantu sedulur lansia karo bojoné sing kesulitan nggunakké aplikasi JW Library® ing HP utawa tablèté. Utawa, mungkin kowé dadi isa ngatur wektu kanggo janjian karo sedulur lansia sing butuh kanca dienggo nginjil. Nèk kowé nduwé inisiatif nulungi para sedulur, kowé bakal dadi conto sing apik ing jemaat.
Ana akèh sing isa dilakukan cah-cah lanang kanggo mbantu para sedulur ing jemaat (Deloken paragraf 11)
MANFAAT NASÉHATÉ PAULUS KANGGO CAH LANANG SAIKI
12. Piyé bèn cah-cah lanang isa éntuk manfaat saka naséhaté Paulus kanggo Timotius?
12 Mbiyèn, Paulus ngekèki Timotius naséhat bèn Timotius isa berbuat luwih akèh kanggo Yéhuwah lan isa luwih bahagia. (1 Tim. 1:18; 2 Tim. 4:5) Nah, bèn cah-cah lanang ya isa éntuk manfaat saka naséhat kuwi, kudu piyé? Wacanen loro suraté Paulus kanggo Timotius. Bayangna nèk surat kuwi ya dienggo kowé. Terus, renungna carané ngetrapké. Ayo mbahas beberapa conto naséhaté.
13. Bèn isa ”ngabdi marang Gusti Allah”, apa sing kudu dilakukan? Jelasna.
13 ”Kowé kudu ngupaya tenanan bèn isa ngabdi marang Gusti Allah.” (1 Tim. 4:7b) Wong sing ”ngabdi marang Gusti Allah” kuwi maksudé wong sing setya lan melakukan hal-hal sing nggawé Yéhuwah seneng. Sayang lan setya karo Yéhuwah kuwi dudu gawan bayi. Makané, kuwi kudu diupayakké tenanan. Ing basa Yunaniné, istilah ”kudu ngupaya tenanan” maksudé ’kudu nglatih awak’. Kuwi kaya atlét sing latihan tenanan sakdurungé lomba. Bèn isa menang, dhèwèké kudu bener-bener disiplin karo jadwal latihané. Nah, awaké dhéwé kudu terus fokus melakukan hal-hal sing isa marakké tambah cedhak karo Yéhuwah.
14. Apa tujuané wektu maca Alkitab? Kèkana conto.
14 Kowé kudu maca Alkitab saben dina, lan éling nèk tujuané kuwi bèn isa tambah cedhak karo Yéhuwah. Misalé, wektu maca kisahé Yésus karo cah lanang sing sugih, apa sing isa mbok pelajari soal Yéhuwah? (Mrk. 10:17-22) Cah lanang kuwi percaya nèk Yésus kuwi Mésias, tapi isih ragu-ragu kanggo dadi muridé. Meskipun ngono, Yésus ”nresnani” dhèwèké. Saka omongané Yésus sing apikan, kétok banget nèk Yésus péngin bèn cah lanang kuwi nggawé keputusan sing bener. Nah, perasaané Yésus padha karo Yéhuwah. (Yoh. 14:9) Selama ngrenungké kisah iki, coba pikirna, ’Sesuai situasiku, apa sing isa tak lakukan bèn isa luwih cedhak karo Yéhuwah?’
15. Ngapa kok cah-cah lanang kudu dadi conto kanggo wong liya? Misalé piyé? (1 Timotius 4:12, 13)
15 ”Kowé kudu dadi conto kanggo wong-wong sing setya.” (Wacanen 1 Timotius 4:12, 13.) Paulus ngandhani Timotius bèn ora mung trampil maca lan mulang, tapi ya kudu nduwé sifat-sifat kaya ’katresnan, iman, lan tumindak sing resik’. Soalé, sing dilakukan wong kuwi luwih penting timbang sing diomongké. Misalé ngéné, kowé éntuk tugas nyampèkké ceramah soal semangat nginjil. Nèk kowé dhéwé wis ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil, kowé bakal luwih percaya diri wektu nyampèkké kuwi. Sing ngrungokké ya bakal luwih tergerak ngetrapké soalé wis ndelok dhéwé kowé ya ngetrapké kuwi.—1 Tim. 3:13.
16. (a) Ing 1 Timotius 4:12, cah-cah lanang isa dadi conto ing limang hal apa? (b) Piyé bèn cah lanang isa dadi conto soal ’omongan’?
16 Ing 1 Timotius 4:12, Paulus nyebutké limang hal sing isa diupayakké cah lanang bèn meréka isa dadi conto. Hal-hal kuwi isa mbok dadèkké bahan pelajaran pribadimu. Misalé, nèk péngin dadi conto soal ’omongan’. Pikirna apa waé sing isa mbok upayakké bèn omonganmu isa nguwatké wong liya. Nèk isih manggon karo wong tuwamu, apa kowé isa luwih kerep ngucapké maturnuwun karo meréka? Pas ngibadah, apa kowé isa ngupaya njawab nganggo kata-katamu dhéwé? Sakwisé pertemuan ibadah, sakliyané ngucapké maturnuwun kanggo sedulur sing éntuk bagian, apa kowé ya isa ngandhani hal spésifik sing mbok senengi saka bagiané? Nèk ngupaya tenanan dadi conto soal omongan, wong liya bakal isa ndelok nèk kowé dadi wong Kristen sing luwih apik.—1 Tim. 4:15.
17. Bèn tujuan rohaniné isa tercapai, apa sing isa diupayakké cah-cah lanang? (2 Timotius 2:22)
17 ”Kowé kudu ngedohi kepénginané cah enom. Ning, kowé kudu ngupaya nindakké apa sing bener.” (Wacanen 2 Timotius 2:22.) Paulus ngélikké Timotius bèn aja nganti ora fokus manèh karo tujuan rohaniné lan aja nganti hubungané karo Yéhuwah dadi ora akrab. Ana hal-hal sing sakjané mungkin ora salah, tapi isa waé marakké kowé dadi ora nduwé wektu kanggo melakukan hal-hal rohani. Misalé, pikirna apa wektumu entèk dienggo olahraga, internètan, utawa main game? Apa wektumu kuwi sakjané isa dienggo melakukan kegiatan rohani misalé mèlu resik-resik Balai Ibadah, utawa mèlu nginjil ing panggonan umum? Nèk semangat mèlu kegiatan rohani, kowé bakal éntuk kanca-kanca sing apik. Meréka isa nyemangati kowé bèn berbuat luwih akèh kanggo Yéhuwah lan tujuan rohanimu ya isa tercapai.
BERKAHÉ NÈK NGLAYANI LUWIH AKÈH
18. Apa buktiné nèk Markus lan Timotius uripé puas lan bahagia?
18 Bèn isa nglayani luwih akèh, Markus lan Timotius nggawé akèh pengorbanan. Tapi, kuwi marakké meréka bahagia lan dadi nduwé akèh pengalaman sing nyenengké. (Kis. 20:35) Nèk Markus, dhèwèké dadi isa lunga ing panggonan-panggonan sing adoh kanggo nguwatké para sedulur. Dhèwèké ya nulis kisahé Yésus wektu nglayani ing bumi. Nèk Timotius, dhèwèké mbantu Paulus mbentuk jemaat-jemaat anyar lan nguwatké para sedulur. Yéhuwah mesthi seneng banget ndelok pengorbanané Markus lan Timotius kanggo Dhèwèké.
19. Ngapa kok cah-cah lanang kudu nggatèkké naséhaté Paulus kanggo Timotius, lan apa hasilé nèk ngetrapké naséhat kuwi?
19 Saka surat-suraté, kétok jelas nèk Paulus sayang banget karo Timotius. Merga Yéhuwah sing ngongkon Paulus nulis surat-surat kuwi, dadi sakjané isi surat kuwi ya nduduhké perasaané Yéhuwah kanggo cah-cah lanang saiki. Yéhuwah sayang banget lan péngin meréka bahagia nglayani Dhèwèké. Dadi, cah-cah lanang, trapna naséhaté Paulus lan ngupayaa berbuat luwih akèh kanggo para sedulur. Kowé bakal ngrasakké bahagia saiki lan isa ”nduwé harapan sing kuwat kanggo urip sing saktenané”.—1 Tim. 6:18, 19.
LAGU 80 ”Deloken lan Rasakna Nèk Yéhuwah Kuwi Apikan”
b PENJELASAN GAMBAR: Markus nyiapké kebutuhané Paulus lan Barnabas selama perjalanan utusan injilé. Timotius ngunjungi jemaat-jemaat kanggo nguwatké para sedulur.